Subscribe Us

Bag.2 (Lanjutan) : #220705 "Kautaman Pasa Wonten Ing Tanggal 10 Muharram" | Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 5 Juli 2022

Jamaah Jumat Rahimakumullah,

Wulan Muharram nggadhahi kathah kautaman sahingga wulan punika dipunsebat “Syahrullah” (wulanipun Allah), ibadah wonten ing wulan Muharramd dipunlipatgandakaken ganjaranipun anamun ugi nglampahi maksiat wonten ing wulan punika ugi dipun ganjar dosa ingkang malipet-lipet. Wonten ing wulan punika tepatipun tanggal 10 Muharram Allah nyelamtekan Nabi Musa ‘Alaihis Salam lan Bani Israil saking Fir’aun, Nabi Musa lan umatikun mulyakaken wulan punika kanthi nindakaken siyam. Lajeng Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam netepaken siyam/puasa wonten ing tanggal 10 Muharram kagem ngonjukaken raos syukur dumateng Allah ingkang sampun paring pitulungan. 

    Baca Juga :


    Kautaman Pasa Wonten Ing Tanggal 10 Muharram

    Lanjutan 220705 "Kautaman Pasa Wonten Ing Tanggal 10 Muharram" | Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 5 Juli 2022



    SantriOne.com | Masyarakat Jahiliyah sakderengipun ugi nindakaken siyam, puasa tanggal 10 Muharram ingkang sakderengipun wajib dipun ubah dados sunnah saksampunipun turun kewajiban puasa Ramadhan, sabda Rasulullah :

    عَنْ ابْنِ عَبَّاسٍ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمَا أَنَّ النَّبِيَّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ لَمَّا قَدِمَ الْمَدِينَةَ وَجَدَهُمْ يَصُومُونَ يَوْمًا يَعْنِي عَاشُورَاءَ فَقَالُوا هَذَا يَوْمٌ عَظِيمٌ وَهُوَ يَوْمٌ نَجَّى اللَّهُ فِيهِ مُوسَى وَأَغْرَقَ آلَ فِرْعَوْنَ فَصَامَ مُوسَى شُكْرًا لِلَّهِ فَقَالَ أَنَا أَوْلَى بِمُوسَى مِنْهُمْ فَصَامَهُ وَأَمَرَ بِصِيَامِهِ

    Saking Ibnu Abbas Radhiyallahu ‘Anhu bilih Nabi Shalallahu ‘Alaihi Wassalam, nalika dugi ing Madinah, manggihi tiyang Yahudi nglampahi siyam sedinten inggih tanggal 10 Muharram (Asyura). Tiyang-tiyang punika matur :” Punika dinten ingkang agung inggih dinten Allah nyelametaken Nabi Musa lan nenggelamken keluarga Firaun, mila Nabi Musa ‘Alaihis Salam nglampahi siyam kagem bukti syukur dumateng Allah. Rasulullah ngendika :”Aku luwih duweni hak melu Nabi Musa ‘Alaihis Salam tinimbang wong-wong iku”. Mila Rasulullah nglampahi siyam ugi merintahaken (umatipun) siyam” (HR. Bukhari)

    عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ رَمَضَانَ شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ وَأَفْضَلُ الصَّلَاةِ بَعْدَ الْفَرِيضَةِ صَلَاةُ اللَّيْلِ

    Saking Abu Hurairah Radhiyallahu ‘Anhu ngendika Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam paring sabda :”Sakbagus-baguse puasa sakwise Ramadhan yaiku puasa ing Wulan Allah Muharram. Lan sak bagus-baguse ibadah sakwise ibadah wajib yaiku shalat wengi” (HR. Muslim)

    Sinaos wonten saminipun wonten perkawis ibadah khususipun siyam, namung Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam merintahaken umatipun kedah beda dateng punapa ingkang dipun lampahi dening kaum Yahudi, punapa malih dening tiyang-tiyang Musyrik. Mila punika wonten hadits-hadits ingkang paring keterangan utawi paring saran sinten nglampahi puasa Asyura seyogyanipun dipungabung puasa satunggal dinten sakderengipun utawi saksampunikan puasa dinten ‘Asyura. Ingkang umum sampun dipuntindakaken inggih puasa tigang dinten, sedinten sakderengipun lan sedinten saksampunipun inggih punika tanggal 9, 10 lan 11 Muharram. Ugi wonten ingkang puasa wonten dinten punika lan ditambah satunggal dinten sakderengipun utawi saksampunipun, utawi angsal puasa anamung wonten tanggal 10 kemawon, perkawis punika amargi wekdal Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam paring perintah puasa dinten Asyura, para sahabat tanglet “Punika dinten ingkang dipunagungaken tiyang-tiyang Yahudi lan Nasrani, panjenenganipun Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam paring sabda, “Yen tahun ngarep teka  Insya Allah kita puasa dina kaping sanga”, anangin Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam seda wonten ing tahun kasebat” (HR. Muslim). Landasan puasa tanggal 11 Muharram punika dipun dasari keumuman dalil kautaman nglampahi siyam/puasa wonten ing wulan Muharram ugi kagem satunggaling perkawis kagem kawigatosan lan ati-ati bilih wonten kesalahan ing perkawis pangetangan tanggal awal Tahun Baru Hijriyah.

Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 5 Juli 2022

ATAU BACA ARTIKEL SERUPA LAINNYA :


    SantriOne.com | Demikian artikel Lanjutan 220705 "Kautaman Pasa Wonten Ing Tanggal 10 Muharram" | Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 5 Juli 2022  

Posting Komentar

0 Komentar