Subscribe Us

"Shalat Ajeg Lan Jejeg" - Naskah Khutbah Bahasa Jawa 12 Mei 2017


إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِي اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.

يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛


Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqull
aha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm suubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqull
aha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.

Alhamdulillah, wonten kesempatan ingkang agung punika kawula saged paring satunggaling tulisan ingkang temtunipun taksih tebih saking kasampurnan, anamung kawula depe-depe pangayomanipun Gusti mugiyo tulisan ingkang boten sampurna punika saged dipun paringin manfaat. Monggo dumateng sedaya ingkang betahakan langkung-langkung para khatib ingkang ngersakaken materi khutbah Jumat, mugiyo saged ambiyantu.   Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saestu nggih punika nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem boten namung ing dunya punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi kita tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin. Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :
ونــجـيــنـا الــذيــن أمــنـو ا وكانــوا يــتـقــون
Lan Ingsun nyelametake marang wong wong kang pada iman lan wong kang pada tansah netepi taqwa”. (Terjemah Qur’an Basa Jawa Surat Fushshilat ayat 8). 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa


"Shalat Ajeg Lan Jejeg"

tinulis dening : Abi Ahya | sumber : www.jengkar.com

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at RahimakumullahKita sedaya sampun maklumi bilih kewajiban dumateng kita minangka umat Islamkedah tunduk ing ngarsanipun Allah Ta’ala, salah satunggaling kewajiban punika kedah dipun laksanakaken saben dinten boten angsal dipun tilar inggih punika kewajiban shalat gangsal wekdal. Pramila kita tansah ngupaya lan mbudi daya anggenipun nglampahi ibadah shalat ugi tansah ningkataken kualitas ibadah punika, kanti tansah sinau ilmu-ilmunipun pasholatan, tata cara shalat ingkang sae lan leres, jalaran boten sekedhik antawis kita ingkang nindakaken shalat nanging boten kanti mangertosi ilmu-ilmunipun, syarat rukunipun, makruh lan sunatipun ugi batalipun shalat. Tumindakipun namung sarana apalan lan kulinan, nanging tuntunan lan piwucalipun shalat boten dipun mangertosi. Eman sanget tuwas kangelan anamung akhiripun boten keleresan shalat kita punika, mila tansah perlu dipun dandosi. Sinten mawon tiyangipun tetep perlu ningkataken kualitas ibadah shalatipun, boten saged dipun pesteni punapa tiyang menawi sampun lawas anggenipun nindakaken shalat mesti shalatipun sampun sae, kasunyatanipun langkung boten karuan tumindakipun amargi shalat boten sekedar apal waosan saha gerakanipun, nanging kados pundi sagedipun diri, raga lan manah manunggal kumadep, kumawula dateng ngarsanipun Allah. Ampun ngantos badanipun tumandang shalat, ruku’ sujud, lisanipun ndremimil maos lafadlipun waosan shalat, nanging manahipun suwung boten nderek shalat, utawi malah kluyuran kesah ngetutaken pengangen angenipun sahingga katingalipun tiyang shalat, nanging piyambakipun supe menawi nembe shalat. Bab punika Allah maringaken pepenget :

فَوَيْلٌ لِلْمُصَلِّينَ * الَّذِينَ هُمْ عَنْ صَلاتِهِمْ سَاهُونَ *
Saktemene neraka wail iku kanggo wongkang pada shalat, yaiku wong kang pada lali karo shalate” (Terjemah Qur’an Basa Jawa Surat Al Ma’un ayat 4-5). - DOWNLOAD KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TERBARU <<< KLIK DISINI >>>

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at RahimakumullahManah sageda dipun cencang dipun taleni ampun ngantos sumebar wonten pundi pundi panggenan sanes, boten kanti angen angen dateng makna lafadlipun shalat ingkang dipun waos. Menawi shalat saged katindakaken kanti sae, tentu bade beta hikmah lan faedah ingkang katah, mekaten ugi shalat menawi kanti sae lan rajin kita lampahi saben dinten Insya Allah dosa-dosa lan kalepatan lepat kita inggih tansah pinaringan pangapunten saking Allah Ta’ala. Mila kangge nggayuh kasampurnanipun ibadah shalat kita, sanget wigatos nyinaoni kanti ngaos, ngudhi ilmu dateng sukaraos lafal ing saklebeting shalat ingang kita waos, jalaran shalat minangka sakanipun agami . Kanjeng Nabi paring dawuh :
الصَّلاَة عِمَادُ الدِّيْنِ، فَمَنْ أَقَامَهَا فَقَدْ أَقَامَ الدِّيْنِ، وَمَنْ تَرَكَهَا فَقَدْ هَدَمَ الدِّيْنِ
Shalat iku minangka cagake agama, sapa wonge njejegake shalat, mangka ateges njejegake agama, Lan sapa wonge ninggal shalat ateges wong iku ngrubuhake agama” (HR. Muslim). - DOWNLOAD KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TERBARU <<< KLIK DISINI >>>

Shalat ingkang dados inti lan pokokipun agami Islam mila boten kenging dipun sepelekaken, kedah tansah kita jagi lan kita reksa, syukur saget katindakaken kanti jama’ah, amergi langkung enteng tanggung jawab kita, ugi ganjaran ingkang cetha kita mangertosi dipun tikel tikelaken dening Allah. Mugi kita kalebetna kawula ingkang tansah nuhoni kewajiban shalat kanti ajeg lan jejeg, pikantuk ridlanipun Allah Ta’ala.


بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ* وَنَفَعَنِي

وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ* إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ * قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ* أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ* بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ* إِنَّي انا الله لا الــه الا أنــا فــا عــبــدني و أقم الـصـلـوة لـذكـري *

وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ*




Khutbah Kedua :

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017

Posting Komentar

0 Komentar