Subscribe Us

220705 "Kautaman Pasa Wonten Ing Tanggal 10 Muharram" | Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 5 Juli 2022

Dukung kami untuk bisa selalu update dengan Khutbah Jum’at Bahasa Jawa terbaru, bantu share artikel ini agar lebih banyak yang merasakan manfaat baiknya dan juga mengalir pahala jariyah untuk penulis dan juga anda sebagai penebar manfaat. Berikut ini kami sampaikan sebuah judul Khutbah Jumat Bahasa Jawa “Kautaman Pasa Wonten ing Tanggal 10 Muharram”. Semoga Bermanfaat. 

    Baca Juga :


    Kautaman Pasa Wonten Ing Tanggal 10 Muharram

    Lanjutan 220705 "Kautaman Pasa Wonten Ing Tanggal 10 Muharram" | Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 5 Juli 2022



    SantriOne.com | - khutbah pertama -

    إن الحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونعوذ بالله من شرور أنفسنا وسيئاتأعمالنا من يهده الله فلا مضل له ومن يضلل فلا هادي له

    أشهد أن لا إله إلاالله وأشهد أن محمدا عبده ورسوله

    ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون

    ياأيها الناس اتقوا ربكم الذي خلقكم من نفس واحدة وخلق منها زوجها وبثمنهما رجالا كثيرا ونساء واتقوا الله الذي تساءلون به والأرحام  إن الله كانعليكم رقيبا

     

    ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله وقولوا قولا سديدا يصلح لكم أعمالكم ويغفرلكم ذنوبكم ومن يطع الله ورسولهفقد فاز فوزا عظيما، أما بعد ...

     

    Jamaah Jumat Rahimakumullah,

    Alhamdulillah, wonten kesempatan ingkang agung punika kawula saged paring satunggaling tulisan ingkang temtunipun taksih tebih saking kasampurnan, anamung kawula depe-depe pangayomanipun Gusti mugiyo tulisan ingkang boten sampurna punika saged dipun paringin manfaat. Monggo dumateng sedaya ingkang betahakan langkung-langkung para khatib ingkang ngersakaken materi khutbah Jumat, mugiyo saged ambiyantu.   Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saestu nggih punika nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem boten namung ing dunya punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi kita tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin.

     

    Jamaah Jumat Rahimakumullah,

    Wulan Muharram inggih salah satunggaling diantaranipun sekawan wulan haram artosipun wulan ingkang dipun muliakaken dening Allah Ta’ala, Wulan Dzulqa;dah, Dzulhijjah, Muharram lan Rajab, Firman Allah Ta’ala :

    إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ

    “Saktemene jumlah sasi ing Kitabullah (Al Qur’an) iku ana warna rolas sasi awit Allah nyiptakaken langit lan bumi, papat antarane yaitu wulan-wulan haram” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat At Taubah ayat 36)

    Muharram artosipun “dipunlarang”, sakderengipun turun ajaran Islam, wulan Muharram sampun dipunkenal dados wulan ingkang suci lan dimulyakaken dening masyarakat Jahiliyah, wonten wulan punika dipunlarang nglampahi perkawis kados perang utawi sengketa sanesipun. Lajeng nalika Islam turun, kamulyanipun wulan haram dipuntetepaken lan dipunpertahanaken anamung tradisi jahiliyah ingkang sanes dihapus termasuk kesepakatan boten nglampahi perang. 

Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 5 Juli 2022

ATAU BACA ARTIKEL SERUPA LAINNYA :


    SantriOne.com | Demikian artikel Lanjutan 220705 "Kautaman Pasa Wonten Ing Tanggal 10 Muharram" | Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 5 Juli 2022  

Posting Komentar

0 Komentar