Subscribe Us

7 Mei 2021 "Zakat Ing Wulan Ramadhan" - Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Ramadhan

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 

Tema Ramadhan

7 Mei 2021 "Zakat Ing Wulan Ramadhan" – Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah, Alhamdulillah raos syukur kita konjukaken dumateng ngarsa dalem Allah Ta’ala ingkang tansah paring kanikmatan ingkang boten saged kita etang jumlahipun, nikmat ingkang kacurah rina lan wengi dumateng kita sedaya. Mugiya Allah Ta’ala dadosaken kita hamba ingkang remen syukur, nggih punika kanthi tansah ningkataken taqwa mawi nglampahi sedaya perintahipun ugi nebihi sedaya awisan-awisanipun. Wonten kesempatan punika, keparenga kula paring pangemut-emut dumateng awak kula piyambak sumrambah dumateng jamaah sedaya bilih wonten wulan ingkang kathah berkahipun nggih wulan Ramadhan punika wonten satunggaling amal ingkang utama, amal punika inggih punika zakat.

 



Zakat Ing Wulan Ramadhan 

7 Mei 2021 "Zakat Ing Wulan Ramadhan" - Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah, Perkawis zakat, Alhamdulillah sampun kathah kaum Muslim ingkang sampun nindakaken wonten ing wulan Ramadhan punika, syariat zakat nggih satunggaling bagian saking ibadah ugi salah satunggaling kewajiban wonten ing agama Islam. Kanthi nindakaken zakat artosipun kita sampun taqarrub, nyaketaken diri kita dumateng Allah Ta’ala ugi minangka nindakaken salah satunggalin rukun Islam. Zakat ingkang sampun kawedalaken punika boten artosipun beban ingkang badhe nyebabaken kita miskin, kados ingkang dipunbisikaken dening setan dumateng tiyang-tiyang ingkang taksih ringkih imanipun. Ananging bayar zakat punika malah badhe nambah bandha tiyang punika wau, firman Allah :

 

الشَّيْطَانُ يَعِدُكُمُ الْفَقْرَ وَيَأْمُرُكُم بِالْفَحْشَآءِ وَاللهُ يَعِدُكُم مَّغْفِرَةً مِّنْهُ وَفَضْلاً وَاللهُ وَاسِعٌ عَلِيمُ

“Setan janjeni (meden-medeni) sira bakal melarat lan merintah kanggo nglakoni kejahatan (kikir), nanging Allah janjeni sira ampunan saka ngarsanipun lan karunia. Lan Allah Maha Wiyar (karuniane) lan Maha Ngerteni” (terjemah Al Qur’an Bahasa Jawa Surat Al Baqarah ayat 268).

مَّثَلُ الَّذِينَ يُنفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ فِي سَبِيلِ اللهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ أَنبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِي كُلِّ سُنبُلَةٍ مِّاْئَةُ حَبَّةٍ وَاللهُ يُضَاعِفُ لِمَن يَشَآءُ وَاللهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ

“Perumpamaan (nafkah kang ditokke) wong-wong kang nafkahke bandha ing dalan Allah iku padha karo sakwiji wenih kang ngetokna pitung tangkai, lan saben-saben tangkai iku ana satus wiji. Allah nglipetake (ganjaran) marang sapa wonge kang dikersani. Lan Allah Maha Wiyar (karuniane) lan Maha Mangerteni” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Al Baqarah ayat 261)

7 Mei 2021 "Zakat Ing Wulan Ramadhan" - Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah, Nalika bayar zakat kedahipun kita tindakaken kanthi amanah, kita ngedalaken zakat saking bandha ingkang dipunzakati sekedhik punapa kathah, kita etang kanthi teliti sahingga barang ingkang sampun wajib dipunzakati boten wonten ingkang ketinggal, kerana tujuanipun zakat inggih kagem bebasaken awak kita saking tanggungan kewajiban lan nyelametaken diri kita saking ancaman ingkang maha dahsyat. Allah Ta’ala paring firman :

“Aja sepisan-pisan wong-wong kang bakhil iku nyana yen bandha kang Allah paring marang wong-wong iku saka karuniane nyana yen bakhil iku apik kanggo awake, saktemene bakhil iku ala kanggo awake. Bandha kang dibakhilke iku bakal dikalungna ing gulune nalika dina kiamat. Lan kagungane Allah kabeh warisan (kang ana) ing langit lan bumi. Lan Allah Maha Mangerteni apa-apa kang sira lakoni (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Ali Imran ayat 180).

 

Rasulullah ugi paring sabda :

 

مَا مِنْ صَاحِبِ ذَهَبٍ وَلاَ فِضَّةٍ لاَ يُؤَدِّي مِنْهَا حَقَّهَا إِلَّا إِذَا كَانَ يَوْمُ الْقِيَامَةِ صُفِّحَتْ لَهُ صَفَائِحُ مِنْ نَارٍ فَأُحْمِيَ عَلَيْهَا فِي نَارِ جَهَنَّمَ فَيُكْوَى بِهَا جَنْبُهُ وَجَبِينُهُ وَظَهْرُهُ كُلَّمَا بَرَدَتْ أُعِيدَتْ لَهُ فِي يَوْمٍ كَانَ مِقْدَارُهُ خَمْسِينَ أَلْفَ سَنَةٍ حَتَّى يُقْضَى بَيْنَ الْعِبَادِ فَيَرَى سَبِيلَهُ إِمَّا إِلَى الْجَنَّةِ وَإِمَّا إِلَى النَّارِ

“Ora ana siji wong kang duweni emas lan perak kang ora nunaikake zakate kajaba besok ing dina Kiamat bakal digawekna lempengan-lempengan saka geni lan dipanaske ing dhuwure geni. Lempengan iku kang digunakake kanggo nyeterika awake, bathuke, lan punggunge, nalika lempengan iku wis adhem bakal dipanaske maneh, (kedadean iki) suwene limangewu tahun tekan kabeh hamba rampung diadili. Banjur padha weruh dalan bakal ning swarga utawa neraka”

7 Mei 2021 "Zakat Ing Wulan Ramadhan" - Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah, Saksampunipun nyimak kisah kasebat mestinipun kita ajrih dumateng ancaman-ancaman punika, mila mangga tindakaken zakat kanthi amanah lan paringaken dumateng ingkang berhak nampi boten namung zakat kanthi asal-asalan utawi waton zakat kemawon. Mugi-mugi Allah nampi zakat ingkang kita sampun tindakaken, lan dadosaken kita hamba ingkang taqwa, Amiin.

   

BACA SELANJUTNYA... 


Berikut ini adalah DAFTAR ISI LENGKAP KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2022

Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak.

 


    Demikian artikel yang berisi kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2022, semoga bermanfaat, Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak

Posting Komentar

0 Komentar