Subscribe Us

"Paring Hurmat Dumateng Wanita" - Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 15 Desember 2017

PARING HURMAT DUMATENG PARA WANITA


إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِي اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.

يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛


Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqull
aha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm suubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqull
aha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.

Kaum muslimin ingkang dirahmati Allah, wonten ing zaman ingkang sampun modern punika, pangandikan-pangandikan bab wanita sampun kathah sanget, kaum intelektual saha kaum awam tansah dadosaken tema babagan wanita minangka tema ingkang boten rampung-rampung kita bahas. Punapa sabab musababipun, kita sedaya sampun mafhum bilih wanita ingkang kita mangertosi gadhah kelemahlembutan ananging sampun tinulis wonten ing sejarah, bilih kathah para wanita ingkang saged paring pengaruh kagem pembangunan peradaban alam kadonyan, wanita-wanita punika wonten ing sejarah sampun kacatet paring kathah jasanipun anamung ugi wonten ing sejarah wanita saged paring pengaruh kagem kehancuran kados ingkang sampun kita mangertosi sedaya. Salah satunggaling tuladha panjenenganipun Raden Ajeng Kartini ingkang kita kenal rikala semanten merjuangaken hak-hak para wanita ingkang terbelenggu adat ugi penjajahan, Cut Nya’ Dien, Cut Nya’ Meutia ugi dherek nyumbang ingkang boten sekedhik kagem perjuangan negeri kita Indonesia, lan sanes-sanesipun para pahlawan ingkang tinulis wonten ing sejarah sampun kathah paring jasa kanthi pikiran-pikiranipun, perjuanganipun ugi boten sekedhik ingkang tumut angkat senjata dherek perang wonten ing masa sakderengipun Indonesia Merdeka. - DOWNLOAD KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TERBARU <<< KLIK DISINI >>>
Khutbah Jumat Bahasa Jawa
"Paring Hurmat Dumateng Para Wanita"
tinulis dening : Abi Ahya | sumber : www.jengkar.com

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at RahimakumullahLajeng kados pundi anggenipun mangertosi posisi kaum wanita ingkang prayogi, kita kedah purun sinau, maos sejarah pripun posisi kaum wanita ingkang wonten ing zaman rikala sakderengipun tumurun Islam. Sakderengipun Islam tumurun, sejarah sampun nulis bilih kondisinipun kaum wanita sanget dadosaken prihatin. Benten-benten sanget anggenipun suku-suku bangsa wonten ing kathah negeri paring posisi kagem kaum wanita, wonten salah satunggaling bangsa ingkang dadosaken wanita penguasa utawi ratu ingkang kekuasaanipun sanget wiyar. Allah paring firman : “Saktemene aku (hud-hud) mangerteni ana sawijining ratu kang nguasai lan ratu mau dianugerahi  sekabehaning uga duweni singgasana kang gedhe” (An-Naml: 23)Ugi wonten suku utawi bangsa ingkang dadosaken wanita punika boten sanes namung aib, satunggaling suku punika gadhah raos isin umpami gadhahi putri estri. Langkung-langkung keluarga ingkang dipun anggap bangsawan rikala semanten, kathah ingkang ngubur larenipun menawi dimangertosi lahir estri. Kasebat wonten ing satunggaling ayat :  “Nalika bayi-bayi wedok lahir padha dikubur urip-urip ditakoni, kerana dosa apa bayi-bayi mau dipateni” (At-Takwir: 8-9). - DOWNLOAD KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TERBARU <<< KLIK DISINI >>>

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at RahimakumullahMekaten punika kondisinipun wanita wonten ing zaman jahiliyah kados barang ingkang boten woten artosipun ing keluarga ugi masyarakat, dados budak kaum pria. Dinten lahiripun dados dinten ingkang sedaya sami sedih, kuciwa lan bayi ingkang lahir punika dipun kubur dening bapa kandungipun piyambak. Mekaten punika amargi akal ingkang tebih saking nur wahyu Illahi. Punika gambaran para umat ingkang dipun didik dening berhala-berhala dalah para tukang sihir.

Ibnu Abbas Radhiyallaahu ‘anhu ngendika : “yen sira pengin mangerteni kejahilan bangsa Arab biyen mangka macaha sira marang firman Allah Ta’ala : Saktemene rugi wong-wong kang mateni anak-anake amarga kebodohan tanpa ilmu.” (Al-An’am: 140)Kita kedah mahami bilih kejahiliyahan estu-estu sampun ngrusak peradaban khususipun bangsa Arab rikala semanten sampun tebih terperosok wonten ing jurang peradaban ingkang rusak, sahingga akhiripun tumurun fajar Islam paring cahya terang kagem sedaya umat ing alam donya. Allah paring firman : ”Lan wong-wong lanang kang duweni iman uga wanita-wanita kang duweni iman iku saktemene wali (penolong) sebagian wong-wong iku kanggo sebagian wong” (At-Taubah: 17). Saklajengipun Allah paring firman : “Lan wanita-wanita iku duweni hak uga keseimbangan kanthi kewajiban para wanita iku kanthi ma’ruf.” (Al-Baqarah: 228).

Mila mekaten Islam sampun maringi pitedah dasar-dasar dalah pondasi ingkang sanget kuat kagem paring bimbingan pribadi para wanita kanthi pedoman fitrah ingkang sampun prayogi. Islam ugi paring penghargaan dumateng para wanita, Islam paring penghargaan ingkang inggil langkung-langkung dumateng para Ibu ingkang kita kedah langkung paring kurmat tinimbang kurmatipun kita dumateng bapa kita.

قَالَ رَجُلٌ: يَا رَسُوْلَ اللهِ مَنْ أَبُرُّ؟ قَالَ: أُمَّكَ، قَالَ: ثُمَّ مَنْ؟ قَالَ: أُمَّكَ، قَالَ: ثُمَّ مَنْ؟ قَالَ: أُمَّكَ، قَالَ: ثُمَّ مَنْ؟ قَالَ: أَبَاكَ. (رواه البخاري ومسلم).
Salah satunggaling hadits, tinulis makaten :
Sakwijining wong lanang takon : “Wahai Rasulullah! Dumateng sinten kawula kedah bektos?” Rasulullah jawab “Marang Ibu Sira”, wong iku takon meneh, Rasulullah jawab “Marang Ibu Sira”, wong iku takon meneh, Rasulullah jawab “Marang Ibu Sira”, wong iku takon meneh, Rasulullah jawab “Marang Bapa Sira (HR. Al-Bukhari dan Muslim)

Khutbah Kedua :
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.


اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017


Posting Komentar

0 Komentar