Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Tahun Baru
Innal hamdalillah,
nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina
wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah
hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah
wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.
Allahumma shali
’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina
aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum
dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima
Yaa ayyuhalladzina
amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha
khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas
innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm su’ubawwaqabaila lita’arafu
inna akramakum ‘indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.
Manfaat & Mudharat Pengetan Tahun Baru 2021
Materi
Khutbah Jumat Bahasa Jawa 1 Januari 2021 - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Raos syukur mangga sesarengan tansah kita konjukaken
wonten ing ngarsaning Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten-pinten
kanikmatan, dumateng sedaya kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi
kita sedaya tetep wonten ing saklebeting iman lan Islam. Mugi rahmat saha salam
tansah katetepna dumateng junjungan ugi panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang
sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi
ingkang lurus, ingkang sampun paring pitedah margi ingkang terang benderang
kanthi rahmatipun Allah SWT.
Materi
Khutbah Jumat Bahasa Jawa 1 Januari 2021 - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Mengeti Tahun Baru / Warsa Enggal kathah tiyang ingkang
nggadhahi kebiasaan wonten ing mawerni-werni daerah, kados begadang boten tilem
wayah dalu dumugi enjing, pesta kembang api, tiup terompet sakjroning
detik-detik mlebeting warsa enggal, lan ugi wonten ingkang nglaksanakaken
dzikir kanthi jamaah kagem nyongsong dumuginipun warsa enggal. Kados pundi kita
minangka Muslim kedah nyikapi pengetan warsa enggal punika?
Materi
Khutbah Jumat Bahasa Jawa 1 Januari 2021 - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Tahun Baru / Warsa Enggal boten termasuk satunggalipun
dinten riraya wonten ing Islam kados dene Idul Fitri, Idul Adha utawi dinten
Jum’at, malah dinten kasebat kagolong dumateng rangkaian kegiatanipun dinten
riraya tiyang-tiyang kafir ingkang boten pareng dipun pengeti dening tiyang
Muslim. Wonten ing satunggaling kesempatan wonten tiyang lanang ingkang sowan dumateng
panjenenganipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam kagem nyuwun fatwa bilih
piyambakipun gadhah nadzar badhe nyembelih hewan wonten ing Buwanah (nami
satunggalipun wilayah), mangka Nabi Muhammad Shalallahu ‘alaihi wassalam
tanglet dumateng piyambakipun: ”Apa apa berhala sesembahaning wong-wong
jahiliyah ing panggonan iku?”, piyambakipun jawab, ”Boten” Rasul tanglet malih,
“Apa panggonan ikut kanggo ngrayakake dina riyaya wong-wong jahiliyah?”,
piyambakipun jawab, “Boten”, lajeng Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam
paring sabda “Lakonono nadzarmu, kerana saktemene ora oleh nglaksanakake nadzar
ing maksiat marang Allah lan perkara-perkara kang ora diduweni anak Adam.”
(Hadits Riwayat Abu Daud).
Materi
Khutbah Jumat Bahasa Jawa 1 Januari 2021 - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Hadits punika paring pitedah bilih dipunarang sinten
tiyang ingkang nyembelih kagem Allah wonten ing panggenan ingkang sami kaliyan
panggenan ingkang dipun kagemaken nyembelih dumateng sanesipun Allah utawi
wonten panggenan tiyang-tiyang kafir nglaksanakan pesta utawi dinten riraya.
Mila punika dherek para kaum sanes artosipun paring pitulung dumateng
tiyang-tiyang kala wau wonten perkara ngagungaken syiar-syiar kufur. Tumindak
punika ugi kados tiru-tiru tumindaipun tiyang-tiyang kala wau ugi dados sarana
nganteraken dumateng tumindak syirik, punapa malih dherek ngrayakaken dinten
riraya tiyang-tiyang jahil, mangka wonten saklebeting perkawis punika wonten
wala’ (loyalitas) utawi dukungan tumrap pagesangan syiar-syiar kekufuran.
Akibat ingkang paling bahaya inggih punika sikap wala’ dumateng tiyang kafir
nggih punika lairipun raos tresna lan ikatan batin dumateng tiyang-tiyang kafir
sahingga saged ngapusaken keimanan. Tiyang muslim ingkang dherek ngrayakaken
tahun baru / pengetan warsa enggal badhe ngalami kawontenan ingkang awon ing
antawisipun :
1. Mengeti tahun baru/warsa enggal inggih
satunggaling tumindak tasyabbuh (tiru-tiru) dateng tiyang-tiyang kafir ingkang
jelas tumindak punika dipun larang dening panjenenganipun Rasulullah Shalallahu
‘alaihiwassalam.
2. Nindakaken amal sae kados dzikir,
tadarusan utawi slametan ingkang dipun khususaken mengeti tahun baru / warsa
enggal nggih satunggaling tumindak ingkang sesat.
3. Ikhtilath nggih punika campur baur
antaranipun pria lan wanita ingkang kados kita mangertosi kathah perkawis
punika dipunlampahi wonten ing perayaan malam tahun baru, tumindak punika caket
sanget dateng satunggaling tumindak ingkang dipun larang agama Islam nggih
punika zina, naudzubillahi min dzalik.
4. Pemborosan harta kaum muslimin amargi bandha
dipun ginakaken kagem mengeti acara ingkang boten wonten tuntanipun syariat.
Materi
Khutbah Jumat Bahasa Jawa 1 Januari 2021 - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Mila punika para sedherek kaum muslimin mangga kita
sedaya tansah ningkataken taqwa kita dumateng Allah Ta’ala kanthi nindakaken
sedaya perintahipun ugi nebihi sedaya laranganipun, salah satunggaling inggih
kanthi boten dherek-dherek acara ingkang boten wonten tuntunanipun punapa malih
dipun larang dening agama.
BACA SELANJUTNYA...

0 Komentar