Subscribe Us

"Rasulullah, Pemimpin Ingkang Tegas" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 1 Desember 2017

Teladan Nabi Muhammad : Rasulullah, Pemimpin Ingkang Tegas
Raos syukur mangga sesarengan kita aturaken dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan, khususipun nikmat Iman Islam. Mangga kita sami ningkataken taqwa dumateng gusti Allah SWT kanthi nglampahi punapa ingkang dipun dawuhaken ugi nebihi awisan-awisanipun kados ingkang sampun dipun paringi tauladan saking panjenenganipun Rasulullah Shalallahu ’alaihi wassalam. Saha kita sedaya dipun paringi gesang ingkang istiqomah ugi seda kanthi husnul khatimah sampun ngantos pejah kejawi netepi agami.
Saklajengipun keparenga kula paring pangemut-emut khususipun dumateng diri kula piyambah sumrambah dumateng jamaah Jumat sedaya mangga kita tansah ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, amargi boten wonten sangu ingkang langkung sae ingkang saged paring keselametan dumateng kita wonten pagesangan fid diini wal akhirat kajaba namung taqwa. Inna akramakum indallahi atqakum, kanthi taqwa dumateng Allah SWT punika kita nglampahi pagesangan rina wengi ing donya punika.
Wonten ing wulan Rabiul Awal punika, masyarakat kita gadhahi kebiasaan mengeti dinten Maulid Nabi Muhammad SAW mawi werni-werni kegiatan kados pengajian lan saksanesipun. Acara-acara punika sampun dados budaya awit saking zaman pemerintahanipun Bung Karno dumugi dinten punika sampun rutin dipun wontenaken acara kagem mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW kagem ngungkapaken raos trisna dumateng Nabi Muhammad. Kathah mauidhah hasanah kagem neladani Rasulullah anamung wigatosipun kegiatan punika kedah saged bika manah kita bilih sampun wonten suri tauladan ingkang agung lan mulya nggih punika Rasululllah ingkang kedah dipun ejawantahaken dumateng sedaya lampah lan tumindak kita kanthi niru senajan namung kuwaos sekedhik, sahingga acara-acara ingkang sampun rutin katindakaken turun temurun punika boten mandheg dados sekedar acara seremonial kemawon. Sesarengan kita seja bilih badhe nglampahi pagesangan kanthi miturut dumateng sunah-sunahipun Rasulullah, punapa malih wonten wulan punika nggih satunggaling kesempatan kagem sinau tumindakipun Rasul wonten ing sejarah kagem kita teladani.
Satunggaling conto kados pundi Rasulullah sanget anggepin jagi shalat gangsal wekdal tansah berjamaah wonten ing Masjid, sahingga wonten hadits ingkang nyebat mekaten:
وَالَّذِي نَفْسِي بِيَدِهِ لَقَدْ هَمَمْتُ أَنْ آمُرَ بِحَطَبٍ فَيُحْطَبَ ثُمَّ آمُرَ بِالصَّلَاةِ فَيُؤَذَّنَ لَهَا ثُمَّ آمُرَ رَجُلًا فَيَؤُمَّ النَّاسَ ثُمَّ أُخَالِفَ إِلَى رِجَالٍ فَأُحَرِّقَ عَلَيْهِمْ بُيُوتَهُم
Demi jiwa ingsun kang ana ing tangan Allah Ta’ala, saktemene aku pengin banget merintahke sakwijining wong ngumpulake kayu bakar, terus aku perintahna sakwijining wong adzan uga wong liyane kanggo dadi imam kaum muslimin. Terus aku bakal lunga marang omahe wong lanang kang ora teka shalat jamaah lan tak obong omah-omah wong-wong mau”. (dipun riwayataken dening Bukhari wonten kitabipun angka 608).
Kados punika tegasipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam dumateng tiyang kakung ingkang boten purun tindak sholat jamaah ing masjid, sahingga Rasulullah kados badhe ngobong omah-omahipun tiyang-tiyang punika. Awit saking punika bilih kita saestu tresna dumateng baginda  Maulid Nabi Muhammad SAW, kedahipun kita usaha ingkang saestu kagem tindak ing Masjid nindakaken sholat jamaah. Ampun ngantos masjid-masjid kosong menawi boten saged rawuh jamaah siang ugi sonten saged jamaah wedal shubuh, ampun ngantos tukul wenih-wenih munafik wonten jiwa kita kerana boten biasa shalat shubuh berjamaah. Kasebat wonten satunggaling hadits:
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا أَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْم
اَلْحَمْدُ لله رَبّ الْعَالَمِيْنَ، وَأَشْهًدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلِيِّ الصَّالِحِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا خَاتَمُ الأَنْبِيًاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، اَلّلهُمّ صَلِّي عَلَى مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمّد كَمَا صَلَيْتَ عَلَى آلِ ِإْبرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمّدِ وَعَلَى آلِ مُحَمّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلى آلِ إِبْرَاهِيْمَ فَِي الْعَالَمِيْنَ إِنّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، أَمّا بَعْدُ:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَقَالَ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ لَيْسَ صَلَاةٌ أَثْقَلَ عَلَى الْمُنَافِقِينَ مِنْ الْفَجْرِ وَالْعِشَاءِ وَلَوْ يَعْلَمُونَ مَا فِيهِمَا لَأَتَوْهُمَا وَلَوْ حَبْوًا
Saka Abu Hurairah radliyallahu ‘anhu panjenenganipun ngendika : “Rasulullah paring sabda: “ora ana shalat kang luwih abot kanggo wong-wong munafik kejaba sholat Shubuh lan sholat isya’. Yen wong-wong mangerteni (kautaman) loro perkara sholat iku, mesti bakal mangkat ing Masjid sinaosa kanthi mlaku brangkang”. (dipun riwayataken dening Imam Bukhari wonten kitabipun angka 617)
Kita mangertosi wonten kathah kitab ingkang paring kabar kategasan panjenenganipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam wonten ing perkawis aqidah, panjenenganipun baginda  nabi boten purun ngakeni keleresan agami sanes ugi boten purun nglampahi ibadah mawi tatacara agama sanes. Allah paring firman : “Saktemene diin kang ana ing sisi Allah iku hyo mung Islam” (terjemah Jawa Qur’an Surat Ali Imran ayat 9). Kecatet ugi wonten sejarah bilih Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam nate ngerobohaken masjid ingkang dibangun dening tiyang-tiyang munafik ingkang disebat Masjid Dhirar, rikala semanten ugi paring perintah dumateng sahabat-sahabatipun mateni Nabi palsu, Musailamah al Kadzab, dados sanget jelas sanget boten wonten kompromi kagem masalah aqidah punika. Rasulullah ugi terkenal tegas wonten ing babagan syariat, boten wonten tiyang ingknag dipun paringi keistimewaan ing perkawis hukum, punika ateges boten wonten ingkang kebal hukum. Nate Rasulullah paring sabda:
إِنَّ بَنِي إِسْرَائِيلَ كَانَ إِذَا سَرَقَ فِيهِمْ الشَّرِيفُ تَرَكُوهُ وَإِذَا سَرَقَ فِيهِمْ الضَّعِيفُ قَطَعُوهُ لَوْ كَانَتْ فَاطِمَةُ لَقَطَعْتُ يَدَهَا
“Saktemene kaum Bani Israil duweni kebiasaan yen wong nyolong iku salah sijine wong kang terhormat ing kalangane mangka bakal dinengka (ora dihukum) nanging yen sing nyolong iku wong lemah mangka bakalan dipotong (dihukum). Saktemene yen Fathimah (binti Muhammad puteri Rasulullah) nyolong mangka aku bakal motong tangane (dipun riwayataken dening Imam Bukhari wonten kitabipun angka 3526).

Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam nerapaken Islam kanthi paripurna, wonten sedaya aspek pagesangan nggih politik pemerintahan, hukum jinayat (pidana) dumugi hukum babagan masalah keluarga. Mila punika bilih kita badhe neladani Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam mangga samiya usaha supados tegak hukum Allah kanthi sampurna wonten ing pagesangan kita sedaya, niat punika minangka bukti keimanan kita. Mugi-mugi Allah tansah paring kekiatan dumateng kita saged neladani sedaya sunah Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam kanthi sempurna kagem mergi leres minangka manhajul hayah (tata cara pagesangan) kita sahingga saged paring kesuksesan ugi keselamatan fidiini wal akhirat Amiin.

DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017

  

Posting Komentar

0 Komentar