Subscribe Us

"Taubat Nggayuh Rahmat" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 28 Juli 2017

Mangga sesarengan kita ngonjukaken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kita inggih nikmat Iman lan Islam dumateng sedaya. Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam ingkang sampun paring pitedah margi ingkang terang benderang inggih margi Islam ingkang sampurna. Mangga sesarengan kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah Ta’ala, kanthi saestu nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti taqwa punika saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing donya punika dumugi akhiratipun, Amin.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

Taubat Nggayuh Rahmat

 

tinulis dening : Jengkar Abi Ahya | sumber : www.jengkar.com

Manungsa boten  wonten ingkang sampurna, sedaya nate nglampahi tumindak ingkang awon, pramila sinten tiyang ingkang sampun terlanjur nglampahi perkawis ingkang awon utawi maksiyat supados enggal-enggal taubat nyuwun pangapunten ingkang kanthi saestu dateng Allah lajeng dipun sarengi amal sholeh saha nebihi dateng perkawis ingkang awon kala wau. Dhawuhipun Allah wonten al-Qur’an ingkang artosipun : “Sing sapa wonge tumindak ala utawa nganiaya tumrap awake dewe nuli pada nyuwun ngapura marang Gusti Allah, mangka bakal nemu dzat kang akeh pengapura lan welase”. 
Kita sedaya minangka kawulanipun Allah Ta’ala kedah mangertos bilih anak turunipun Nabi Adam ‘Alaihis Salam sedaya tansah dipun dipunkepung kathah sanget godaan, pinten-pinten mungsuh ingkang arupi syaiton, jin ugi manungsa.
Ingkang sedaya kala wau saged nipu dadosaken sae dateng barang ingkang awon ugi ngawonaken barang ingkang sae, mangka piyambakipun sareng-sareng kaliyan nafsunipun manungsa ingkang tansah ngajak dateng maksiat. Anamung Gusti Allah paring senjata kagem ngelawan ugi merangi sedaya mungsuh kalawau, inggih punika taubat dumateng Allah Ta’ala kanthi sarana nyuwun pitulunganipun Allah Ta’ala. Kados wonten al-Qur’an ingkang artosipun: “Padha gondelana sira kabeh marang tali agamane Allah, saktemene Allah iku bendara sira kabeh, mangka sak bagus-baguse bendara iku Allah lan sak bagus-baguse dzat kang nulungi iku Allah Ta’ala”.

Dosa punika wonten ingkang alit lan wonten dosa ingkang ageng, anamung kedah dipun mangertosi bilih pangapuraning Allah punika langkung ageng sanget panci taubat ingkang saestunipun punika saged ngelebur dateng amal awon ingkang sampun terlanjur dipun lampahi. Kados pangendikanipun Kanjeng Nabi Muhammad  Shalallahu ‘Alaihi Wassalam, artosipun: “Wong kang taubat iku kaya dene wong kang ora ana dosane (ora duweni dosa)”. Alhasil manawi wonten tiyang ingkang nyana bilih dosa punika mboten saged dipunampuni dening Allah Ta’ala, tiyang ingkang mekaten punika kagolong tiyang ingkang putus asa saking rahmatipun Allah, mangka putus asa punika kagolong dosa ingkang ageng. Kanjeng Nabi Shalallahu ’Alaihi Wassalam paring dawuh ingkang artosipun: “Aja pada putus asa sira kabeh saka rohmate Allah Ta’ala”.  
Ananging sedaya kala wau boten ateges saged nggegampangaken dateng pengapuranipun Gusti Allah Ta’ala, lajeng taksih tetep nindakaken maksiyattaubat inggih punika mareni anggenipun nglampahi maksiyat tumuju ta’at dumateng Gusti Allah Ta’ala. Boten namung dipunucapaken kanthi lisan kemawon anamung kedah dipun buktikaken kanthi tindak tanduk ugi sedaya lampah ingkang sae. Syarat-syaratipun taubat inggih punika Niat nebihi maksiyat, anggetuni dateng dosa ingkang sampun dipunlampahi, kagungan seja boten mangsuli malih, menawi dosa berhubungan kaliyan hak-hakipun sesami manungsa langkung rumiyin nyuwun pangapunten menawi bandha kedah nyuwun halalipun utawi nggantos bandha kala wau, saklajengipun merubah tindak lampahipun

Sedaya taubat punapa kemawon saged dipun taubati, Allah Ta’ala saged paring pangapuran kejawi dosa Syirik utawi nyekutukakten Gusti Allah. Pramila  sumangga enggal-enggal kita ngelampahi taubat mumpung dereng dumugi ajalipun utawi seda. Sebab ajal boten ngertos kapan dumuginipun boten saged dipun semayani. Kados dhawuhipun Allah wonten ing al-Qur’an ingkang artosipun: “Nalikaning ajal utawi pati para manungsa iku wus teko, mangka para manungsa iku mau ora bisa jaluk wektu di akhirake utawi di dhisiake”. Sepindah malih mumpung lawang taubat taksih dipun bikak, enggal-enggal kita ngelampahi taubat. Jalaran manawi sampun dipun tutup, badhe taubat ingkang kados pundi, tetep mboten saged dipuntampi kaliyan Allah Ta’ala. Dene bates utawi tutup ipun lawang taubat inggih punika kados dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam, ingkang artosipun: “Saktemene Gusti Allah iku bakal nerimo taubat kawulane selagine nyawane durung  ono gorokan”. Mugi-mugi Allah tansah paring ampunan dumateng kita sedaya, Amin.

- khutbah kedua - 
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.


اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017


Posting Komentar

0 Komentar