Subscribe Us

"Pribadi Ingkang Manfaat" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 3 November 2017

Telah terbit buku Kumpulan Khutbah Jum’at Bahasa Jawa Lengkap 1 Tahuun 2017, kini bisa didownload via GoogleDrive, kunjungi : www.biy.ly/unduhsaja - bisa juga mengirimkan email ke kami untuk minta dikirimkan softcopy Buku Kumpulan Khutbah Jumat lengkap satu tahun via email : info.jengkar@gmail.com atau untuk mendapatkan Bukunya kini sudah bisa dipesan dan siap kirim ke alamat anda, pesan sekarang hubungi CS kami. 

- khutbah pertama - 
إن الحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونعوذ بالله من شرور أنفسنا وسيئاتأعمالنا من يهده الله فلا مضل له ومن يضلل فلا هادي له أشهد أن لا إله إلاالله وأشهد أن محمدا عبده ورسوله

ياأيها
 الذين آمنوا اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون

ياأيها
 الناس اتقوا ربكم الذي خلقكم من نفس واحدة وخلق منها زوجها وبثمنهما رجالا كثيرا ونساء واتقوا الله الذي تساءلون به والأرحام  إن الله كانعليكم رقيبا

ياأيها
 الذين آمنوا اتقوا الله وقولوا قولا سديدا يصلح لكم أعمالكم ويغفرلكم ذنوبكم ومن يطع الله ورسولهفقد فاز فوزا عظيما، أما بعد ...

فأن
 أصدق الحديث كتاب الله، وخير الهدى هدى محمد صلى الله عليه وسلم، وشر الأمور محدثاتها، وكلمحدثة بدعة وكل بدعة ضلالة، وكل ضلالة في النار.




Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqull
aha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm suubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqull
aha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.

Keparenga kula caos pangemut-emut khususipun dhumateng kula piyambak sumrambah dumateng sedaya jamaah, sumangga sampun ngantos kendel utawi kendhat anggen kita terus usaha lan ikhtiyar murih saya ningkatipun taqwa kita dhumateng Allah SWT. Awit selaku tiyang mukmin kita kedah saget anggadhai aqidah ingkat kiyat, keimanan ingkang teguh, sahingga kanthi iman saha taqwa ingkang kiyat lan tegun, kita sedaya saged pikantuk predikat tiyang ingkang paling mulya ing ngarsanipun Allah. Makaten ingkang dipun dhawuhaken Allah wanten ing Kitab Sucinipun, Al-Qur’an Surat Al-Hujarat ayat 13 : “Saktemene wong kang paling mulya ing ngarsane Allah, ing antarane sira kabeh, yaiku wong kang paling taqwa marang Panjenengane”.
Mugi-mugi ayat dhawuhipun Allah punika saged saya nambahi gumregah lan gumregut ing semangat kita anggenipun badhe terus ningkataken ketaqwaan kita dhumateng Allah sarana nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisan-awisanipun. Ing saklajengipun Allah ngendika wonten ing Surat Al Imran ayat 102 : “He wong-wong kang iman,  Sira kabeh padha taqwa-a marang Allah kanthi taqwa kang sabener-benere! Lan sira kabeh aja pisa-pisan mati kejaba tetep dadi wong Islam”. 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Pribadi Ingkang Manfaat"


tinulis dening : Abi Ahya | sumber : www.jengkar.com

Saklajengipun keparenga kula paring pangemut-emut khususipun dumateng diri kula piyambak sumrambah dumateng jamaah Jumat sedaya mangga kita tansah ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, amargi boten wonten sangu ingkang langkung sae ingkang saged paring keselametan dumateng kita wonten pagesangan fid diini wal akhirat kajaba namung taqwa. Inna akramakum indallahi atqakum, kanthi taqwa dumateng Allah SWT punika kita nglampahi pagesangan rina wengi ing donya punika.
Nalika Rasulullah Shallahu ‘Alaihi Wassalam wafat, Abu Hurairah Radhiyallahu ‘Anhu nembe I’tikaf wonten Masjid Nabawi lajeng manggihi satunggaling tiyang ingkang nembe sedih, lajeng Abu Hurairah nyaketi tanglet punapa ingkang dadosaken tiyang punika sedih. Saksampunipun dipunparingi penjelasan, Abu Hurairah paring bantuan dumateng tiyang kasebat, “Ayo metu karo aku, aku bakal bantu nyukupi kebutuhanmu”, tiyang punika kagem lajeng jawab, “Punapa panjenengan lila ninggalaken I’tikaf kagem nulung kula”, Abu Hurairah ngendika, “Ya sedulurku, aku lila. Saktemene aku wis tau krungu Rasulullah Shallahu ‘Alaihi Wassalam paring sabda :”Saktemene mlakune wong ing antaraning sira kanggo nyukupi kebutuhan sedulure, iku luwih becik tinimbang I’tikaf ning masjidku sewulan lawase” (HR. Thabrani).
Kados ingkang sampun dipuntindakaken dening Abu Hurairah Radhiyallahu ‘Anhu nalika semanten kedahipun tiyang Muslim ugi nggadhahi kewajiban ingkang sami kagem nulung sedherekipun sesami Muslim ingkang saweg susah, ganjaranipun miturut hadits punika langkung sae tinimbang I’tikaf, karakter punika pun sebat nafi’un li ghairihi ingkang artosipun rumaos pengin bantu sedherek Muslim saking masalah. Miturut para ulama perkawis punika inggih wujudipun sedekah, kabecikan ingkang dipun lampahi dening Muslim kagem bantu Muslim sanesipun boten namung arupi bandha ananging ugi kabecikan sanes saged arupi bantuan punapa kemawon.DAFTAR ISI KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017 <<< KLIK DISINI >>>

Muslim ingkang taat wonten tandanipun inggih rumaos pengin nggadhahi manfaat dateng sedherekipun Muslim, miturut An Nas bilih Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam boten namung sae dumateng umatipun ananging ugi dateng tiyang Yahudi ingkang nalika semanten asring nyela Rasulullah anamung Rasulullah bales kanthi nindakaken kabecikan dumateng Yahudi ingkang wuta kala wau. Sifat seneng tinulung punika kedahipun wonten ing sedaya aspek pagesangan kados contonipun satunggaling pedang kedahipun paring keterangan ingkang leres dumateng tiyang ingkang badhe tumbas, punika ugi conto pribadi ingkang paring manfaat dumateng liyan. Guru utawi penceramah kedahipun paring informasi boten anamung ngarep-arep untung utawi honor utawi gaji ananging tujuan utaminipun inggih dados tiyang ingkang manfaat, paring warisan wujud ilmu punika langkung sae ingkang ganjaranipun tansah sinambung sahingga tiyang punika pejah ganjaranipun boten badhe putus. Dokter utawi juru rawat ugi kedahipun paring pelayanan ingkang sae dumateng pasienipun kanthi dasar niat bantu, ngupados sedaya perkawis kagem nulung sedherekipun semata-mata kagem ngarep ridhanipun Pangeran. Semanten ugi kagem sedaya profesi, jabatan lan sanes-sanesipun kedah dipunutamakaken paring pitulungan kanthi niat namung nyuwun ridhanipun Allah Ta’ala boten gadhah tujuan sanes.
Dados pribadi ingkang manfaat temtu boten satunggal perkawis ingkang gampang, perkawis punika bakal betahaken kathah wekdal, pikiran ugi tenaga, anamung sejatosipun ganjaran ingkang dipunjanjikaken Allah Ta’ala langkung ageng tinimbang pengorbanan ingkang kita lampahi. Mangga sami nggadhahi prinsip dherek sedih nalika ningali sedherek Muslim sedih lan dherek bingah nalika ningali sedherek Muslim bingah boten sakwalikipun, Firman Allah :
Yen sira nglakoni kabecikan kanggo liyan saktemene sira nglakoni becik kanggo awak ira dhere” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat 17 ayat 7).
Sabda Rasulullah :
Sapa wonge nyukupi sedulure mangka Allah bakal nyukupi kabeh keperluane” (Muttafaq ‘Alaih)
Ampun khawatir utawi ajrih nalika nulung sedherek Muslim amargi Allah badhe nyekapi sedaya kebutuhanipun, boten wonten Dzat ingkang tansah netepi janji kajaba namung Allah Ta’ala, Allah badhe bales kabecikan ingkang kita lampahi malipet-lipet ingkang dipun etang dados kabecikan wonten ing donya dumugi akhirat. Kados pundi kita paring pitulungan dumateng sedherek Muslim? Wonten werni-werni perkawis ingkang saged kita lampahi kagem paring pitulung dumateng sedherek Muslim, nggih punika :
Sepisan kanthi Ilmu, inggih ilmu ingkang sampun dipunparingi dening Allah Ta’ala dumateng kita lajeng kita bagekaken dateng tiyang sanes ngajari ugi nglatih tiyang sanes punika salah satunggaling wujud paring manfaat dumateng tiyang sanes.
Kaping kalih mawa bandha, kita manfaataken bandha ingkang sampun kaanugerahaken dening Allah Ta’ala kagem bantu sesami Muslim nggadhahi kautaman ingkang ageng, punika ugi wujud bilih Muslim punika paring manfaat dateng Muslim sanesiipun.DOWNLOAD APLIKASI KHUTBAH VIA GOOGLEDRIVE <<< KLIK DISINI >>>

Kaping tiganipun kanthi wekdal ugi nyumbang tenaga, maksudipun nalika kita mireng kesusahan sedherek Muslim kita bantu kanthi tumindak kagem ngentheng-enthengi urusanipun, ngluangaken wekdak ugi dados perkawis ingkang langkung entheng anamung asring kita sering dadosaken awrat kanthi alasan kagem istirahat, kesel, boten kepenak awak lan sanesipun.
Kaping sekawan mawi ucapan, nggih ucapan ingkang sae saged dados motivasi ingkang saged paring ketenangan lan ngajak dumateng kabecikan. Paring semangat lan dukungan ingkang sae saged bantu tiyang dumugi kabecikan, boten malah namung paring kritik ingkang boten sae ingkang namung ngala-ala utawi nyela sahingga tiyang malah ilang semangatipun.
Ingkang kaping gangsal inggih ngagem sikap kita, perkawis punika ingkang paling gampang dipunbandingaken angka satunggal dumugi sekawan kasebat, sanget sederhana ananging saged paring manfaat ingkang kathah dumateng tiyang sanes. Mila kanthi sikap ingkang sae kita saged milai bantu para sedherek ingkang nembe dipun paringi ujian utawi cobaan, kanthi pangarep-arep tiyang punika saged entheng masalahipun.
Punika gangsal perkawis ingkang dipunsebat nafi’un li ghairihi kanthi manah ingkang ikhlas, Allah badhe bales kabecikan ingkang kathah. Mila punika mangga kita sami nggatosaken sedherek-sedherek kita utaminipun ingkang nembe kesusahan, kita kedahipun tansah yakin bilih sedaya kabecikan ingkang kita lampahi kagem bantu tiyang sanes sejatosipun badhe wangsul dateng diri kita piyambak. Mugi-mugi Allah tansah ngenthengaken langkah-langkah kita nglampahi kabecikan sahingga saged tansah caket dumateng para sedherek ugi nyaketaken hubungan kita dumateng Allah Ta’ala, Amiin.




بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ.

- khutbah kedua -

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ






DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017


NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017


Posting Komentar

0 Komentar