Subscribe Us

"Sinau Saking Semut" - Naskah Khutbah Bahasa Jawa 19 Mei 2017

Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saestu nggih punika nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing dunya punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi kita tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin
Wonten kathah perumpamaan ingkang Allah paringaken kagem nuntun pagesangan kita, ananging kita asring boten migatosaken ciptaan-ciptaanipun Allah, sinaos wonten ciptaan Allah punika wonten pelajaran ingkang wonten artosipun dumateng gesang kita. Ananging ilmu kita asring boten saged mahami tanda-tanda punika, kados ingkang kasebat wonten Al Qur’an nggih punika nyamuk, nyamuk ingkang saged kemawon kita anggep makhluk ingkang ringkih, alit lan kadang dipun anggep boten wonten manfaatipun ananging kagem tiyang ingkang gadhah iman mestinipun yakin bilih sedaya perumpamaan punika leres, kados ingkang kasebat wonten firman Allah Ta’ala : ”Saktemene Allah ora segen paring perumpamaan kaya nyamuk utawa kang luwih awon saka iku, lan wong-wong kang iman mangka yakin marang perumpamaan iku bener saka pangerane, ananging wong kafir ngomong :”Apa maksud Allah dadekake perkara iku kanggo perumpamaan?” mawa perumpamaan iku akeh wong kang den sesatke dening Allah lan kanthi perumpamaan iku (uga) akeh wong kang diwenehi pitunjuk. Lan ora ana kang disesatke Allah kajaba wong-wong kang fasik” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Al Baqarah ayat 26).
Ayat punika jelasaken bilih saben ciptaan Allah mesti gadhah manfaat, nggih saged numbuhaken iman kita dumateng Allah, punapa wonten ilmu utawa teknologi modern ingkang saged nyiptakaken makhluk kados nyamuk? Boten wonten. Mangka kanthi ciptaan-ciptaan Allah, kita dipuntuntun supaya dados manungsa kang gadhahi iman lan tanggungjawab anggenipun gesang wonten donya punika. Manungsa ugi sejatosing namung dipunciptakaken saking bahan ingkang hina, ananging kerana welas asihing Allah, manungsa saged dados makhluk kang nguwaosi Ilmu Pengetahuan lan Teknologi, tanpa kuwaosipun Allah manungsa boten gadhah artos punapa-punapa.
Mangga kita sami gatosaken semut, punapa ingkang dipunlampahi dening makhluk alit punika, wonten pinten-pinten perkawis ingkang saged kita sinaoni saking semut nggih punika :
Pertama, semut inggih makhluk ingkang tangguh, semut saged mlampah tebih sinambi nyangking beban panganan ingkang dipunusahakaken, nalika mlampah mandheg sekedhap kagem nyapa rencangipun ingkang dipunpanggihi ing mergi, punika nerangaken bilih semut saged gadhahi jaringan utawi hubungan sosial ingkang teratur ugi disiplin, kanthi tegur sapa lan jalin hubungan sae punika saged nyiptakaken jaringan kerja ingkang saged kemawon saling membutuhkan lan saling menguntungkan.
Kaping kalih, semut jarang anteng, piyambakipun terus gerak ngupaya lan wonten kemawon ingkang dipuntindakaken, piyambakipun tansah sibuk. Sanget sia-sia bilih kita manungsa boten nindakaken amal sae namung nelasaken wekdal kagem tumindak ingkang sia-sia lan boten paring keuntungan ing donya lan akhirat.
Kaping tiga, semut boten nate mikul beban piyambakan, semut tansah gotong royong kaliyan rencang-rencangipun kagem mikul beban sesarengan, boten rumaos paling kuat ugi mentingaken awakipun piyambak. Semut nyambut damel ngagem tim, mila strategi lan cara nyambutdamel ingkang beda-beda kerana kerja kanthi tim, mangka beban ingkang abot saged dipunlaksanakaken kanthi sae.
Kaping sekawan, semut tansah beta faedah dumateng rencangipun, semut nyangking hasil kerjanipun wonten sarang lajeng dipun bagi hasil punika kagem sesami semut ingkang boten kuwaos nyambutdamel, piyambakipun boten ngrumangsani mutlak nggadhahi punapa ingkang dipunusahaken ananging purun bagi karunia Allah dumateng sesami.
Kaping Gangsal, semut boten nate ngrusuhi sekedhik kemawon wonten tugas-tugasipun, semut tansah tanggungjawab wonten pedamelanipun lan bentuk tim sahingga saged mikul beban ingkang berat tanpa ngrusak sekelilingipun.
Gesangipun semut paring pitedah dumateng kita kados pundi manungsa ugi perlu nyambut damel kanthi giat, bangun jaringan kerja, bangun tim ugi berbagi wonten pekerjaan lan hasilipun. Sedaya punika dipun lampahi minangka netepi sunatullah, manungsa bakal rugi donya akhirat nalika boten saged manfaataken pagesangan wonten ing donya punika, ugi sakwalikipun. Yen semut kemawon saged gesang wonten keadaan teratur, peduli sesami, disiplin, gotong royong sampun wajar bilih manungsa ingkang beriman lan gadhahi akal saged gesang langkung sae tinimbang makhluk Allah sanesipun. Kados mekaten Allah paring pangemut emut dumateng kita sedaya bilih iman kedah dipunbuktekaken mawi amal shaleh, lan amal shaleh punika boten sekedar konsep, angen-angen ananging dipunwujudaken kanthi tumindak ingkang nyata lajeng dipunkonjukaken dumateng ngarsanipun Allah Ta’ala. Umpami kita gadhahi angen-angen mila kita kedah ngupados lan usaha, bilih nyuwun setunggaling perkawis kedah purun makarya, mangga sami-sami nenuwun dumateng Allah Ta’ala mugi-mugi dipun paringi kesehatan lan kekitan supados saged kerja nyambut damel kanthi giat kagem nyempurnakaken ibadah dumateng Allah Ta’ala, Amin



DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017

Posting Komentar

0 Komentar