Subscribe Us

26 Februari 2021 : "Wulan Safar Sanes Wulan Sial" - Khutbah Jumat Bahasa Jawa

Khutbah Jumat Lengkap Bahasa Jawa Terbaru Tahun 2021

"Wulan Safar Sanes Wulan Sial"

SantriONE.com – Jamaah Jumah Rahimahumullah, Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saestu nggih punika nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing dunya punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi kita tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin.  


Link download dalam format PDF kami cantumkan di deskripsi di bawah video, untuk mendapatkan keberkahan sebaiknya mendapatkan ijin dari penulis materi ini, caranya mudah.. syaratnya anda harus SUBSCRIBE dulu VIDEO ini baru kemudian DOWNLOAD melalui link yang sudah dicantumkan di deskripsi. SEMOGA BERMANFAAT.



 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 

Wulan Safar inggih wulan kaping pindho saklajengipun Wulan Muharram wonten kalender Hijriyah midherek tahun Qomariyah, wulan safar punika nggih wulan ingkang dumuginipun kathah masyarakat ingkang wedos utawi langkung ati-ati kerana gadhahi ugeman utawi pedoman ingkan pitados bilih wulan safar inggih wulan sial utawi wulan ingkang kathah pantangan.  Mangga kita sedaya minangka kaum Muslimin kedah boten pareng pitados ugeman kasebat, amergi pendapat bilih wulan Safar punika wulan sial sampun dipun bantah dening panjenenganipun Rasulullah Muhammad Shalallahu’ alaihi wassalam. Dipun riwayataken dening Abu Hurairah Radhiyallahu’anhu bilih Rasulullah Shalallahu ‘alaihi Wassalam paring sabda : “Ora ono penyakit menular (kang teko tanpa izin Allah), ora ono prasangka elek marang sakwijining kedadean ora ono malang mawa gaok (burung hantu), ora ana aral (bencana) ing wulan Safar (kang dipercaya)”. Wonten riwayat sanes ugi Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam paring sabda : “Ora ono wabah lan ora ono eleking kewan kang mabur ora ono kesialan ing wulan Safar lan ngadoh saka penyakit kusta kaya sira mlayu saka singa” (HR. Bukhari).

 

SantriONE.com – Jamaah Jumah Rahimahumullah, Saklebeting wulan Safar punika wonten kathah kedadosan penting kagem perkembangan agama Islam, sahingga kedadosan-kedadosan punika ugi sejatosing sampun bantah pendapat ingkang nganggep kathah kesialan ing wulan Safar punika. Kedadosan pertamainggih punika Nikahipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihi Wassalam kaliyan Khadijah binti Khuwailid ingkang dipun laksanakaken wonten ing Wulan Safar, miturut Sirah Nabawiyah ingkang katulis dening Syeikh Shafiyurrahman Al Mubarakfuri Rasulullah nikah kaliyah Khadijah dipun prakarsai Nafisah binti Munabbih, maharipun 20 unta. Angka kalih nggih punika peristiwa perang Khaibar ingkang wonten perang punika umat Muslim dipun paringi kemenangan, miturut Ibnu Qayim Al Jauziyah ing Zaadul Maad bilih Rasulullah medal perang ing Khaibar wonten akhir wulan Muharram, Fath utawi kemenanganipun wonten ing wulan Safar. Perang Khaibar nggih punika perangipun Kaum Muslim ngelawan Yahudi ingkang bersekutu kaliyan Raja Hiraklius, kaum Muslimin saged ngrebut benteng kuat ingkang betahaken wekdal pinten-pinten dinten kagem nembus benteng kasebat.

 

SantriONE.com – Jamaah Jumah Rahimahumullah, Peristiwa saklajengipun ingkang angka tiga nggih punika peristiwa pengangkatan Usamah Bin Zaid salah satunggaling sahabat Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam ingkang taksih timur (muda), wonten ing wulan Safar ugi panjenenganipun Usamah bin Zaid dipun angkat dados panglima perang. Rikala semanten umur Usamah bin Zaid nembe 20 taun Rasulullah paring perintah mimpin pasukan Muslim ingkang jumlahipun 3000 perang ing tanah al Balqa ing Syam, dinten punika Syahid ayahandanipun Zaid bin Haritsah, enjingipun tanggal 29 Safar 11H utawi 24 Mei 632M Usamah bin Zaid dipun panggil Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam lan dipun angkat dados panglima perang.

Peristiwa nomer sekawan inggih punika peristiwa penaklukan Persia ingkang kedadosanipun wonten masa kekhalifahan Umar bin Khathab tepatipun tanggal 14 Safar 16H utawi 17 Maret 637M, kaum Muslimin ingkang dipun pimpin Saad bin Abi Waqash menang lawan Persia. Sakderengipun kaum Muslimin ngalami perang ingkang hebat wonten ing Qadisiyah (sakpunika mlebet negara Irak) ugi saged ngerebut istananipun. Saad bin Abi Waqash ngalami luka ingkang parah akibat pertempuran punika, anamung akhiripun saged menang.

 

SantriONE.com – Jamaah Jumah Rahimahumullah, Peristiwa-peristiwa ingkang kedadosan wonten wulan Safar kasebat sejatosipun sampun bantah pendapat bilih Wulan Safar nggih Wulan Sial, minangka Muslim kita boten pareng percaya utawi meyakini pendapat kasebat, kita kedah tansah sinau sejarah-sejarah kathah kedadosan agung ugi mulya ingkang kedadosanipun wonten ing Wulan Safar. Sedaya Wulan mesti wulan ingkang sae amargi Allah boten bakal paring kesialan dumateng hamba-hambanipun, mangga sepindah malih kita tansah nglaksanakaken sedaya perintahipun ugi nebihi sedaya awisan-awisanipun mugiyo Allah paring perlindungan pangayoman dumateng kita sedaya, Amiin.

Link download dalam format PDF kami cantumkan di deskripsi di bawah video, untuk mendapatkan keberkahan sebaiknya mendapatkan ijin dari penulis materi ini, caranya mudah.. syaratnya anda harus SUBSCRIBE dulu VIDEO ini baru kemudian DOWNLOAD melalui link yang sudah dicantumkan di deskripsi. SEMOGA BERMANFAAT.



  

BACA SELANJUTNYA... 



BACA JUGA JUDUL LAINNYA, 
Khutbah Jumat Lengkap Bahasa Jawa Terbaru Tahun 2021

Posting Komentar

0 Komentar