Subscribe Us

"Surat Al Maidah Sanes Perkara Enggal" - Naskah Khutbah Bahasa Jawa 10 Februari 2017

6. Surat Al Maidah Sanes Perkara Enggal
Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah, Mangga kita tansah ningkataken anggen kita sami taqwa dumateng Allah saben dintenipun kranten kanthi taqwa kita sedaya saged manggeh keselametan dunya akhirat, sakderengipun bahas Surat al-Maidah ayat 51 mangga sekedhap kita ngemut-emut kedadosan ingkang akhir-akhir punika saweg panas inggih perkara salah satunggaling pejabat ingkang nggunakaken ayat 51 Surat Al Maidah padahal tiyang kasebat sanes Muslim, tiyang punika seolah-olah badhe nggugat ayat al-Qur’an padahal ayat al-Qur’an punika sampun tumurun atusan tahun kapengker. Kedadosan punika ngemutaken kita dening kisah nalikaning Rasulullah wafat, Umar khutbah kanthi lantang negesaken bilih Nabi Muhammad boten wafat, ananging sowan wonten panggilanipun Rabb kados ingkang kedadosan dening panjenenganipun Nabi Musa ‘alaihissalam. Mireng perkara punika Abu Bakar langsung nuweni jenazah Nabi Shalallahu ‘alaihi wassalam saperlu negesaken kondisinipun, mangertosi keadaan bilih Rasulullah saestu sampun wafat, Abu Bakar jengkar dumugi dateng ing umat ingkang wonten panggenan punika wonten Umar bin Khathab lajeng Abu Bakar ngendika : “Sopo wonge nyembah Nabi Muhammad Sholallahu ‘alaihi wassalam, gatekno Muhammad wis mati, lan sopo wonge nyembah Allah, Saktemene Allah Maha Gesang lan ora bakal mati”.

Saklajengipun Abu Bakar ngutip firman Allah wonten Al-Qur’an Surat Ali Imran:144 ingkang artosipun :
Muhammad iku ora liya mung Rasul, saktemene wis ana pira-pira Rasul sakdurunge, kapan Muhammad mati utawa dipateni, apa kowe kabeh bakal murtad? Sapa wonge kang murtad, wong iku ora bakal ngrugeni Allah lan Allah barang paring balasan marang wong-wong kang syukur (Terjemah QS. Ali Imran : 144 Bahasa Jawa).

Ibnu Abbas paring komentar dumateng perkara punika, “Demi Allah kaya-kaya masyarakat durung tau weruh yen Allah wus nurunake ayat iki sahingga diwaca dening Abu Bakar, lan disebut-sebut dening wong-wong akeh. Saben-saben ketemu wong mesti wong iku maca ayat iki (ar Rahiq al Makhtum, hlm. 432 terjemahan Bahasa Jawa).

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah, Sakderengipun pejabat ingkang nyebat Surat Al-Maidah ayat 51 punika, masyarakat boten sadar lan boten nate paring kawigatosanipun bilih ayat punika minangka dalil larangan milik pemimpin saking kalangan Yahudi lan Nasrani. Saestu punika efek samping saking konspirasi ingkang sapunika saweg dipun gencaraken, anamung Allah paring kehendak sanes konspirasi pun bales konspirasi lan Allah inggih saestu ingkang gadhahi konspirasi paling sae kados kasebat wonten ing Surat Ali Imran ayat 54.
Saklajengipun ingkang kedah kita mangertosi nggih punika bilih tiyang-tiyang kafir ugi dherek sinau punapa pesan ingkang wonten ing saknglebeting Al-Qur’an, tiyang-tiyang kafir punika boten purun nampi kebajikan sami kufur wonten isinipun Al-Qur’an, punika dalil bilih sejatosipun hujjah (bukti kebenaran) sampun dumugi dening tiyang-tiyang punika anamung amargi boten gadhahi hidayah taufiq mila tiyang-tiyang kala wau boten purun ngamalaken. Dipun riwayataken saking jalur Thariq bin Syihab, bilih nate wonten tiyang Yahudi ingkang ngadhep Umar bin Khathab radhiyallahu’anhu matur : “He Umar, wacakna sawijing ayat ing kitabmu, saktemene yen ayat iku tumurun marang aku kaum yahudi, mangka aku bakal dadekna dina iku dadi dina riraya”. Umar takon “ayat apa iku he wong Yahudi”,  tiyang Yahudi punika lajeng jawab firman Allah ing Al Maidah ayat 3.
Kedadosan kados punika boten namung sepindah minangka bukti bilih kaum Yahudi, Nasrani tetep maos ugi sinau sahingga hujjah dumugi tiyang-tiyang kafir. Satunggal malih kisah riwayat Umar bin Khathab radhiyallahu’anhu saking Sammak bin Harb saking Iyadh. Umar paring perintah dateng Abu Musa al-Asy’ari nglaporaken sedaya pemasukan ingkang dipun tampi ugi diserahaken wonten ing satunggaling catetan, Abu Musa gadhahi satunggal juru tulis ingkang agamanipun Nasrani, lajeng catetan punika dipun serahaken Umar radhiyallahu’anhu, Umar ngendika “Catetan iki rinci, mengko ana ing masjid kowe wacakno surat saka Syam”, Abu Musa jawab “Tiyang punika boten pareng mlebet masjid”, Umar ngendika malih “Ngopo? Wong iku junub sahingga ra iso mlebu masjid?”, Abu Musa jawab malih, “Boten, tiyang punika Nasrani”, lajeng Umar bentak ugi ngantem sikilipun Thariq lan ngendika “pecat wong iki”, lajeng Umar radhiyallahu ‘anhu maos firman Allah wonten ing Surat Al-Maidah ayat 51 :
Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah, Riwayat punika dipun sebat wonten ing Tafsir Ibnu katsir (3/132), Umar nglarang tiyang kafir dados pejabat sinaoso namung juru tulis ing pemerintahan. Mila mangga kita sedaya akhir-akhir punika sampun dipun paringi pepadhang saking Allah Ta’ala kedah dipun waos dipun wigatosaken, kita asring boten paring wigati dening Surat Al Maidah ayat 51 ingkang nglarang milih pemimpin non Muslim, lajeng Allah dadosaken kepleseting lathi salah satunggaling pejabat ing negeri punika ingkang saklajengipun dadosaken perkawis heboh wonten ing media massa elektronik ugi online nembe perkawis punika dados wigatosing kaum Muslim, sakderengipun wonten perkawis punika jarang kaum Muslim ingkang purun maos utawi nglampahaken ayat punika anamung sapunika sampun dipunelingaken mangga sami-sami kita sesarengan ngugemi ayat-ayat Al-Qur’an tumuju derajat taqwa inggih punika nglampahi sedaya perintahipun ugi ngawisi sedaya laranganipun. Amin

ados dhaharan, sandang lan kebutuhan sanesipun, Rasulullah nate dhawuh :”Sapa wonge gelem ngeculake wong muslim saka kesusahan donya, mangka Allah bakal ngeculake wong iku saka kesusahan ing akhirat. Sopo wonge gelem ngenthengake bebane wong sing kesusahan, mangka Allah bakal nggampangake urusane ana ing akhirat, lan sapa wonge gelem nutupi aibe wong muslim, mangka Allah bakal nutupi cacate wong iku mau ana ing donya lan akhirat, lan Gusti Allah tansah nulungi marang sapa wae hambane kang gelem nulungi marang sedulure kaum Muslimin” (HR. Muslim). Sampun dados kewajiban sesaminipun kaum Muslim paring pitulungan Muslim sanes ingkang saweg nampi bencana, kedahipun boten kuatir utawi ragu-ragu paring pitulungan punapa malih ajrih bakal kekirangan bandhanipun amargi paring pitulungan dumateng muslim sanes. Rasulullah ugi nate ngendika : ” “Dudu termasuk golonganku, wong-wong kang ora peduli marang perkara-perkarane  umat Islam”

Ingkang dados pungkasan kita kedah tansah eling bilih sakwanci-wanci bencana saged kemawon dumugi tanpa kita nyana, kita boten saged mangertosi kapan ugi kados pundi bencana punika bakalipun kedadosan. Pramila mangga sakpunika kita sadar tambah ajrih ugi enggal-enggal taubat dumateng Allah, sumangga kita ngathah-ngathahaken anggenipun istighfar ugi kesabaran kita sedaya. Sepindah malih kita ingkang rumaos gadhah kuwaos kagem mbiyantu sedherek-sedherek ingkang nampi musibah enggal-enggal paring pitulungan, mugiya kita sedaya dipun tebihaken saking sedaya musibah lan bencana ugi kagem para korban bencana kita dedonga mugi sedherek-sedherek kita punika termasuk golonganipun syahid. Amiin


DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017

Posting Komentar

0 Komentar