Subscribe Us

"Islam Paring Pangayoman Dumateng Wanita" - Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 8 Desember 2017

Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saestu nggih punika nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing dunya punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi kita tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin. 
Antaranipun wujud sempurna lan mulyanipun agama Islam inggih mulyakaken kaum wanita, jaga kehormatanipun lan paring posisi utawi derajat ingkang inggil. Kaum wanita wiwit dipunnaungi agama Islam dipunarahaken wonten adab-adab ingkang terhormat lan pagesangan ingkang mulya wonten ing donya lan akhirat, para wanita Muslim bakal tansah nikmati pagesangan bilih nggadahi tumindak ingkang islami, jaga syariat ugi nggatosaken hak-hak lan kewajiban minangka muslimah. Aturan-aturan Islam kagem para wanita Muslimat sanes aturan ingkang paring beban dumateng para wanita utawi dadosaken boten merdeka, ananging aturan kasebat inggih norma ugi adab mulia ingkan gdadosaken kaum wanita inggil kehormatanipun wonten ing masyarakat, kajaba sampun ninggalaken adab lan akhlak Islami mangka badhe ilang kautamanipun lan badhe terjerumus dumateng perkawis ingkang hina, dosa, lan bahaya. Sanget endahipun pagesangan bilih para wanita gesang wonten naungan Islam, para wanita sami jaga adab lan akhlak kados pitedahipun syariat Islam.
Kagem kaum wanita kedahipun ningkataken taqwa dumateng Allah Ta’ala kanthi nindakaken sedaya perintahipun ugi nebihi sedaya awisanipun, nalika para wanita nggatosaken perkawis punika temtu dipunsarengi kesadaran bilih wonten gesang ing donya punika kathah sanget godanipun ingkang jerumusaken para wanita nuruti nafsu ingkang badhe nebihaken saking dalan kabecikan. Firman Allah :
Lan Allah bakal nampa taubatmu, nanging wong-wong kang nuruti hawa nafsune pengin supaya sira adoh saka kabecikan” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat An Nisa ayat 27)
Wanita Muslimah kedah jaga kehormatanipun kados ingkang sampun dipunanugerahaken dening Allah Ta’ala, ingkang dasar inggih kedah dipungatosaken babagan ibadah dumateng Allah, dumugi babagan busana ugi kedah ngagem busana kados ingkang sampun disyariataken dening agama, amargi busana miturut Islam ingkang dipunagem punika inggih satunggaling identitas ingkang saged negasaken wanita punika Muslimah punapa boten, sahingga saged dipunkenal kanthi terang. Busana punika ugi nglindungi para wanita ingkang kehormatanipun sanget dipungatosaken dening agama supados ngraos aman lan nyaman, busana ugi saged nyaketaken diri para wanita muslimah dumateng syariat Islam.
Mekaten perkawis-perkawis ingkang kedah dipungatosaken para wanita Muslimah ingkang sedaya punika sumberipun jelas saking kitabullah Al Qur’an ugi hadits sunahipun Rasulullah Shallahu ‘Alaihi Wassalam, ingkang sanget mulyakaken para wanita Muslimah kajaba wanita punika boten purun dipunatur kanthi syariat Islam. Dumateng para wanita kedahipun sami waspada dumateng sedaya rayuan lan godaan ingkang badhe jerumusaken dumateng tumindak ingkang hina lan bakal ngrusak, jaga adab lan akhlak Islm ugi tansah gesang kanthi mergi ingkang mulya lan hormat. Dumateng para garwa ugi kedahipun jaga lan boten bosen paring kawigatosan dumateng garwa lan putri wanitanipun, tansah paring nasehat dumateng ketaatan ugi akhlak ingkang mulya. Mugiya Allah neguhaken kita sedaya ugi para wanita Muslimah supados tansah ngugemi kanthi kenceng Al Qur’an lan Sunnah, mugi Allah tansah paring perlindungan dumateng kita lan para wanita Muslimah saking sedaya goda ingkang bakal jerumusaken dumateng siksa neraka, Amiin.



DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017


NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017


Posting Komentar

0 Komentar