Subscribe Us

8 Januari 2021 : "Pasedherekan Kanthi Aqidah Tauhid"

Khutbah Jumat Lengkap Bahasa Jawa Terbaru Tahun 2021

Pasedherekan Kanthi Aqidah Tauhid

SantriONE.com – Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.

Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.

Allahumma sholi ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in

Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyu’tiillaha warrasuulahu faqod faza fauzan ‘adziima

Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqoddamat lighat wattaqullah innallaha khobirummbimaa ta’maluun

Yaa ayyunnaas innakholaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm su’ubawwaqobaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqokum

Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqo tuqatih walatamuutunna illa waantummuslimuun. 

KHUTBAH JUMAT BAHASA JA8 Januari 2021 

SantriONE.com – Hadirin Sidang Jum’at Rahimakumullah - Para jamaah sidang jum’at ingkang dipun muliaaken Allah SWT, mangga kagem pambukaning atur kula ngajak dateng panjenengan sedaya, mangga tansah ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun maringi kanugrahan ingkang kathah dhumateng kita ingkang menawi kita badhe ngetang kanugrahan saking Gusti Allah wau mangka boten badhe seged dipun etang.

 

Ing satunggaling ayat al-Qur’an para khatib sering maosaken ayat mekaten :

“Yaa ayyuhannas innakhalaqnaqum mindzakariwwaunsa waja’alnaakumm su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum”

 

Ingkang artosipun kirang langkung : “He para manungsa saktemene ingsun Gusti Allah wus nyiptake manungsa lanang lan wadon lan ndadosake pirang-pirang bangsa lan suku supaya padha kenal-mengenal (silaturrahim) saktemene wong sing paling mulia tumrape Gusti Allah yaiku wong kang taqwa”

 

Hadirin Sidang Jum’at Rahimakumullah – Wonten ing ayat kala wau dipun sebataken bilih ontenipun suku lan bangsa dipun larang sami musuh-musuhan nanging supados sami ta’aruf lan rukun, punapa malih namung benten suku, kita sejaosipun punika sedherek ingkang sampun dipun iket kaliyan setunggal aqidah inggih punika aqidah Islam. Allah SWT wonten Qur’an surat Al-Hujarat : 10 ngendhika :

 

“Innamal mu’minuuna ikhwatun faaslikhubaina akhwaikum, wattaqullooha la’allakum turhamun”.

 

Maknanipun : “Saktemene tiyang ingkang iman punika sedherek milo akurana antarane sedherekmu lan taqwao marang Gusti Allah supados angsal rahmat”

 

Punika wau ayat ingkang ngengetakan dhumateng kita bilih tiyang Islam punika sedherek, ingkang istilahipun yaiku Ukhuwah Islamiyyah mulo kedhah njagi pasedherakan wau, tegese pasedherekan ingkang dipun iket kanthi aqidah tauhid lan syahadat “Asyhadualla ilaha illAllah waasyhaduanna Muhammadar Rasulullah”. Dados ampun ngantos amargi masalah ingkang alit lan sepele kita malah saling terpecah-pecah lan boten purun silaturrahim. Wonten ing Qur’an Surat Ali ‘Imron ayat : 103 Gusti Allah ngelingaken datheng kita sedaya.

Saking ayat punika kita ugi mangertos bilih sederengipun Islam wonten ing negeri Arab masyarakatipun sami crah lan sering sanget sami perang, sesampune Islam, tiyang-tiyang wau dados rukun lan boten crah malih. Kito ugi saged nelalani kepripun pasedherekan ingkang dipun ajaraken Nabi Muhammad lan para sahabat.

 

Hadirin Sidang Jum’at Rahimakumullah - Para sahabat sesampunipun maos syahadat lajeng ndadosaken Allah lan Rosulipun langkung dipun remeni ketimbang sanesipun lan ndadosaken tiyang Islam dados sedherek ingkang kedah dipun jagi kehormatanipun sanajan benten asalipun wonten ingkang saking Mekah, Madinah, Mesir, Afrika, Italia, lan sanes-sanesipun. Saking tarikh utawi sejarah Islam kita ugi saged ngertos kepripun persedherekan ingkang sampun dipun contoaken dening para sahabat muhajirin lan anshor kerana Allah lan Rasulipun ridla ninggalaken tanah kelairanipun, banda donya ugi keluarga kagem hijrah saking Mekah dateng Madinah. Wonten Madinah dipun sedherekaken dening Rasulullah kanthi raos persederekan ingkang sae sanget. Sahabat Anshor ngendika : Kula gadhah pekarangan, monggo sepalihipun kagem penjenengan, kula gadhah dunya, monggo sepalihipun kula pasrahaken dhateng sedherek kula saking muhajirin, kula gadhah griyo kalih monggo setunggal panjenengan panggeni. Masya Allah!

 

Hadirin Sidang Jum’at Rahimakumullah - Dados monggo kita sinau saking punapa ingkang sampun dipun contoaken dening sahabat ingkang ndadosaken pasederekan Islam utawi ukhuwah Islamiyyah punika satunggaling perkawis ingkang penting. Kita kedhah prihatin menawi umat Islam sami pecah amargi benten organisasi, benten partai lan sanes-sanesipun. Organisasi utawi partai punika satunggaling alat utawi sarana kagem dakwah dados ampun ngantos justru ngalahaken ingkang wajib inggih punika njagi persatuanipun umat islam ampun ngantos crah lan bubrah. Ingkang dipun untungaken menawi kita teksih seneng terpecah lan sami gontok-gontokan boten sanes kejawi musuh-musuh Islam. Musuh-musuh Islam seneng ningali kahanan mekaten amargi kanthi umat islam ingkang terpecah belah ndadosaken gampil anggenipun rubuhaken agami Islam. Perkawis-perkawis ingkang ndadosaken ukhuwah Islamiyyah lemah antawisipun : Aqidah ingkang lemah, ukhuwah ingkang lemah ugi kirang silaturahmi. Rasulullah nggambaraken pasedherekan antawisipun kaum muslim kadosdene satunggal awak ingkang sami-sami ngraosaken satunggal lan satunggalanipun.

 

Hadirin Sidang Jum’at Rahimakumullah - Ugi dipun gambaraken kadosdene satunggal bangunan ingkang saling nglengkapi lan nguataken antara setunggal lan setunggale. Mesthi benten wadahipun nanging sedaya ‘gadhahi kelebihan lan kekiatan ingkang saged nglengkapi bangunan Islam. Mangga sesarengan kita mujudaken kesatuan barisan umat supados saged mujudaken kejayaan Islam ingkang dipun cita-citaaken dening kita sedaya.

 

BarokAllahu liiwalakum fil quranilkarim wanafa’ani waiyyakum bima fiihi minal ayati wadzkrilhakim wataqabbalallahu minna waminkum tilaawatahu innahuhuwassami’ul ‘alim. Waqurrobbighfir warham waanta khoiruuroohimin. 

 

BACA SELANJUTNYA... 

BACA JUGA JUDUL LAINNYA, 
Khutbah Jumat Lengkap Bahasa Jawa Terbaru Tahun 2021

Posting Komentar

0 Komentar