Subscribe Us

"Kewajiban Bektos Dumateng Tiyang Sepah" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 26 Mei 2017

11 Kewajiban Berbakti Kepada Orangtua

Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.

Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saestu nggih punika nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing dunya punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi kita tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin.


Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Allah SWT sampun ngendika:
وَماَ خَلَقْتُ الْجِنَّ وَ اْلإِنْسَ إِلاَّ لِيَعْبُدُوْنِ

Ingkang artosipun: “Aku ora ndadekake bangsa jin lan manungsa kejaba supaya ngawula maring Ingsun (Allah SWT”) Allah ugi ngendiko wonten ing surat An-Nisa’ 36 ingkang artosipun : “ Ngabektiyo siro kabeh marang Allah SWT lan aja sira kabeh pisan-pisan nyekutoake Allah marang liyane lan gaweo kabecikan marang wong tuwa loro, kerabat, anak-anak yatim, wong-wong fakir miskin, tangga kang cedak lan adoh, kanca akrab, ibnu sabil lan hamba sahayamu.  Sak temene Allah iku ora seneng tumrap wong kang sombong bangga marang awak dewene”.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Sak sampunipun Allah merintah ngabekti dumateng Allah, lajeng dipun susul kaliyan perintah ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih, lan punika wajib kita lampahi kanti ikhlas. Menawi kita penggalih, raos welas, raos asih ingkang ageng, ingkang kita raosaken, sak sampunipun welasipun Allah, punika raos welas asihipun tiyang sepah kekaleh marang putra-putrinipun. Pramila kanthi punika, bektos dumateng tiyang sepuh kekalih dumawah persis sak sampunipun bekti dumateng Allah SWT.

Kita saged mangertosi rekasanipun ibu nalikaning ngandut, lajeng sak sampunipun putra lahir, Ibu kanthi ikhlas dhahar ingkang anyep-anyep, saha ingkang sarwo pahit   kados jamu-jamu lan saksanesipun, supados putranipun tetap sehat wal afiyat. Nalika tiyang sepuh sare, wungu sebab mirengaken tangisipun bayi lan sak panunggalanipun. Semanten ugi bapak ngupados nafkah saha biaya ingkang halal  ingkang mboten etangan. Kulit rumiyen kuning lajeng dados cemeng geseng, badan rumiyen ageng kadang kantun balung kaliyan kulit. Sebab ngeraosaken awratipun pados nafaqoh. Pramilo Sampun sak mestinipun kita ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih lan jagi hak-hakipun

Allah sampun dawuh wonten ing surat Luqman: 14:
Ingkang artosipun: “ Lan tak perintahake marang menungso kabeh supoyo agawe becik marang wong tuwo lorone, ibune wis ngandut kanthi lemes lan tambah-tambah, lan nyapih sak wuse 2 tahun, syukuro marang Aku (Allah) lan marang wong tuwo loromu, lan namung marang Aku ( Allah) siro bakal bali”. ( Qur’an Surat Lukman: 14).

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa - Mila mangga, menawi tiyang sepuh kita sami taksih sugeng kedah kita mulya’aken, kita hormati, kita wajib taat dateng perintahipun ingkang boten nyimpang saking syari’at Islam. Nebihi sedaya ingkang dadosaken kuciwa manahipun tiyang sepah kekalih, sebab.... saged kita tingali ing zaman akhir sak punika kathah sanget, putro wantun dumateng tiyang sepah kekalihipun, jangkar, kirang tatakrama, kadang malah kebablasen ngantos niya’-niyaaken ibu bapakipun, na’udzubillahi min dhalik. Prasasat tiyang kalawau sampun nglampahi dosa ingkang ageng, anamung piyambakipun mboten kraos, Rasululloh paring dawuh :
أَكْبَر الْكَبَائر الآشْرَكُ بالله وقَتْل النفْس وَعُقُوْقُ الوَلدَيْن وَقَوْل الزُوْر (رواه البخاري)

Artosipun : dosa-dosa ingkang paling ageng inggih puniko :
1.      Nyekutoaken dateng Allah swt.
2.      Mateni dateng awak-awakan
3.      Duroko dateng tiyang sepah kekalih
4.      Guneman Awon utawi pendusta (Hadits Sahih 152)


Ahli jum’at Ingkang Tinuhu kinebekten
Khutbah Jum’at Bahasa Jawa - Menawi midherek pangadikaning rasul bilih birrul walidain punika anggadahi khikmah ingkang ageng sanget, nuwun inggih saged ndatengaken kabejan kagem piyambakipun ugi Alloh nambahi dateng umuripun :
مَنْ بَر وَالده طُوبَي لَهُ وَزَادَ اللهُ في عُمُره (رواه البخاري)
Artosipun : Sopo wong kang agawe bagus marang wong tuwo lorone, mongko bakal bejo lan Alloh bakal ndawa’ake umure (hadits shoheh 164)

Kosok wangsulipun menawi tiyang punika mboten kerso mbeciki dateng tiyang sepah kekalih, tentu Alloh mboten bade ridho dumateng piyambakipun. Tiyang ingkang kados mekaten termasuk tiyang ingkang rugi, keranten mboten waged mlebet suwarganipun  Alloh swt. Mekaten punika miderek pengendikanipun Rasulullah SAW. :

أرْبَعُ حَق علي الله أن لآ يُدخلهُمْ الجَنَةَ وَلآيُديقهم  نَعيْمَهَا : مُدْمنُ خَمْر، وأكيل الربا، وَأكلُ مَال اليَتيْم بغَيْر حَق، والعَاقُ لوَالدَيْه  (رواه الحاكم)
Artosipun : Sekawan haq menggah Alloh, Alloh mboten bade nglebetaken suwargo, lan mboten bade ngraosaken nikmatipun suwargonipun Alloh : tiyang sekawan puniko.......
1.   Peminum khomer utawi pemabuk
2.   Pemakan harta riba termasuk rentenir
3.   Pemakan bandonipun anak yatim tanpa hak
4.   Tiyang ingkang wanton nyakiti dateng tiyang sepah kekalih.

Menawi  kita tingali sangking hadits punika, sok sinten to tiyange ingkang wantun dateng tiyang sepahipun mongko tiyang kasebat ampun ngajeng- ngajeng dateng suwarganipun Alloh swt.
Milo Minongko akhir khutbah, mangga kita tansah enget bilih ridhonipun Allah punika tergantung ridhonipun tiyang sepah kekalih, semanten ugi bendunipun Allah wonten bendunipun tiyang sepah kekalih.
رضي الله برض الولدين وسخط الله في سخط الوالدين
Menawi tiyang sepuh kita sami taksih sugeng kedah kita mulyaaken, taat marang perintahipun ingkang boten nyimpang saking syari’at Islam. Menawi sampun sumare mangga kita do’aaken minongko bektinipun putro dumateng tiyang sepah kekalih.


Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.
Ahiripun...... Mugi-mugi kita kagolong tiyang ingkang taat dumateng Allah, dumateng rosul lan bekti dateng tiyang sepah kekalih. Amin...

اَعُوْذُ باِلله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ.
وَقَضى رَبُّكَ أَنْ لاَ تَعْبُدُوْا إِلاَّ إِياَّهُ وَباِلْوَالِدَيْنِ إِحْساَناً إِماَّ يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ اْلكِبَرَ أَحَدَهُمَا أَوْ كِلاَهُمَا أُفٍّ وَلاَ تَنْهَرْهُماَ وَقُلْ لهَمُاَ قَوْلاً كَرِيْماً.
باَرَكَ اللهُ ليِ وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ
وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ
وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم
أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات
وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.

Khutbah Kedua :
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ



DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017


Posting Komentar

0 Komentar