Subscribe Us

"Ningkataken Derajat Taqwa Kanthi Nyuprih Ilmu" - Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat 28 April 2017

Khutbah Jumat Bahasa Jawa – Ningkataken Taqwa Kanthi Nyuprih Ilmu
Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah, perlu kita mangertosi punapa sebabipun setiap khutbah jum’at punika para khatib tansah paring wasiat dumateng kita, supados ningkataken taqwa, ittaqulloha haqqo tuqotih walaatamuutunna illa waantum muslimun, ingkang artosipun: taqwao siro kabeh marang Allah kanti saktemen-temene taqwa, lan ojo mati siro kabeh kejobo mati wonten keadaan Islam.
Sangking wasiat punika saget kita pendet kaleh kata kunci, pertama punapa ingkang dipun arani taqwa, lan ingkang nomer kaleh, punapa ingkang dipun arani Islam.

Ingkang sepindah, taqwa, secara umum taqwa inggih punika wedos dhumateng Allah, maksudipun wedos dhumateng ancamanipun Allah. Keranten sifat wedos punika tiyang kala wau tansah ikhtiar berusaha nglampahi sedaya perkawis ingkang dipunwajibaken Allah lan berusaha nebihi sedaya laranganipun Allah SWT.
Gusti Allah sampun dhawuh wonten surat Al-Baqoroh ayat tigo, alladziina yukminuuna bilghoibi wayuqiimuunassholata wamimma rozaqnaahum yunfiquun.
Ingkang  artosipun, kang aran taqwa inggih punika Tiyang-tiyang ingkang iman marang kang ghaib (artosipun iman dumateng Allah, Malaikat, dinten Akhir, lan qhodlo’qodar), tiyang ingkang ndiriaken sholat, lan nafkahaken sebagian rizki kang sampun diparingi Allah dumateng kita, artosipun paring shodaqoh.
Walladziinayukminuna bimaaunzila ilaika wamaa unzilaminqoblika wabil Aakhirotihum yuuqinuun. Lan ugi tiyang-tiyang ingkang iman marang kitab Alquran ingkang sampun diturunaken dumateng kita lan iman dumateng kitab-kitab sederengepun Alquran. Lan ugi tiyang-tiyang ingkang yaqin wonten gesang ing alam akhirat. Punika kala wau ingkang dipun arani ittaqulloha haqqo tuqotih (sejatine taqwa).
Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah.ingkang Kaping kaleh, Islam. Kata Islam dipendet saking bahasa Arab salima ingkang artosipun slamet, sentosa, lan damai. Saklajengipun berubah dados kataaslama ingkang artosipun berserah diri, tunduk lan patuh. Menggah sebab punika tiyang ingkang berserah diri, taat lan patuh dumateng Allah dipun wastani tiyang muslim. Saking pengertian punika kata Islam nggadhahi artos keyakinan, addiinu allughotil yaqiin (agami secara lughot inggih punika keyakinan. Dadosipun agama punika namung kagem tiyang-tiyang ingkang yaqin kemawon, artosipun tiyang ingkang iman. Lah tanda-tandanepun tiyang ingkang iman utawi yaqin inggeh punika dzikrun katsiir, piyambakipun kathah kemutan tansah eling dumateng Allah. Langkung kathah anggenipun eling dumateng Allah mangka langkung inggi kualitas iman tiyang kala wau. Keranten sifat selalu eling dumateng Allah punikalah piyambakipun tansah berusaha semaksimal mungkin anggenipun nglampahi sedaya perintahipun Allah lan ngedohi sedaya laranganipun.
Saking wasiat walaatamuutunnaillaa waantun muslimuun punikalah kita sedaya dipun wanti-wanti, dipuneman dening Allah supados boten pejah wonten keadaan boten Islam, tegesipun boten iman dumateng, boten ngelampahi sedaya ingkang sampun disyariataken dining Allah. Sahingga tiyang punika mati wonten keadaan kafir lan wonten akhirat boten angsal pitulungane Allah SWT, Naudzu billah min dzalik.
Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah. Saking punikalah kita diwajibaken Allah nyuprih ilmu saking bayi dumugi liang lahat, tegese dumugi ajal. Langkung-langkung dipundiwajibaken nyuprih ilmu agama, keranten kita gesang minangka tiyang ingkang wuto kang perlu teken supados boten kesasar lan butuh bimbingan saking tiyang ingkang waged dipun pitados supados boten disasaraken anggenipun mlampah. Ten mriki ilmu agami minangka teken, lan tiyang ingkang saget dipertados aturipun inggih punika dawuhe para Ulama’. Keranten al ulamaa’u warosatul ambiyaa’ (ulama’ punika pewaris para nabi). Dados ilmu punika boten naming wonten ing sekolah-sekolahan mawon, nanging wonten pundi-pundi panggenan. Sinten tiyang ingkang tresna dening Ulama’ berarti tiyang kala wau tresna dumateng Nabi, lan sinten tiyang ingkang tresna para Nabi, berarti tresna dumateng Allah. Mangka Allah bakal paring pitulungan dateng tiyang kala wau supados slamet dunya lan akhirat. Semanten ugi kosokwangsulipun, sinten tiyang ingkang geting marang Ulama’ berarti tiyang kala wau geting kaleh Nabi, lan sinten tiyang ingkang geting kaleh Nabi berarti tiyang kala wau geting dumateng Allah. Mangka tiyang punika di jaraken Allah wonten kesesatan, lan wonten akhirat tiyang punika boten angsal syafa’atipun kanjeng nabi, tegesipun boten angsal pitulunganipun Allah SWT. Naudzubillahimindzalik..
Para hadirin ingkang dimulyaaken Allah, saking punika kita sampun mangertosi dununge taqwa, iman lan Islam. Bilih agama punika kangge tiyang ingkang percaya mawon, artosipun iman dumateng Allah. Lah pengamalan saking iman punikalah ingkang disebut taqwa, berusaha semaksimal mungkin nglampai sedaya perkawis ingkang diwajibaken Allah lan berusaha ngedohi sedaya perkawis ingkang dipun larang Allah. Supados kita tergolong tiyang ingkang muslim Sejati, tiyang ingkang slamet amargi angsal pitulunganipun Allah dunya wal akhirat. Amin amin yaarobbal aalamiin..


Demikian artikel Khutbah Jumat Bahasa Jawa dengan judul “Ningkataken Derajat Taqwa Kanthi Nyuprih Ilmu”, BACA JUGA ARTIKEL KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA LAINNYA DISINI

Posting Komentar

0 Komentar