Subscribe Us

"4 Cara Muslim Ngisi Kemerdekaan" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 11 Agustus 2017

Mangga wonten siang dinten Jum’at ingkang mulya punika kita tingkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah Ta’ala kanthi nindakakaen sedaya perintahipun lan nebihi sedaya awisanipun, ugi kita tansah syukur dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kita anggen nglampahi gesang wonten negara Indonesia ingkang kita tresnani punika. Salah satunggal nikmat ingkang dipunanugerahaken Allah dumateng kita bangsa Indonesia inggih punika nikmat kemerdekaan, nikmat ingkang sanget ageng, kathah para pejuang ingkang sampun berkorban wonte zaman semanten tanpa saged dipunetang pengorbananipun sahingga kita saged merdeka wonten dinten punika sampun ngancik pengetan Kemerdekaan ingkang 72 tahun umuripun. Nikmat merdeka punika nikmat ingkang sanget ageng amargi kita saged ngirup udara kang seger sampai saat punika, umpami dereng merdeka kita boten mangertosi taksih saged gesang utawi pejah ketembak, kenging bom utawi senjata para penjajah. Mawi kemerdekaan ugi kita saged nglampahi ibadah kanthi tenang lan khusyu’ tanpa raos khawatir, kita saged ngempal kanthi suka cita kaliyan keluarga, anak garwa, sanak sedherek, tangga tepaleh kanthi boten wonen raos ajrih kepanggih penjajah. Sejatosipun kemerdekaan inggih nikmat ingkang luar biasa ingkang sampun kaanugerahaken dening Allah Ta’ala, boten paringan saking Belanda utawi ugi Jepang.
Peringatan Kemerdekaan Indonesia sakpunika sampun 72 tahun umuripun, ananging taksih prihatosaken bilih kemerdekaan ingkang dipun raih saking penjajahan taksih sekedar dipun kenang dereng temen-temen dipunsyukuri. Kita sanget ningali kathah masyarakat khususipun para kawula muda ingkang maknai kemerdekaan punika kagem nyiptakaken suasana rame, meriah lan gebyar gumebyar kagem hura-hura, perkawis punika temtu boten sesuai kaliyan makna ingkang dipunkandung wonten artos Kemerdekaan ingkang sejati.
Peringatan Kemerdekaan Indonesia ke 72 punika kedah kita renungaken lan mangertosi bilih saged diraih amargi kemenangan ingkang dipunhasilaken saking perjuangan ingkang sampun dilampahi para pejuang kanthi sareng-sareng ing semangat persatuan, ketulusan mawi faedah ingkang didasari ilmu. Umat Islam ingkang mayoritas wonten negeri punika kedah ngisi kemerdekaan kanthi saksae-saenipun kagem bukti paring penghargaan kagem para pahlawan bangsa Indonesia ugi ngonjukaken raos syukur dumateng Allah Ta’ala, mugi kanthi syukur punika Allah nambah nikmat dumateng bangsa Indonesia, Amin. Minangka Muslim kita gadhah mapinten-pinten werninipun kagem ngungkapaken raos syukur punika, wonten 4 (sekawan) cara Muslim ingkang utama saged katindakaken kagem ngisi Kemerdekaan, nggih punika :
Pertama, iqamatus shalah (nglaksanaken shalat)
Nindakaken shalat manfaatipun kagem bangun moral lan akhlaq mulia, bangsa punika badhe nggadhahi kredibilitas ingkang inggil bilih ngugemi perkawis punika. Kunci bangun moralitas nggih wonten ketaatan dumateng Allah Ta’ala lan katindakaken ibadah shalat, firman Allah :
Saktemene shalat bisa nyegah tumindak keji lan munkar” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Al Ankabut ayat 45)
Kaping kalih, itauz zakah, nunaikaken zakat
Agama Allah boten namung ngurusi masalah rohani lan akhirat kemawon, ananging ugi sanget migatosaken keseimbangan pagesangan sosial wonten ing masyarakat. Perkawiis punika dibuktekaken mawi anjuran wonten kathah ayat ing Al Qur’an, nyebat perintah shalat dipuniringi kanthi perintah zakat. Zakat utawi ngedalaken bandha ingkang kita gadhahi kagem tiyang ingkang berhak nggih niatipun ngresiki bandha saking perkawis boten halal utawi samar-samar. Zakat ugi kagem upaya ngerem nafsu bakhil wonten dirinipun satunggaling tiyang, kerana kecenderungan manungsa punika tresna dumateng bandha donya, zakat ugi dados simbol kepedulian sosial dumateng sesami
Kaping Tiga, Amar makruf nahi munkar jaminan kepastian lan penegakan hukum

Jabatan lan kekuasaan saged ndorong manungsa nyimpang lan nyalahginakaken jabatan, kathah contonipun wonten ing Sejarah kados Fir’aun ingkang ngupaya nglanggengaken jabatan lan kekuasaanipun mawi werni-werni cara amargi boten wonten kontrol saking masyarakatipun. Tingkatan amar makruf nahi munkar sampun kaatur wonten ing agama, nggih punika kanthi tangan (kekuasaan), lidah (lisan/nasihat) lan lewat ati, punika inggih selemah-lemahipun iman.
Kaping Sekawan, wangsulaken sedaya urusan dumateng Allah Ta’ala
Nalika sedaya usaha kagem bangun moralitas lan akhlakul karimah mawi nglaksanakaken ibadah shalat, lan numbuhaken kepedulian sosial ingkang kabuktekaken kanthi ngedalaken zakat, ugi proses amar makruf nahi munkar sampun katindakaken kanthi seimbang, ananging sakterasipun kita serahaken sedaya urusan pagesangan punika dumateng kehendak Allah Ta’ala kerana namung Allah ingkang saged ngatur sedaya urusan wonten ing donya punika ugi namung Allah ingkang tansah netepi janji-janjinipun nggih punika bakal paring pitulung dumateng sinten tiyang ingkang dherek kehendakipun Allah Ta’ala.
Sejatosipun Islam dumugi mawa misi kemerdekaan lan kebebasan sara badhe nganter sedaya manungsa wangsul ing fitrahipun ingkang suci, misi punika minangka inti saking ideologi ingkang leres inggih punika “Tahrirul ‘ibad min ‘ibaadatil ‘ibaad ilaa ‘ibaadati rabbil ‘ibad” maknanipun bebasaken manungsa saking penghambaan lan pengabdian ingkang total namung dumateng Allah ingkang sampun nyiptakaken makhluk ing alam jagad punika.
Kanthi semangat kemerdekaan mangga kita ngonjukaken raos syukur dumateng nikmat kemerdekaan punika kanthi mertahanaken utuhipun jati diri lan bangsa punika kanthi nilai-nilai akhlak kang luhur ugi nilai-nilai Islam ingkang inggih, boten namung punika kita ugi saged ngraih kejayaan wonten masa depan. Mugi-mugi Allah paring kelanggengan nikmat Kemerdekaan punika ugi dadosaken bangsa punika dados bangsa ingkang “baldatun thayyibatun warabbun ghafuur”, nggih negara lan bangsa ingkang angsal maghfirah saking Allah Ta’ala ugi kesejahteraan lan kedamaian saklami-laminipun, Amin.

DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017



Posting Komentar

0 Komentar