Subscribe Us

"Lurus Tauhid, Tansah Dherek Sunahipun Rasul" Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 1 Desember 2017

Tiyang Ingkang Lurus Tauhidipun Tansah Dherek Sunahipun Rasul
Sedaya puja lan puji dumateng Allah Ta’ala ingkang wonten ngarsanipun kita ngonjukaken raos syukur kagem limpahan nikmat ingkang boten nate mandheg tansah tumurun dumateng kita sami. Allah ugi ingkang sampun nyisipaken hidayah ing saklebeting manah ingkang kanthi hidayah punika Allah kersa paring bikak manah kita tindak dateng Masjid ingkang minulya punika, sahingga kita saged ngempal nglampahi kewajiban Muslim nggih punika nindakaken Sholat Jum’at ugi mirengaken Khutbah Jumat Basa Jawa. Shalawat saha salam mugiya tansah kacurah dumateng junjungan kita Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam, ingkang sampun paring pitedah dumateng kita sedaya dateng mergi ingkang leres ingkang padhang ingkang sempurna.
Saklajengipun keparenga khatib paring pangemut-emut khususipun dumateng diri kula piyambah sumrambah dumateng jamaah Jumat sedaya mangga kita tansah ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, amargi boten wonten sangu ingkang langkung sae ingkang saged paring keselametan dumateng kita wonten pagesangan fid diini wal akhirat kajaba namung taqwa. Inna akramakum indallahi atqakum, kanthi taqwa dumateng Allah SWT punika kita nglampahi pagesangan rina wengi ing donya punika.
Wonten ing wulan Rabiul Awal punika, masyarakat kita gadhahi kebiasaan mengeti dinten Maulid Nabi Muhammad SAW mawi werni-werni kegiatan kados pengajian lan saksanesipun. Acara-acara punika sampun dados budaya awit saking zaman pemerintahanipun Bung Karno dumugi dinten punika sampun rutin dipun wontenaken acara kagem mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW kagem ngungkapaken raos trisna dumateng Nabi Muhammad. Kathah mauidhah hasanah kagem neladani Rasulullah anamung wigatosipun kegiatan punika kedah saged bika manah kita bilih sampun wonten suri tauladan ingkang agung lan mulya nggih punika Rasululllah ingkang kedah dipun ejawantahaken dumateng sedaya lampah lan tumindak kita kanthi niru senajan namung kuwaos sekedhik, sahingga acara-acara ingkang sampun rutin katindakaken turun temurun punika boten mandheg dados sekedar acara seremonial kemawon.
Sinaos Rasulullah piyambak boten nate nyuwun dipun pengeti dinten lairipun ugi para sahabat nabi ingkang jelas-jelas sampun paring bukti katresnan dumateng panjenenganipun Nabi Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam, anamung ikhtiar kagem neladani gesangipun Rasulullah kados ingkang asring dipun aturaken dening para kyai wonten ing acara-acara Maulid Nabi inggih satunggal perkara ingkang wigatos, amargi saktemenipun keimanan kita dumateng Allah ta’ala boten badhe sempurna sakderngipun kita dadosaken Rasulullah SAW kagem teladan. Allah paring firman : “Saktemene wis ana ing (diri) Rasulullah iku suri tauladan kang apik kanggo sira (yaiku) kanggo wong-wong kang ngarep-arep (rahmat) Allah lan (tekane) dina kiamat uga tansah nyebut Allah” (Terjemahan Jawa Qur’an Surat Al Ahzab : 21)
Wonten ing ayat punika Allah SWT sampun jelasaken bilih tiyang-tiyang ingkang neladani Rasulullah nun nggih tiyang-tiyang ingkang leres ugi lurus tauhidipun dumateng Allah, tiyang-tiyang punika ingkang tansah ngarep-arep ridhaning Allah ugi walesan ingkang sae wonten ing kampung akhirat, ingkang tansah nglampahi pagesangan kanthi kathah nyebat asmanipun Allah SWT. Wonten satunggaling ayat Allah negasaken bilih syarat nampi tresnanipun Allah nggih punika dherek langkah-langkahipun (sunnah Rasulullah) Shalallahu ‘alaihi wassalam) : “omongna : “Yen kowe (temenan) tresna marang Allah, melu aku, mangka Allah bakal tresna lan ngampuni dosa-dosa sira kabeh”. Allah Maha Pangapura ugi Maha Asih.” (Terjemah Jawa Qur’an Surat Ali Imran : 31).
Kagem dherek sunah-sunahipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam nggih kewajiban azasi kagem tiap-tiap Muslim, punika nggih konsekuensi saking syahadat kita ingkang angka kalih Waasyhadu anna Muhammadar Rasulullah ugi dhereki sunah-sunahipun Rasul punika minangka mergi keselametan wonten ing akhir zaman. Rasulullah paring sabda wonten satunggaling hadits : “Aku wis ninggalake kanggo kowe kabeh petunjuk kang terang, bengine koyo rina. Ora ana kang ninggalake saka dalan iku kajaba bakalan binasa. Sopo wonge saka wong kowe kabeh kang urip mangka bakal weruh perselisihan kang akeh, kowe kabeh wajib nyekeli kanthi kenceng mawa apa-apa kang mbok weruh saka sunahku lan sunah para khulafaur rasyidin kang oleh petunjuk, cokot sunah-sunah iku nganggo geraham. Seyogyane kowe padha taat meski marang budak habasyi. Wong mukmin iku koyo unta kang jinak neng ngendi papan wong mukmin ditaleni bakalan nurut.” (Hadits Riwayat Ibnu Majah & Imam Ahmad).
Mila kanthi mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW punika kita tansah ningkataken katresnan kita dumateng panjenenganipun Nabi Muhammad Shalallahu alaihi wassalam kanthi dhereki sedaya suri tauladanipun kanthi sempurna, mangga kita sareng-sareng ngonjukaken donga :
Ya Allah jagi iman kawula lan paring kesempatan ngraosaken manisipun iman wonten ing pagesangan punika nggih kanthi neladani sedaya sunah-sunahipun kanjeng Nabi Muhammad saksae-saenipun sakderengipun panjenengan mundhut nyawa kawula ngadhep pangarsanipun panjenengan Gusti, paringana manah kawula supados boten menggalih dherek tipu daya syaithan ingkang ngrusak amal ibadah ingkang kawula aturaken anamung dhumateng panjenengan Gusti. Amiin.
DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017

  

Posting Komentar

0 Komentar