Subscribe Us

15 Januari 2021 : "Bakal Tentrem, Punika 10 Sifat Linuwih" - Khutbah Jumat Bahasa Jawa

Khutbah Jumat Lengkap Bahasa Jawa Terbaru Tahun 2021

"Bakal Tentrem, Punika 10 Sifat Linuwih"

SantriONE.com Materi Khutbah Jumat  Bahasa Jawa 15 Januari 2021 – Jamaah Jumat Rahimakumullah, Sepindah mangga kita mujudaken syukur kita dumateng ngarsa dalem Allah kanti ningkataken ketakwaan kita mawi berusaha nglampahi dhawuh-dhawuhipun Allah ugi nebihi punapa ingkang dados awisanipun Allah, shalawat ugi salam kaparingna dateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang leres.Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun. 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 15 Januari 2021 

SantriONE.com Materi Khutbah Jumat  Bahasa Jawa 15 Januari 2021 – Jamaah Jumat Rahimakumullah, Mangga kita sami tansah berjuang lan nglampahi amal sae kados ingkang sampun kagarisaken dening Allah SWT wonten syari’at a Islam, ampun ngantos tumindak kita wonten ingkang nyimpang saking tuntunan agami ingkang suci supados gesang kita pikantuk rahmat sarta pangayomaning Allah SWT, wilujeng tentrem lan manggih kabegjan fid dun yaw al akhirah.Sampun dipun sebataken wonten ing Al Qur’an ingkang jawinipun : “Elinga, saktemene wong-wong kang dikasihi dening Allah iku ora ana rasa kuwatir tumrape wong-wong mau lan ora sedih.”( Q.S. Yunus : 62)

 

SantriONE.com Materi Khutbah Jumat  Bahasa Jawa 15 Januari 2021 – Jamaah Jumat Rahimakumullah, Kawontenan gesangipun manungsa ing donya punika bilih kita emut-emut kenging kita umpamakaken kados dene tiyang kekesahan ingkang tebih nyabrang seganten ingkang kebak ombak tumuju pelabuhan tujuanipun ingkang dipun idham-idhamaken, wonten ing margi ngadhepi prahara lan angin kenceng ingkang nggegirisi, sahingga manawi musafir kala wau boten ngatos-atos mesthi praunipun badhe kandhas lan kerem wonten ing tengahing samudra akhiripun boten saged dumugi tujuan ingkang dipun idam-idamaken. Mila, jalaran manungsa punika inggih namung makhluk ingkang kathah idaman-idamanipun ingkang boten saged kadumugen, boten sedaya ingkang dipun kajengaken dening manungsa mesthi kaleksanan boten sedaya ikhtiyaring manungsa ugi mesthi kasil. punapa sebabipun para sedherek, inggih jalaran sak inggiling manungsa taksih wonten dzat ingkang kuwaos ingkang nemtokaken sedaya samukawis wonten ing donya punika, inggih punika Allah SWT. Jalaran miturut ajaran Islam donya punika wonten ing panguwaosipun Allah, sedaya makhluk termasuk manungsa boten saged uwal saking panguwaosing Allah SWT. Manungsa dipun wajibaken dening agami ikhtiyar nebihi kejahatan lan kemungkaran, ampun ngantos manungsa nekat nglampahi bab-bab ingkang boten sae jalaran ingkang makaten punika boten cocok kaliyan fitrahipun manungsa. 

 

Manungsa kepengin pinter kedah berjuang ngupados ilmu, kepingin sandhang tedha kedah ngetog kekiyatan ngupados sandhang tedha kanthi margi ingkang halal boten kenging ngalamun namung ngajeng-ajeng dhawahing emas saking langit, jalaran saestunipun langit boten badhe jawah emas lan perak. Para sedherek dipun sebataken wonten ing Al Qur’an ingkang jawinipun : “Samangsa wis rampung shalat mula banjur padha sumebara kowe kabeh ana ing bumi lan padha goleka anugerah rizkining Allah lank owe kabeh akeh anggone eling marang Allah SWT. supaya kowe kabeh oleh kabegjan.” (Terjemah Qur’an Basa Jawa Surat Al Jumu’ah)

Ugi wonten ayat sanes ingkang jawinipun : “Saktemene Allah ora bakal ngowahi apa kang disandhang dening sawijining kaum sahingga kaum mau ngreka daya ngrobah apa kang wis di alami mau.” (Terjemah Qur’an Basa Jawa Surat Ar Ra’du ayat 11)

Walhasil para sedherek manungsa dipun wajibaken ikhtiyar wonten ing donya punika, manungsa samiya tansah enget dateng Allah SWT ateges enget bilih “Boten wonten ingkang saged ngalang-ngalangi punapa ingkang paduka paringaken, lan boten wonten ingkang saged maringi punapa ingkang paduka alang-alangi”.

Sedaya namung gumantung Allah menawi usahanipun manungsa punika saged kadumugen punika hakekatipun saking keparengipun Pangeran, tegesipun atas kamirahaning Allah ugi. Sebab para sedherek, manawi Allah dereng marengaken kadumugen sedayanipun temtu boten saged kelampahan. Kajawi punika salebetipun ikhtiyar sampun ngantos wonten raos putus asa utawi nglokro saking rahmating Allah ingkang Maha Kuwaos. Usaha kaping sepisan dereng kasil saged ugi usaha kita dereng trep mila sasaged-saged ngudiya usaha malih sebab sinten mangertos menawi Allah sampun nakdiraken Insya Allah badhe Kabul jalaran Allah Maha, saksampunipun kita iktiyar, kita kedah tawakkal lan ngathah-ngathahi anggenipun dedonga dumateng Alloh supados punapa ingkang kita betahaken saged dumugi lan punapa ingkang kita karepakan saget kagayuh.

SantriONE.com Materi Khutbah Jumat  Bahasa Jawa 15 Januari 2021 – Jamaah Jumat Rahimakumullah, Kasebat wonten ing salah satunggaling kitab, dipun terangaken ingkang maksudipun mekaten “Bilih kangge nggayuh Al Falah“ utawi kabegjan ingkang sejatos wonten ing donya lan akherat manungsa wonten ing gesangipun kedah nindakaken sewelas perkawis, inggih punika :

Satunggal. Manungsa samiya “zuhud” wonten ing donya sampun ngantos kapusan dening pambujuking kadonyan; mendhem kadonyan sahingga piyambakipun nyupekaken sedaya-sedayanipun, supe dating Allah SWT.

Nabi Muhammad SAW nate ngendika kasebat wonten Hadits Bukhari :

Jawinipun : “Manawa salah sawiji saka kowe kabeh weruh wong kang diluwihake dening Allah ana ing bab bandha lan pribadhine supaya enggal ndelenga marang wong kang sangisore.” (Bukhari)

Boten sanes inggih punika kanthi ningali dateng tiyang ingkang sangandhapipun punika, manungsa badhe tansah syukur dateng Allah SWT, jiwanipun badhe tentrem dipun tebihaken saking sifat kethawa lan tamak.

Kalih - Manungsa samiya rajin ngibadah sarta maos Al Qur’an kanthi ngangen-angen maknanipun lajeng dipun lampahi. Sebab pancen saestunipun Al Qur’an estu-estu dados pitedah tumrap tiyang ingkang taqwa dating Allah SWT.

Tiga - Sekedhik pangandikanipun wonten prekawis ingkang boten perlu,  boten pantes, lan boten sopan.

Sekawan - Nebihi saking bab-bab ingkang haram lan syubhat sahingga perkawis ingkang dereng terang halal lan haramipun sae dipun tebihi supados badhanipun resik saking dosa.

Gangsal - Nindakaken shalat gangsal wekdal kanthi khusyu’ sebab shalat ingkang khusyu’ saged ngiyataken jiwa lan nebihaken manungsa saking tumindak kemungkaran.

Enem - Anggadhahana budi pekerti luhur remen srawung kaliyan tiyang-tiyang ingkang saleh jalaran piyambakipun kepengin ugi dados tiyang saleh.

Pitu - Tangkepipun sopan lan andhap asor boten nate ngumukaken sarira sedaya sedayanipun sarwa bares sederhana.

Wolu - Kebak raos katresnan (mahabbah) dating sesamining mukmin boten remen paben lan memengsahan.

Sanga  - Berjuang kanthi saestu ingkang supados gesangipun migunani dating sedoyo kemawon

Sedasa -  Mangertosi kanthi saestu lan yakin dating wontenipun pejah ngathah-ngathahaken ngamal ingkang badhe kabekta sowan ngadhep wonten ing ngarsaning Allah Akhiripun pejahipun wonten ing “Husnul Khotimah” pejah ingkang sae,pungkasan ingkang sae.

SantriONE.com Materi Khutbah Jumat  Bahasa Jawa 15 Januari 2021 – Jamaah Jumat Rahimakumullah, Insya Allah kanthi makaten manungsa enggal saged wangsul dating margi ingkang leres nyingkiri perkawis ingkang boten sae lan mangga kita nyuwun wonten ngarsaning Allah SWT mugi-mugi gesang kita dipun jembaraken dening Allah SWT saget ngamalaken tuntunan agami kanthi sasae-saenipun mugi-mugi gesang kita manfaat maslahat fid dun ya wal akhirah.

 

BACA SELANJUTNYA... 

BACA JUGA JUDUL LAINNYA, 
Khutbah Jumat Lengkap Bahasa Jawa Terbaru Tahun 2021

Posting Komentar

0 Komentar