Subscribe Us

"Nebihi Godhaning Setan" - Khutbah Jumat Bahasa Jawa 3 Maret 2017

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Ingkang sepindah minangka pambukaning khotbah mangga sesarengan kita nyaosaken puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita manggihi kawilujengan ing donya dumugi ing akherat, amin ya rabbal ‘alamin.

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Temtu anggenipun kita nglampahi gesang kathah sanget prastawa ingkang dumados, wonten ingkang damel remenipun ati ananging ugi boten sekedhik kawontenan ingkang andamel kirang sekecanipun manah, sedaya punika minangka pepaesipun gesang ing ngalam donya. Samangke sumangga kita sesarengan sami mawas diri dhateng badan kita piyambak minangka muhasabah punapa kita sampun estu-estu beramal shaleh, sampun estu-estu iman engkang leres, sedaya ingkang kita tindakaken mesti saenipun, mesti amal tumindak ingkang dipun ridlani dening Allah punapa mboten.  


Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Nebihi Godhaning Setan

oleh : Ust. Jengkar Abi Ahya | www.NagaMover.com


Atur keterangan punika jumbuh kaliyan pangandikanipun Allah SWT, wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Hasyr ayat 18 :

He wong-wong kang padha iman, taqwa-a sira kabeh marang Allah, lan saben-saben wong supaya padha nggatekake marang sakabehing amal tumindak ana ing dina-dina kepungkur kanggo kemaslahatane dina-dina kang bakal tumeko, lan padha taqwa-a sira kabeh marang Allah, satemene Allah iku Maha pirsa marang apa bae kang kok tindakake”.


Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Ayat punika paring keterangan dhumateng kita sedaya, bilih punapa kemawon ingkang kita raosaken ing dinten punika minangka asil saking tumindak kita ing wekdal kepengker, lan sedaya punika boten saget kita raosaken tanpa usaha ing temen. Hubungan sebab lan akibat minangka sunatullah ingkang kedah terus kita perjuangaken, liiripun akibat ingkang sae minangka asil saking amal shalih ingkang kita tindakaken, lan kosok wangsulipun akibat awon, minangka asil saking tindak ingkang lelawanan kaliyan tuntunan agami, Firman Allah:
 Lan manungsa ora nduweni apa-apa kejaba apa kang wus diusahaake”. (QS An Najm:39)
Saktemenipun gesang wonten ini salebeting jaman ingkang dipun wastani jaman kemajengan kados sakpunika andadosaken manah kita prihatos dene nyipati babaring kawontenan ingkang sarwo morak-marik. Ingkang lepat kaanggep leres, ingkang leres dipun damel lepat, sedaya awisan dipun lampai, dene prentah sami dipun tebihi. Tumindak awon sampun kados padatan kalimrahing ngagesang, hawa nepsu angkara murka kaumbar sak sakecanipun tanpa wigah-wigih, wondene pakarti sae kaanggep aeng lan dados gegujengan. Menawi swasana ingkang kados makaten punika kekadosan ing negari ingkang mayoritas Muslim punapa boten mrihatosaken sanget ? mangka sejatosipun wonten ing bebrayaning masyarakat umat Islam, kedahipun boten badhe kedadosan swasana ingkang kados makaten wujudipun, dereng saget ajak-ajak sarta paken nindakaken pakarti ingkang sae lan nebihi awisan. Menawi kawontenanipun kados makaten nedahaken bilih taksih masyarakat kita taksih dereng mapanaken dhiri ngrasuk ing salebeting agami Islam kanthi sawetahipun sarana leres kados ingkang dipun kersakaken dening Allah. Kita ngakeni bilih agami kita Islam, ananging tatacara gesang lan pakarti kita asring boten ngginakaken tuntunan syariat Islam, malah kesengsem lan nganggep langkung sae, cara sanesipun Islam, senaosa cara sanes punika lelawanan kaliyaan ajaran agami Islam. Allah paring Firman wonten ing Al-Qur’an :

Lan dadiya saka antarane sira kabeh iku sawijining umat kang ajak-ajak marang tumindak becik, mrentahake marang kebecikan lan nyegah saka tumindak ala. Ya dheweke kabeh iku wong-wong kang padha antuk kabekjan (QS. Ali Imran : 104)

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Cobi kita galih, kados pundi cara kita pados pangupa jiwa, kados pundi kita ndidik para putra, mimpin kaluwarga kita, sesrawungan kita, ugi sedaya mobah-mosik kita saben dinten ing sadengah perkawis, pundi ingkang sampun adhedasar tuntunan syariat Islam ? Mangka sejatosipun ingkang kasebat ngrasuk agami Islam punika inggih kados ingkang kadhawuhaken :

He wong-wong kang padha iman ! Mlebuwa sira kabeh ing sajroning Islam kanthi sempurna, lan aja tut wuri marang langkah-langkah syetan. Satemene syetan iku mungsuhira kang nyata”. (Al Baqarah ayat 208)

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Printahipun Allah ingkang kasebat ing ayat punika asipat tetep lan langgeng, ingkang tegesipun tetep pasrah ing ngarsanipun Allah sawetahipun ing salami-laminipun. Ayat kalawau nedahaken bilih sok sintena tiyang ingkang ngaken iman kedah nindakaken hukum-hukumipun Allah ing sedayanipun, kanthi lelandhesan pasrah, tunduk lan ikhlas kerana Allah. Ayat kalawau sampun samestinipun kita kedah tumunten ambangun malih patrap anggen kita nindakaken agami Islam ingkang kanthi saleresipun miturut wewaton ingkang sampun kadhawuhaken Allah. Godhaning syetan ingkang kita adhepi ugi saya awrat, malah langkung prakosa lan sakelangkung alus.

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Kawontenanipun umat Islam pancen kathah jumlahipun ananging tanpa bobot lan saya ringkih jalaran paribasan namung kados umpluking laut seganten kasempyok ing ombak nengah minggir ing tepining samodra. Kathah cacahipun ananging islamipun namung dipun tilar sasekecanipun. Kawontenan punika ingkang sampun nate kakadosan ing jaman rumiyin sahengga kadhawuhaken Allah ing Al-Qur’an :

Lan ing antaraning manungsa ana wong kang penembahe marang Allah dumunung ing pinggiran. Lamun dheweke antuk kabecikan tetep ing panembahe, dene samangsa kataman ing panandang banjur mbalik mungkar. Dheweke iku kapitunan ing ndonya lan ing akhirat. Kang mangkono iku kapitunan kang nyata”. (QS. Al Hajj ayat 11)

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah

Saklajengipun kita kedah nebihi lan sampun ngantos tut wuri tumut-tumut nindakaken pakarti lan tumindaking syetan ingkang tansah nggodha supados manungsa sami kasasar, awujud pakarti ingkang andadosaken crah ing salebeting agami, padudon, dalah pasulayan. Sinaosa ketawisipun nengsemaken, ananging asil ingkang mangke kapethik dhawah kosok wangsulipun. Inggih kapribadhen minggir makaten punika ingkang kedah kita rombak lan kita bangun malih ing saranduning badanipun umat Islam tumuju kapribaden Islam ingkang hakiki kangge mujudaken bebrayan masyarakat Islam ingkang saleresipun. Tanpa makaten tartamtu badhe nandang kapitunan saageng-agengipun ing salami-laminipun, jalaran punapa ingkang kita tindakaken pranyata mboten wonten ginanipun awit mboten gathuk kaliyan tuntunaning syariat agami sahengga mboten badhe katampi. Mila punika mangga kita sareng-areng ndhepe-dhepe rahmatipun Allah mugi kita saged taqwwa ingkang saestu, sawetahipun lan sakleres-leresipun taqwa sahingga saged dados pribadi ingkang saged mujudaken bebrayaning masyarakat Islam sayektosipun masyarakat ingkang pratapipun saget mangayu hayuning bawana, tata titi tentrem karta raharja, begja fi dunya wal akhirat, amin.           

Posting Komentar

0 Komentar