Subscribe Us

"Dherek Sunah Kedah Sempurna" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 17 November 2017

Dherek Sunah Kedah Sempurna Supados Gesang Sukses Dumugi Akhirat
Sedaya puja lan puji dumateng Allah Ta’ala ingkang wonten ngarsanipun kita ngonjukaken raos syukur atas kathahipun limpahan nikmat ingkang boten saged dipun etang ugi boten nate mandheg tansah tumurun dumateng kita sami. Allah ugi ingkang sampun nyisipaken hidayah ing saklebeting manah ingkang kanthi hidayah punika Allah kersa paring bikak manah kita tindak dateng Masjid ingkang minulya punika, sahingga kita saged ngempal nglampahi kewajiban Muslim nggih punika nindakaken Sholat Jum’at ugi mirengaken Khutbah Jumat Basa Jawa Tema Maulid Nabi. Shalawat saha salam mugiya tansah kacurah dumateng junjungan kita Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam, ingkang sampun paring pitedah dumateng kita sedaya dateng mergi ingkang leres ingkang padhang ingkang sempurna.
Saklajengipun keparenga khatib paring pangemut-emut khususipun dumateng diri kula piyambah sumrambah dumateng jamaah Jumat sedaya mangga kita tansah ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, amargi boten wonten sangu ingkang langkung sae ingkang saged paring keselametan dumateng kita wonten pagesangan fid diini wal akhirat kajaba namung taqwa. Inna akramakum indallahi atqakum, kanthi taqwa dumateng Allah SWT punika kita nglampahi pagesangan rina wengi ing donya punika. Wonten ing wulan Rabiul Awal punika, masyarakat kita gadhahi kebiasaan mengeti dinten Maulid Nabi Muhammad SAW mawi werni-werni kegiatan kados pengajian lan saksanesipun ugi wonten ing Jamaah Jum’at boten katalumpen dipun isi khutbah-khutbah ingkang temanipun Maulid Nabi Muhammad SAW Shalallahu ‘alaihi wassalam.
Sejatosipun ingkang dipun sebat sunah Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wasalam punika boten ateges namung perkawis khusus kemawon anamung sedaya babagan pagesangan ingkang sampun dipuntindakaken dening junjungan kita Nabi Muhammad SAW, artosipun boten punbatesi dening perkawis-perkawis ubudiyyah kados shalat, zakat, shaum lan ibadah lintunipun. Sedaya ingkang sampun dipun ngendikakaken dening Rasul ugi tumindak ingkang sampun dipun lampahi boten wonten ingkang keliru amargi punika sunnah ingkang kedah kita sedaya dhereki, pangandikan ugi tumindakipun Rasul punika dipun bimbing dening wahyu Illahi, kados ingkang kaserat wonten salah satunggaling ayat :
َمَا يَنْطِقُ عَنِ الْهَوَى إِنْ هُوَ إِلَّا وَحْيٌ يُوحَى
“Lan ora ana kang den ucapke iku mitur kareping hawa nafsune, ucapan iku ora liya kejaba saka wahyu kang diwahyukaken (kanggo Muhammad). (Terjemah Jawa Qur’an Surat An Najm ayat 3-4).
Rikala rumiyin para sahabat sanget-sanget migatosaken ugi neladani pagesangananipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam dumugi ing perkawis-perkawis ingkang kita asring nganggep remeh utawi sepele, kita boten pareng milih-milih anggen kita neladani Rasulullah Shalallahu ‘alaihi Wassalam minangkani ibadah ngamalaken sunahipun kanjeng nabi. Kerana saktemenipun ngamalaken sunah Rasul punika kedah kanthi utuh boten saged dipun pisah-pisah utawi dipun pilih-pilih, amargi punika boten sanes nggih mergi ingkang leres dumugi swargonipun Allah, kados ingkang sampun kasebat wonten satunggaling hadits :
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ كُلُّ أُمَّتِي يَدْخُلُونَ الْجَنَّةَ إِلَّا مَنْ أَبَى قَالُوا يَا رَسُولَ اللَّهِ وَمَنْ يَأْبَى قَالَ مَنْ أَطَاعَنِي دَخَلَ الْجَنَّةَ وَمَنْ عَصَانِي فَقَدْ أَبَى
Saking Abu Hurairah, bilih Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam nate sabda :”Tiap-tiap umatku bakal mlebu kabeh ing swargo kejaba kang wegah”, para sahabat tanglet : “Ya Rasul, sinten umat ingkang boten purun punika?”, Rasul jawab “Sapa wonge kang taat marang aku (melu aku) bakal mlebu swargo lan sapa kang nyelisihi aku artine wong iku wegah(Dipun riwayataken dening Imam Bukhari wonten Kitab shahihipun angka 6737).
Awit saking punika mangga kita sami neladani sedaya aspek pagesanganipun Nabi Muhammad Shalallahu ‘alaihi wassalam kados ibadah dumugi pangandikan saha tumindakipun anggen nglampahi pagesangan wonten ing alam donya punika, boten saged dipun pilah pilih anamung kedah sedaya dipun teladani. Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam nerapaken hukum Islam kanthi sempurna ugi paripurna dumateng sedaya aspek pagesangan manungsa kados politik pemerintahan, hukum jinayat (pidana) dumugi hukum masalah keluarga. Awita saking punika mangga samiya ikhtiar usaha kanthi saestu supados tegak hukum Allah kanthi sempurna wonten pagesangan kita sedaya punika, ghirah ugi niat ingkang kuat anggenipun dherek hukum syariatipun Allah bakal dados bukti keimanan kita. Mugi-mugi kanthi nindakaken sedaya sunah Rasul dadosaken sunah kasebat manhajul hayah (cara gesang) kita, Allah bakal paring kesuksesan lan keselametan wonten ing gesang kita dumugi ing akhirat, Amiin


DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017


Posting Komentar

0 Komentar