Subscribe Us

"Surat Al Kautsar" - Materi Khutbah 24 Februari 2017 Bahasa Jawa

SURAT AL KAUTSAR

إن الْحَمْد لِلَّه تَعَالَى نَحْمَدُه وَنَسْتَعِيْن بِه وَنَسْتَغْفِرُه وَنَعُوْذ بِاللَّه تَعَالَى مِن شُرُوْر أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَات أَعْمَالِنَا مَن يَهْدِى الْلَّهُ فَلَا مُضِلَ لَه وَمَن يُضْلِل فَلَا هَادِى لَه وَأَشْهَد أَن لَا إِلَه إِلَّا الْلَّه وَحْدَه لَا شَرِيْك لَه وَأَشْهَد أَن مُحَمَّداً عَبْدُه وَرَسُوْلُه
﴿ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ ﴾) آل عمران(
﴿ يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً …﴾ ( النساء)
﴿ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا (70) يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا (71) ﴾) سورة الأحزاب(
أما بعد:
فإن أصدق الحديث كتاب الله وخير الهدي هدي محمد صلى الله عليه وسلم وشر الأمور محدثاتها وكل محدثة بدعة وكل بدعة ضلالة وكل ضلالة في النار.

Jamaah Jumah Rahimakumullah,
Sepindah mangga kita mujudaken syukur kita dumateng ngarsa dalem Allah kanti ningkataken ketakwaan kita mawi berusaha nglampahi dhawuh-dhawuhipun Allah ugi nebihi punapa ingkang dados awisanipun Allah, shalawat ugi salam mugi konjuk dumateng Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wasallam, keluarga, para sahabatipun ugi sedaya umat Islam dhumugi dinten kiamat, Amin.


Khutbah Jumat Bahasa JawaSurat Al Kautsar

oleh Jengkar Abi Ahya | www.NagaMover.com 


Jamaah Jum’ah Rahimakumullah,
Wonten nglebetipun Al Quran wonten satunggaling surat ingkang cekak sanget, Insya Allah kula lan panjenengan sedaya sampun hafal surat punika, inggih punika surat Al Kaustar.  Firman Allah wonten Surat Al Kautsar :
 سم الله الرحمن الرحيم
( إِنَّا أَعْطَيْنَاك الْکَوْثَرَ * فَصَلِّ لِرَبِّکَ وَانْحَرْ * إِنَّ شَانِئَکَ هُوَ الْأَبْتَرُ)

Artosipun Surat Al Kautsar :
Inna a’thoinaka = temen-temen wus pareng nikmat sopo ingsun
Ka = Ing siro (Muhammad)
Fashalli = Mangka shalato sira
Lirabbika = Kerono Allah
Wanhar = Lan Qurban
Innna syaniaka = Temen-temen wong kang benci marang sira he Muhammad
Huwal abtar = Yoiku wong kang terputus (saka rahmating Allah)

Jamaah Jum’ah Rahimakumullah,
Wonten ing ayat pertama Allah negesaken sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng nabi Muhammad wonten ing dunya ugi mangke wonten ing akhirat. sakmangke wonten ing surga Allah bakal maringi nabi Muhammad telaga ingkang ageng sanget toyanipun langkung putih katimbang susu, lan langkung manis katimbang madu harumipun langkung harum katimbang minyak kasturi, lan bejana utawi gelasipun kathah umpami dene lintang ing langit. Lan ingkang langkung istimewa telaga punika dipun khususaken kagem ummatipun Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasallam.

Dipun lajengaken ayat ingkang angka kaleh Allah berfirman فَصَلِّ لِرَبِّکَ وَانْحَرْ  mangka shalata sira kerana Pangeranmu, وَانْحَرْ lan qurban (kagem sarana ibadah nyaketaken dumateng ngarsa dalem Allah), sak sampunipun Allah paring piweling nikmat2pun dumateng Nabi Muhammad Allah paring perintah dumateng Nabi ugi ummatipun dumateng kula lan panjenengan sami supados nindaaken shalat lan nyembeleh Qurban kagem sarana ibadah nyaketaken dumateng Allah subhanahu wata’ala.

Jamaah Jum’ah Rahimakumullah,
Kita sekedhap malih badhe manggihi wulan Dzulhijjah utawi Wulan Haji ingkang wonten saklebeting wulan punika kita badhe ngrayakaken satunggalin dinten ingkang agung nggih punika Idul Adha, wonten perintah kagem ingkang mampu nyembelih hewan Qurban. Mangga kula ngajak sedaya ingkang gadhah kelonggaran rejeki nglampahi ibadah qurban punika ingkang khusus katujukakan dumateng ngarsanipun Allah Ta’ala.

بارك الله لى ولكم فى القران العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من اللأيات والذكر الحكيم وتقبل منى  ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم... اقول قولى هذا وأستغفرالله لى ولكم ولسائرالمسلمين واستغفروا الله انه هو الغفور الرحيم

Jamaah Jum’ah Rahimakumullah,
Wonten ing ayat terakhir Allah paring firman : إِنَّ شَانِئَکَ هُوَ الْأَبْتَرُ
Sapa wonge kang benci marang sira yaiku wong-wong kang saktemene terputus saka rahmating Allah.

Punika artosipun Surat Al Kautsar ingkang saged kita petik setunggaling pelajaran bilih Allah sampun paring kathah kanikmatan dumateng Nabi Muhammad ugi ummatipun, saklajengipun paring perintah nglaksanakaen shalat lan qurban kanthi niat anamung dikhususipun kagem pangeran kita, Allah Ta’ala. Allah ugi paring pitedah bilih tiyang ingkang benci dateng syariat nggih punika tiyang ingkang boten badhe angsal rahmat saking Allah Ta’ala, Naudzubillah min dzaliik. Mangga sesarengan kita sami bersyukur sampun dipun paringi kathah kanikmatan saklajengipun tetep istiqomah nglampahi shalat ugi qurban kanthi niat lurus namung kagem pangeran, Allah ta’ala sahingga benjang wonten ing akhirat dipun kumpulaken kaliyan tiyang-tiyang ingkang angsal rahmat dipun paringi kanikmatan telaga Kautsar, Amiin.


Posting Komentar

0 Komentar