Subscribe Us

"Tanggungjawab Tiyang Sepah Paring Pendidikan" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 27 Oktober 2017

Untuk selalu update dengan Kumpulan Khutbah Jum’at Bahasa Jawa terbaru silahkah download aplikasinya di Android atau download artikelnya satu persatu untuk disimpan, bisa juga mengirimkan email ke kami untuk minta dikirimkan softcopy Buku Kumpulan Khutbah Jumat lengkap satu tahun 2017 via email : info.jengkar@gmail.com

- khutbah pertama - 
إن الحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونعوذ بالله من شرور أنفسنا وسيئاتأعمالنا من يهده الله فلا مضل له ومن يضلل فلا هادي له أشهد أن لا إله إلاالله وأشهد أن محمدا عبده ورسوله

ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون

ياأيها الناس اتقوا ربكم الذي خلقكم من نفس واحدة وخلق منها زوجها وبثمنهما رجالا كثيرا ونساء واتقوا الله الذي تساءلون به والأرحام  إن الله كانعليكم رقيبا

ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله وقولوا قولا سديدا يصلح لكم أعمالكم ويغفرلكم ذنوبكم ومن يطع الله ورسولهفقد فاز فوزا عظيما، أما بعد ...

فأن أصدق الحديث كتاب الله، وخير الهدى هدى محمد صلى الله عليه وسلم، وشر الأمور محدثاتها، وكلمحدثة بدعة وكل بدعة ضلالة، وكل ضلالة في النار.

Mangga sesarengan kita ngonjukaken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kita inggih nikmat Iman lan Islam dumateng sedaya. Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam ingkang sampun paring pitedah margi ingkang terang benderang inggih margi Islam ingkang sampurna. Mangga sesarengan kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah Ta’ala, kanthi saestu nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti taqwa punika saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing donya punika dumugi akhiratipun, Amin. Baca Juga : Kumpulan 50 Judul Khutbah Jumat Bahasa Jawa Lengkap Tahun 2017

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

“Judul”

 

tinulis dening : Jengkar Abi Ahya | sumber : www.jengkar.com

Wulan kados mekaten punika nggih mangsa para tiyang sepah sami sibuk nyiapaken perkawis-perkawis kagem pendidikan lanjutan para putra putrinipun, wonten ingkang nembe badhe mlebet Taman Kanak-kanak, Sekolah Dasar,  Sekolah Menengah Pertama ngantos ingkang Perguruan Tinggi. Boten sekedhik temtunipun biaya ingkang kedah dipunsiapaken, kathah ingkang kedah dipun tumbas kados peralatan sekolah, seragam, ngantos sarana transportasi kagem para putra putrinipun. Punika wujud tanggungjawab ugi bukti katresnan para tiyang sepah dumateng para putra putrinipun kanthi satunggaling angen-angen nyuwun dipundadosaken putra-putrinipun dados lare ingkang cerdas, shaleh shalehah tansah ngugemi kekudangan tiyang sepah. Mila punika wonten kesempatan ingkang bahagia punika keparenga kula aturaken satunggaling khutbah Jum’at mawi tema Pendidikan Anak-anak, kados ingkang kita mangertosi sedaya bilih nyuprih ilmu inggih kewajiban kagem sedaya kaum muslimin lan muslimat, boten namung para pria anamung ugi para wanita. Karena Allah sampun paring kesempatan ingkang sami kagem nyuprih ilmu ugi punika satunggaling kewajiban lan sunatullah kagem sedaya tiyang milai saking lahiripun dumugi ajalipun. Wonten satunggalin ghadits dipun sebataken :

أطلب العلم من المهد إلى اللحد
Tuntutlah Ilmu dari sejak Buaian sampai ke liang lahad


Hadits punika terkenal masyhur wonten kalangan kaum Muslimin, sinaosa boten kasebat dasar ugi asal usulipun anamung sanget paring tuntunan bilih nuntut ilmu boten namung ngajari huruf, anamung sedaya perkawis babagan donya ugi akhirat ingkang saged dipunpundhut saking pendidikan umum ugi pesantren, punika dados kewajiban sedaya tiyang sepah amargi tanggungjawab punika ingkang badhe nganter putra-putrinipun dados tiyang sae nalika dewasa samangke. Tanggungjawab punika dipun mulai nalika bayi lahir temtu dereng kenal perkawis-perkawis punapa kemawon ing donya punika, sinaosa Allah Ingkang Maha Kuwaos sampun paring pancaindera kagem bedakaken perkawis sae punapa awon anamung bayi dereng saged mangertosi perkawis ingkang bahaya utawi boten sakderengipun nyekel utawi ngraosaken piyambak. Mangka punika dados peranan tiyang sepah paring pangertosan dumateng putra-putranipin awit saking bayi, temtu boten wonten tiyang sepah ingkang nyuwun putra-putrinipun sengsara utawi terjerumus wonten kesesatan sinaosa tiyang sepahipun piyambak boten tiyang ingkang sae, kados satunggaling pepatah ingkang ugi masyhur nyebat : ”sak ganas-ganase singa, ora ana singa kang mangan anake dhewe”, punika artosipun sak elek-eleke tiyang sepah boten wonten ingkang purun putra-putranipun dherek elek utawi sengsara.

Anamung kadang kesalahan para tiyang sepah dumateng pendidikan putra-putrinipun inggih gadhahi pangarep ingkang hasilipun benten, sinaosa sedaya bayi ingkang lahir punika keadaanipun fitrah, artosipun cenderung nglampahi kabecikan, anamung amargi pendidikan saking tiyang sepah saged dadosaken fitrah punika boten sae utawi ngrubah saking fitrahipun. Wonten satunggaling hadits dipun sebataken :

مَا مِنْ مَوْلُودٍ إِلَّا يُولَدُ عَلَى الْفِطْرَةِ فَأَبَوَاهُ يُهَوِّدَانِهِ وَيُنَصِّرَانِهِ أَوْ يُمَجِّسَانِهِ
 “Lan ora siji anak kang lahir kajaba ana ing keadaan fitrah, mangka wong tuane kang dadekake anak iku Yahudi, Nasrani, utawa Majusi”
Lare alit boten saged ngarahaken dirinipun dumateng fitrah ingkang sampun wonten nalika lahir, anamung tiyang sepahipun ingkang dadosaken larena punika sae punapa awon utawi saged medal saking fitrahipun.
Dasaripun pendidikan wonten Islam inggih punika jagi fitrah ingkang sampun kaanugerahaken dening Allah Ta’ala dumateng sedaya manungsa awit saking lahir dumugi wekdal nalika ing kandungan Ibunipun nyekseni bilih Allah punika Esa, sinaosa lare punika dipunlahiraken saking tiyang sepah ingkang Muslim punapa kafir. Mila punika dasaripun pendidikan islam boten anamung saged maos lan nulis, nanging dadosaken tansah raket cumaket dumateng Allah Ta’ala lan ngaku boten ingkar kuwaosing Allah Ta’ala. Tiyang sepah ampun ngantos keliru paring pendidikan dumateng putra-putrinipun amarga piyambakipun badhe dados bekal kagem tiyang sepah nalika sampun pejah nggih punika do’a anak shaleh ingkang dipunpanjataken. Ayat punika perlu dipundadosaken renungan dumateng kita sedaya supados saged jagi keluarga :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا
“He wong-wong kang iman, piara awakmu lan keluargamu saka geni neraka” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat At-Tahrim Ayat 6)

Miara diri lan keluarga saking geni neraka nggih kewajiban sedaya tiyang, anamung kados tiyang ingkang dados Kepala Keluarga temtunipun nggadhahi tanggungjawab ingkang langkung ageng dumateng garwa lan putra-putrinipun, ugi bilih garwa langkung mangertosi babagan ilmu agama kedah tanggungjawab dumateng kakung lan putra-putrinipun, kados anak ingkang sampun baligh ugi nggadhahi kewajiban jagi diri lan keluarganipun saking geni neraka. Perkawis kala wau temtu saged kalampahan kanthi ilmu, boten namung mangertosi ilmunipun ananging kedah nglampahi nindakaken ilmu punika wonten pagesangan saben dintenipun. Ilmu boten saged dipun suwun saking sinten kemawon boten saged dipun warisaken, ilmu kedah dipun pelajari saking bayi lahir dumuginipun ajal. Ilmu saged ngrencangi satunggaling tiyang dumugi kabecikan kados wonten keluarga dipunbetahaken ilmu supados saged sakinah, sedaya perkawis wonten ing alam donya punika betah ilmu, sahingga boten ningali masalah kanthi emosi utawi hawa nafsu.
Mila punika mangga kita langkung migatosaken pendidikan anak, panggenanipun sinau, sinten guru/ustadzipun, ugi tansah ngawasi punapa fitrahipun lare tansah lumampah kados ingkang dipuntuntunaken Islam. Mugiya Allah tansah paring kabecikan dumateng kita sedaya, saged paring kabecikan dumateng putra-putri kita ingkang kita didik saged dados lare ingkang shaleh shalehah netepi kekudangan tiyang asepah, Amiin. Baca Juga : Bergabung Dengan Kami Dalam Program “Sedekah Cerdas” Dan Dapatkan Buku Kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2017

- khutbah kedua - 
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ



Link View :

Link Download :

atau


<<< KLIK DISINI >>>

DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017


Posting Komentar

0 Komentar