Subscribe Us

14 Mei 2021 : "Ningkataken Kualitas Ibadah Ing Wulan Syawal" - Naskah Khutbah Bahasa Jawa Tema Bulan Syawal 1422 H.

materi khutbah jumat bahasa jawa tema bulan syawal 1442

Khutbah Bahasa Jawa Tema Syawal

SantriONE.com – Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.

Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.

Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqull
aha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima

Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun

Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm suubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqull
aha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.

 

Jamaah Jumat Rahimakumullah, Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saestu nggih punika nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing dunya punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi kita tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin. Ugi wonten kesempatan ingkang sanget bahagia punika keparenga kula ngaturaken satunggaling khutbah kanthi judul : ”Ningkataken Kualitas Ibadah Ing Wulan Syawal” mugi paring manfaat dumateng kita sedaya. 

"Ningkataken Kualitas Ibadah Ing Wulan Syawal" 

SantriONE.com – Sahingga wonten ing tanggal satunggal Syawal ingkang kawastanan “Idul Fitri” inggih dinten ingkang fitrah amargi ing dinten Idul Fitri Allah sampun paring pangapunten sedaya dosa-dosanipun para kawula ingkang nglampahi shiyam, sahingga kaetang milai satunggal Syawal tiyang-tiyang punika saged nglampahi ibadah kanthi langkung sae. Mekaten punika wujud saking pikantuk kasil utawi la’alakumtattaqun, amargi taqwa boten anamung lelamisan ing lathi lan boten anamung pengangen-angen kemawon kedah wonten itiqad ingkang sampun manggen ing ati dipun ucapaken wonten lisan ugi dipun tindakaken kanthi amal ibadah. 

Jamaah Jumat Rahimakumullah,  Sedaya amal ibadah kedahipun saged dipun tingkataken, shalat fardhu dipun sempurnakaken, shalat sunnah dipun tindakaken shalat jamaah dipun giyataken, majlis-majlis taklim dipun jumbuhaken, masjid lan musholla dipun makmuraken, al Qur’an dipun kaji dipun udari makna lan kandunganipun kagem pedoman pagesangan. Wulan Ramadhan dipun akhiri kalajengaken Wulan Syawal ingkang ugi dipun wastani wulan peningkatan sedaya amal ibadah, infaq lan shadaqah dipun giyataken, silaturahim dipun lestantunaken, sahinga tansa rumaos andhap ashor lan prasoja, gedhe ati lan cilik ing pamrih. Anamung ingkang dados keprihatinan bilih wulan Syawal dados dinten lebaran, nggih punika sampun lebar anggenipun nglerem hawa nafsu, sampun lebar anggenipun nindakaken shalat jamaah, sampun lebar anggenipun tindak ing majlis-majlis taklim, sampun bibar anggenipun tadarus al Quran, sampun bibar anggenipun jihad berjuang kangge jumbuhaken Islam minangka rahmatan lil ‘alamiin kangge kemajengan ugi kejayaan Islam. Sahingga prasasat dipuntilar wulan Ramadhan sesarengan tumindak sae dipuntilaraken sahingga masjid, mushalla, sepi dipuntilar dening umatipun, rukuh sajadah dipuncanthelaken, al Qur’an dipuntinggalaken.

Mangga kita muhasabah dipun etang diri kita piyambak-piyambak saksampunipun kita tingkas nindakaken shiyam ing wulan Ramadhan kados pundi anggenipun kita ngabekti dumateng Gusti Allah nindakaken amal ibadah, menawi akhir saking wulan Ramadhan boten ningkat amal ibadahipun utawi malah mandhap kualitasipun pramila tiyang-tiyang punika sejatosipun tiyang ingkang rugi. Kados sampun kasebat wonten salah satunggaling ayat :

Lan saktemene Ingsun dadekake kanggo isi neraka Jahanam akeh-akehing saka jin lan manungsa, dheweke padha duweni ati ananging ora digunakake kanggo mahami (ayat-ayate Allah), lan dheweke duweni mata ananging ora digunakake kanggo ningal lan dheweke padha duweni kuping ananging ora digunakake kanggo ngurongake (marang ayat-ayate Allah). Dheweke iku kaya dene kewan ingon-ingon malah dheweke luwih asor, dheweke iku wong-wong kang padha lali”. (Terjemah Qur’an Basa Jawa Surat Al A’raf ayat 179).

Hikmah saking ayat punika nggih manungsa ingkang boten saged ngginakaken ati, mripat lan kupingipun diumpamakaken kados kewan ingon-ingon malah langkung asor malih, perkawis punika ingkang wonten akhir-akhir punika kathah kedadosan dipun mangertosi kathahipun jin ugi manungsa ingkang lali padahal perkawis punika ingkang dados sebab badhe dipun lebetaken wonten ing neraka jahanam. Sejatosipun ibadah ingkang langkung sae nggih punika ibadah kanthi istiqomah artosipun ibadah ingkang dipun lampahi kanthi ajeg syukur-syukur ningkataken kualitasipun, nalika piyambakan utawi sesarengan, nalika wekdal sela utawi wekdal sumpek, nalika sugih utawi miskin, nalika sehat utawi sakit, nalikaning anem utawi sepuh.

Jamaah Jumat Rahimakumullah,  Temtu sedaya tumindak sae bakal wonten godhanipun, tiyang Jawa mastani agama saking ageman, ageman kang resik, syukur dipun gosok lan dipun paringi minyak wangi. Yektos badhe sekeca dipun agem, luwes dipun pirsani, ugi semerbak wanginipun, semanten ugi agami Islam menawi dipuntindakaken kanthi saestu yektos badhe datengaken kemaslahatan dateng pribadi, keluarga ugi masyarakatipun.

Miturut pangandikanipun Rasulullah shalallahu’alaihi wassalam sinaosa sedaya manungsa gesang punika dipunginakaken kangge ngibadah yektos dereng saged kange bayarkan anugrahanipun Allah SWT. Pramila punika mangga kita tansah ningkataken ibadah kita dumateng Allah SWT, kaleres ibadah maghdah ugi ghairu maghdahipun. Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dateng kita sedaya lan mugi-mugi Gusti Allah kersa bikak manah dateng kawulanipun ingkang dereng insaf. Tiyang Islam ingkang ngibadah kanthi istiqomah, ikhlas, sabar lan tawakal, sayektosipun badhe dipun berkahi ati ingkang tentrem raos tansah pikantuk pangayoman saking Gusti Allah piyambakipun rumaos caket dateng Allah. Tiyang ingkang mekaten punika badhe dipun paringi kanugrahan tanpa upami boten saged dipunetang, sahingga tiyang punika boten badhe supe tansah ngonjukaken raos syukur kanthi tansah ningkataken amal ibadahipun ugi taat dumateng Allah.

Jamaah Jumat Rahimakumullah,  Akhiripun kula aturaken kagem pangemut-emut khususipun dumateng diri kula piyambak sumrambah dumateng jamaah sedaya mangga sami-sami kita pundhut sedaya keberkahan wulan Ramadhan punika kagem ngajeng-ajeng kamulyan kanthi tansah ningkataken ibadah dumateng Allah Ta’ala ningkataken kualitas angenipun nglampahi sedaya syariat-syariatipun ugi tansah nebihi sedaya awisan-awisanipun amargi anamung kanthi mergi punika kita saged pikantuk kamulyan ingkang kita sedaya tansah ajeng-ajeng.

Mekaten artikel Khutbah Jum’at Tema Ramadhan punika kanthi judul : ”Ningkataken Kualitas Ibadah Ing Wulan Syawal” mugi paring manfaat dumateng kita sedaya, kanthi hurmat nyuwun bantuanipun saged klik SHARE utawi LIKE supados saged sareng-sareng kita sebar manfaat, nuwun.   

 

BACA SELANJUTNYA... 

Berikut ini adalah DAFTAR ISI LENGKAP KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2022

Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak.

 


    Demikian artikel yang berisi kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2022, semoga bermanfaat, Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak

Posting Komentar

0 Komentar