Subscribe Us

"6 Adab Dinten Jumat" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 18 Agustus 2017


- khutbah pertama - 
إن الحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونعوذ بالله من شرور أنفسنا وسيئاتأعمالنا من يهده الله فلا مضل له ومن يضلل فلا هادي له أشهد أن لا إله إلاالله وأشهد أن محمدا عبده ورسوله

ياأيها
 الذين آمنوا اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون

ياأيها
 الناس اتقوا ربكم الذي خلقكم من نفس واحدة وخلق منها زوجها وبثمنهما رجالا كثيرا ونساء واتقوا الله الذي تساءلون به والأرحام  إن الله كانعليكم رقيبا

ياأيها
 الذين آمنوا اتقوا الله وقولوا قولا سديدا يصلح لكم أعمالكم ويغفرلكم ذنوبكم ومن يطع الله ورسولهفقد فاز فوزا عظيما، أما بعد ...

فأن
 أصدق الحديث كتاب الله، وخير الهدى هدى محمد صلى الله عليه وسلم، وشر الأمور محدثاتها، وكلمحدثة بدعة وكل بدعة ضلالة، وكل ضلالة في النار.

Ing sepindah kula paring wasiat dumateng awak kula piyambak sumbrambah dumateng para jamaah sedaya mangga kita tetep taqwa dumateng Allah Ta’ala ugi nambahi raos syukur amargi kathah nikmat ingkang sampun dipunanugerahaken dumateng kita, Allah Ta’ala sampun paring anugerah dumateng kita din (agama) ingkang mulia inggih punika Islam. Allah sampun paring kasampurnan ugi ridha Islam dados agama kita ugi saktemenipun Allah sampun nyempurnakaken nikmatnipun dumateng kita sedaya.
الْيَوْمَ أَكْمَلْتُ لَكُمْ دِينَكُمْ وَأَتْمَمْتُ عَلَيْكُمْ نِعْمَتِي وَرَضِيتُ لَكُمُ اْلإِسْلاَمَ دِينًا
“Dina iki wis taksempurnakna kanggo ira agama ira lan wis tak cukupna kanggo ira nikmatKu, lan Aku paring ridha Islam dadi agama ira. (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Al Maidah ayat 3)

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

“Adab Dinten Jum’at Ingkang Utama”

 

tinulis dening : Jengkar Abi Ahya | sumber : www.jengkar.com

Sejatosipun Allah sampun paring keistimewaan umatipun Nabi Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam saking umat sanesipun, kados Allah sampun paring dinten ingkang agung inggih punika dinten Jumat. Kathah kautamaan wonten ing dinten Jumat kados ingkang sampun kasebat wonten satunggaling hadits ingkang dipun riwayataken dening Muslim wonten kitab shahihipun saking Abi Hurairah lan Hudzaifah radhiyallahu’anhuma “Allah wis ngrahasiakake dina Jumat saka umat sakdurunge kita, mangka wong-wong Yahudi duweni dina Sabtu, wong-wong Nashrani duweni dina Ahad mangka Allah wis dadekna umat iki trus Panjenenganipun paring dina Jumat iki, mangka den urutake dadi Jumat, Sabtu, Ahad. Mengkono iku wong-wong bakal melu kita ing dina kiamat, kita umat kang pungkasan ing donya iki ananging bakal dadi kang sepisan ing dina kiamat, kang bakal diputusake perkarane sakdurunge makhluk liyane” (HR Riwayat Muslim no 856)
Wonten hadits sanes Rasulullah paring sabda “Dina paling apik tekaning surya yaiku ing dina Jumat, ana ing dina iku Adam diciptakna, ana ing dina iku uga dilebokna swarga lan dina iku uga ditokna saka swarga” (HR Muslim no : 854). Diantaranipun kautaman dinten Jumat inggih Allah dadosaken dinten punika dinten riraya kagem Kaum Muslim, saking Ibnu Abbas ngriwayataken Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam paring sabda : “Saktemene dina iki dina riraya, Allah dadekake istimewa kanggo wong-wong Muslim, mangka sapa wonge mangkat Shalat Jumat supaya adus” (Ibnu Majah No :1098)
Wonten dinten Jumat punika saat doa badhe dipun ijabahi, nggih punika saat satunggaling hamba ingkang nenuwun dumateng Allah mesti bakal dipunkabulaken hajatipun. Saking Abi Hurairah, Nabi Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam paring sabda “Saktemene ing dina Jumat ana sijining saat kang ora bakal wong Muslim nemoni lan wong iki ana ing keadaan jumeneng shalat terus nenuwun dumateng Allah Ta’ala salah sijining kabecikan mangka Allah bakal ngabulake, lan panjenenganipun paring pitedah saking tangan bilih wekdal punika namung sekedhik” (HR. Muslim No : 852 lan Bukhari No : 5294)
Para benten pendapatipun wonten salah satunggaling ingkang berpendapat kedadosanipun ba’da Ashar, kados ingkang dipun riwayataken dening An Nasa’I lan Jabir bilih Nabi Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam paring sabda, “Dina Jumat iku rolas jam, ora bakal sijing hamba kang Muslim nenuwun marang Allah sijining perkara ana ing dina iku kajaba Allah bakal paring ijabah marang hamba iku mau, mangka golekana saat iku ana ing akhir waktu Ashar” (HR. An Nasa’I No.1389)

Diantaranipun kautaman dinten Jumat punika inggih bakal dihapus sedaya dosa-dosa, saking Abi Hurairah bilih Nabi Muhammad nate paring sabda, “Shalat lima waktu, Jum’at tumuju Jum’at liyane lan Ramadhan tumuju Ramadhan liyane iku dadi pangapus dosa ing antara saat loro iku mau yen dosa-dosa gedhe diadohi” (HR. Muslim No.233)

Diantaranipun adab-adab dinten Jum’at ingkang perlu dipun jaga tiyang-tiyang mukmin inggih punika :
1. Dipun sunnahaken kagem Imam maos الم تنزيل inggih punika Surat As Sajdah lan Surat Al Insan wonten ing shalat Fajar dinten Jum’at, dipun riwayataken saking Muslim ing Kitab shahihipun saking hadits riwayat Ibnu Abbas bilih Nabi Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam maos الم تنزيل yaitu nalika Shalat Fajar wonten ing dinten Jum’at, (HR. Muslim no. 879)
2. Dipun sunnahaken ngathah-ngathahi shalawat kagem Nabi Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam wonten ing dinten Jumat nalika wengi, kados sabda Nabi Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam saking Aus bin Aus “Dina kang paling apik kanggo sira yaiku dina Jum’at, ana ing dina iku Adam ‘Alaihis Salam diciptakna, ing dina iku dicabut nyawane, ing dina iku bakal kadadean tiupan sangkakala, ana ing dina iku dipateni kabeh makhluk ing dina kiamat, mangka akehana anggon maca shalawat kanggo Aku, sebab shalawat iku ditekakna kanggo ira padahal sira wis dadi tulang belulang kang remuk? Pada takon ”He Rasulullah, kados pundi shalat kula sedaya dipun dugekaken kagem panjenengan wekdal panjenengan sampun remuk dados siti? Mangka Nabi Muhammad paring sabda :”Saktemene Allah wis dadekna haram marang siti mangan jasad para Nabi ‘alaihimus Shalatu Wassalam,” (HR. An Nasa’I No : 1374)
Dipun riwayataken saking Anas bin Malik bilih Nabi Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam paring sabda :”Akehana sira maca shalawat kanggo Aku ing dina Jum’at lan malam Jum’at, sebab sapa wonge kang maca shalawat kanggo aku siji shalawat wae mangka Allah bakal maca shalat kanggo wong mau sepuluh tikel shalawat” (HR. Al Baihaqi 3/249 No. 5790)
3. Perintah kagem siram/adus/mandi lan perintah punika sanget-sanget dipun wigatosaken.
4. Dipun sunnahaken ngagem minyak wangi lan siwak, ngagem busana ingkang sae, dipun riwayataken dening Imam Ahmad wonten ing kitab musnadipun saking Abi Sa’id Al Khudri lan Abu Hurairah bilih Nabi Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam paring sabda, “Sapa wonge adus ing dina Jum’at nganggo siwak, nganggo busana kang apik, nganggo minyak wangi yen duweni, mangka busana kang paling apik tumuju Masjid ananging ora nglangkahi pundak-pundak wong liya sahingga wong iku ruku’ (shalat) sak karepe terus ngrungokake Imam nalika Imam ngadeg khutbah nganti rampung lan rampunge shalat iku mangka perkara iku kanggo ngapus dosa-dosa kang dilakoni diantarane Jum’at iki lan Jum’at sakdurunge” (HR. Imam Ahmad : 3/81)
5. Maos Surat Al Kahfi, dipun riwayataken dening Al Hakim saking Hadits Abi said Al Khudri bilih Nabi Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam paring sabda “Sapa wonge maca Surat Al Kahfi ing dina Jum’at mangka sinar bakal mancar nerangi antaraning loro Jum’at (HR. Al Hakim : 3/81)
6. Dipun sunnahaken enggal-enggal dateng Shalat Jum’at, dipun riwayataken dening Imam Ahmad wonten musnadipun saking Aus Ats Tsaqofi saking Abdullah bin Amru ngendika : “Aku wis krungu Rasulullah paring sabda :”Sapa wonge kang ngedusi lan adus terus cepet-cepet ing Masjid nyedhaki panggonan Imam, ngrungokake lan nggatekake khutbah mangka kanggo wong iku saben-saben langkah kang dilakoni bakal oleh ganjaran setahun termasuk puasane” (Imam Ahmad ing kitab musnadipun : 2/209)
Lan enggal-enggal tindak ing Masjid sakperlu nindakaken Shalat Jum’at inggih satunggalin sunnah ingkang sanget agung lan mugi-mugi hadits-hadits ingkang sampun kasebat kala wau saged dados motivasi kagem nguataken tekad sarta ngasah semangat dumateng kita sedaya saged enggal-enggal nggayuh kautaman dinten Jum’at punika, firman Allah Ta’ala “Lan cepet-cepeta sira marang ampunan saka Pangeran nira lan marang swarga kang ambane kaya langit lan bumi kang disediakake kanggo wong-wong kang taqwa” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Ali Imran ayat 133). Mugiya kita tansah kagolong dados kaum ingkang taqwa, Amiin.Baca Juga : Bergabung Dengan Kami Dalam Program“Sedekah Cerdas” Dan Dapatkan Buku Kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2017
Khutbah Dua
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌاَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرْعَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ اْلأَبْرَارِ. رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَّسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا، رَبَّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِن قَبْلِنَا، رَبَّنَا وَلاَ تُحَمِّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ، وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنتَ مَوْلاَنَا فَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ بِأَنَّا نَشْهَدُ أَنَّكَ أَنْتَ اللهُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ يَا حَيُّ يَا قَيُّوْمُ يَا ذَاالْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ
 يَامُصَرِّفَ الْقُلُوْبِ صَرِّفْ قُلُوْبَنَا إِلَى طَاعَتِكَ اللَّهُمَّ يَامُقَلِّبَ الْقُلُوْبِ ثَبِّتْ قُلُوْبَنَا عَلَى دِيْنِكَ   
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ

رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017


Posting Komentar

0 Komentar