Subscribe Us

"Ikhlas = Ridha" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 15 September 2017

IKHLAS PUNIKA RIDHA KELANGAN PUNA INGKANG KITA TRESNANI
Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Alasan kagem ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarso dalem Allah Ta'ala boten nate mandheg, kathah nikmat dalah anugerah ingkang boten waged kita etang, amargi kita memang boten waged ngetang kanikmatan ingkang sampun kita tampi. Sholawat saha salam mugi konjuk dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Sholallahu Alaihi Wassallam, ingkang sampun maringi pitedah dalan terang ingkang dados suri teladan kagem kita sedaya. 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Para sedherek ingkang dipun mulyakaken Allah, ingkang tansah dipun paringi kekiatan, ingkang tansah dipun paringi kesabaran nglampahi rutinitas dalan agesang ingkang boten gampang, mugiyo Allah tansah paring petunjuk lan dalan sae wonten tengah-tengah perjalanan gesang ingkang kathah dinamika punika, Amin.

Ngaturaken babagan ikhlas, kula boten langkung pinter tinimbang para sedherek sedaya, langkung-langkung sanget tebihipun bilih dipun bandingaken teladan agung kita ingkang kaserat wonten ing Kitab suci kita Al-Qur'an, Nabi Ibrahim ngorbanaken putra tunggalipun ingkang asma Nabi Ismail, ugi para sahabat ingkang berjihad mawi sedaya banda langkung-langkung nyawa taruhanipun dipun korbanaken kanthi niat tulus jihad, kagem tegakipun kalimat Allah ing bumi punika.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Para sedherek ingkang sapunika saweg dipun paringi ganjaran arupi kesusahan amargi kelangan piyantun ingkang dipun tresnani, ingkang kedah dipun tinggal piyantun ingkang sanget dipun kasihi, utawi ingkang saat punika saweg kesusahan amargi hubungan katresnan ingkang kedah mandheg pedhot katresnanipun. Monggo kula ngajak dumateng diri pribadi kula umumipun dumateng para sedherek sedaya muhasabah utawi meyakini kanthi saestu bilih Allah boten badhe mundhut satunggaling kanikmatan kajaba Allah bakal paring ganti ingkang langkung sae, Allah boten nate paring kesulitan kajaba temtu badhe paring kanikmatan, Allah boten mendhel mangertosi hamba-hambanipun wonten kesusahan, temtu Allah badhe paring pangertosan, ilmu dalah hikmah, Allah boten nate bosen paring kekiatan dumateng kita sinaoso kanthi tumuruning kathah masalah. BACA JUGA : KUMPULAN KHOTBAH JUMAT TENTANG IKHLAS >>> DISINI
   
PELANGI MARUPAWARNA BAKDA TUMURUNING UDAN 
Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Ingkang dados kasunyatan, sabar dalah ikhlas punika pilihan, kita saged milih badhe terus ngratapi kesedihan utawi purun enggal-enggal bangkit nguataken ati tambah semangat. Saestu sedaya ingkang gesang wonten bumi punika ngalami ingkang naminipun sedih, susah, masalah, anamung sedaya dipun paringi pilihan lan saged milih piyambah badhe terus-terusan sedih, frustasi utawi badhe bangkit muhasabah mundhut hikmahipun lan ndadosaken pribadi ingkang langkung sae.

Para sedherek ingkang minulya, kula boten saweg nggurui utawi maringi pelajaran dumateng panjenengan sedaya, anamung saestu-estu punika ingkang saweg dipun alami penulis, jujur kemawon bilih kula saweg rumaos sedih kelangan satunggaling piyantun ingkang sanget kula trisnani, ingkang sanget perhatianipun, ingkang baken piyantun punika ingkang sanget istimewa ingkang nate maringi raos bagya wonten ing dinten-dinten ingkang kula lampahi, anamung sapunika sampun tilar ninggalaken sedaya kenang-kenangan. Sedih, nggih saestu sanget netra punika kados banjir tanpa mandheg, pengin nangis sak serune bledheg ngedalaken toya tanpa mandheg, anamung menawi eling nasehat para sufi ingkang nate ngendika :

Cinta yang agung adalah ketika kita menitikkan air mata dan masih peduli terhadapnya. Ketika dia tidak mempedulikan kita dan kita masih menunggunya dengan setia. Ketika dia mencintai orang lain dan kita masih bisa tersenyum sembari berkata "Aku turut bahagia untukmu."
Sakit patah hati bertahan selama engkau menginginkannya dan akan mengiris luka sedalam kau membiarkannya. Tantangannya bukanlah bagaimana bisa mengatasi melainkan apa yang bisa diambil sebagai pelajaran dan hikmahnya.
Orang terkuat bukanlah mereka yang selalu menang, melainkan mereka yang tetap tegar ketika mereka jatuh.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Para sedherek ingkang minulya, mangga sareng kita gatosaken bilih sedaya amal kawiwitan saking niat, "Pirang pirang amal kang katone mung cilik, nanging ganjarane nuli dadi gede jalaran sangka becike niyat, lan pirang pirang amal kang katone gede, nanging wusanane dadi cilik ganjarane amerga luput olehe niyat". Ningali semanten perananipun niyat sak lebetipun amal, pramila menapa kemawon amal ingkang saget kita tindakaken eman sanget menawi mboten kaniyatan kanti ikhlas, jalaran wujudipun amal sami kemawon ikhlas utawi mboten,  nanging labet saha ganjaran lan tinampinipun amal wonten ngarsanipun Allah inggih namung menawi saget katindakaken kanti niyat ingkang ikhlas murih ridlanipun Allah Ta'ala. Sepindhah malih kula boten niat nggurui, amargi kula yakin kita sedaya gadhah masalah ingkang benten, wonten ingkang alit wonten ingkang langkung ageng, wonten ingkang sabar anamun wonten ingkang awrat ngucap : "INNALILLAHI WAINNA ILAIHI ROJIUN" bilih punopo ingkang sedaya kita gadhahi, kita sayangi, kita trisnani, sedaya punika hakipun Allah, lan badhe dipun pundhut malih wonten ngarsa dalem Allah, mila punika mangga sesarengan kita sinau supados saged dados hambanipun Allah ingkang ikhlas kanthi saestu-estu ikhlas, Amin. BACA JUGA : KUMPULAN KHOTBAH JUMAT TENTANG IKHLAS >>> DISINI

DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017





Posting Komentar

0 Komentar