Subscribe Us

"Ngupados Nafkah Berkah, Halal, Thayyibah" - Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 5 Mei 2017

Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqull
aha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm suubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqull
aha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.

Mangga sesarengan ningkataken taqwa kita dumateng Allah, kanti saestu tansah netepi  ta’at sedaya perintahipun saha nebihi  sedaya awisanipun. Ampun ngantos nilar kewajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.wonten ing kawontenan kados punapa kemawon, tansah netepana taqwa lan taat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin.  Sekedhap malih tanggal 1 Mei 2017, dipun pengeti minangka Hari Buruh, dinten ingkang biasanipun tambah rame amargi wonten mergi kathah buruh sami demo, kathah ingkang nuntut hak-hakipun ngupados nafkah. Anamung kita Umat Muslim kedah saged milih-milih cara ingkang santun, ingkang boten paring mudharat tiyang sanes. Ugi wonten ing kesempatan khutbah punika keparenga kula ngaturaken hikmah ingkang kedah kita pundhut minangka mengeti Hari Buruh punika.  - DOWNLOAD KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TERBARU <<< KLIK DISINI >>>
Khutbah Jumat Bahasa Jawa
"Ngupados Nafkah Ingkang Berkah, Halal, Thoyyibah"

tinulis dening : Abi Ahya | sumber : www.Nagamover.com

Al-Qur’an wonten kathah sanget ayat nyebataken bilih iman boten cekap tanpa wontenipun amal shaleh ingkang dipuntindakaken, salah satunggalipun dipun sebataken wonten Surat Al-Ashr ingkang artosipun :
Dhemi wekdal.
Sayektosipun manungsa punika temen wonten ing sajroning kapitunan,
Kajawi ingkang sami mangestu sarta nindhakaken panggawé ingkah saé (amal sholèh), lan weling-wineling ing kabeneran, sarta weling-wineling ing kasabaran.
(Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Al Ashr)

Wonten ing ayat kasebat dipunterangaken bilih ciri-ciri manungsa ingkang boten kapitunan nggih punika ingkang purun pados nafkah, amal shaleh, ugi weling-wineling ing dalem kabecikan.  - DAFTAR ISI KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017 <<< KLIK DISINI >>>

Ugi wonten ayat sanes dipun ngendikakaken :
“Allah iku kang handadekake bumi iku gampang dianggo mlaku. Sira padha lumaku ana lumahing bumi, lan padha mangana rizkine Allah kang wis dicawisake dening Pangeranira. Ing tembe manungsa padha diadepake ana ngarsane Allah.” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Al Mulk ayat 5)
   
Manawa sholat jum'at wis rampung padha sumebara ana bumi, golek pangupa jiwa murih oleh rizki peparinge Allah lan akeha eling marang ALlah supaya padha begja. (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Al Jumuah ayat 10)

Sanesipun, saking hadits-hadits ugi kathah ingkang nyebataken kautamaanipun pados nafkah,
“Sakbagus-baguse sira yaiku wong kang apik akhlaqe”
“Sakbagus-bagusa manungsa yaiku kang paling akeh manfaate kanggo manusia liyane”
“Muslim kang paling bagus yaiku muslim kang muslim liyane tansah rasa aman saka gangguan lisan lan tangane”
“Sapa wong kang susah ing sakjroning sore amarga nyambutgawe, mangka diampuni kabeh dosa-dosane”
(Hadits Riwayat Tabrani)

Ngupados nafkah ugi minangka pengabdian dumateng ngarsanipun Allah Ta’ala, maksudipun inggih temtu sedaya manungsa pados nafkah, umat sanesipun Islam ugi pados nafkah, maah para ateis ingkang boten pitados agami ugi pados nafkah wonten ing alam donya punika. Anamung wonten ingkang dadosaken beda Muslim kaliyan sanesipun inggih punika ngupados nafkah minangka sebagian saking ibadah. Ngupados nafkah kanthi syari miturut Islam wonten ciri-cirinipun, nggih punika : Pengabdian nyadhong ridhaning Pangeran, caranipun boten bertentangan syariat Islam, Bidangipun Halal/Makruf, Manfaatipun saged dipunraosaken tiyang sanes (rahmatalil’alamin)

Ngupados nafkah kanthi maksimal wonten cara-cara ingkang miturut syar’i punika ingkang dipunsebat “ihsan” (sae) hasilipun saged dipun sebat “itqan” (hasil paling sae). Minangka panutup, mangga kawula paring piweling dhumateng diri pribadi kawula, ugi panjenengan sedaya, mangga-mangga sedaya langkah kita ing dalem pados nafkah dipun niati zikir kita dhumateng Allah. Mugiyo sedaya nafkah ingkang kita tampi saged pun paringi barokah, halal, thoyyibah, Amin.DOWNLOAD APLIKASI KHUTBAH VIA GOOGLEDRIVE <<< KLIK DISINI >>>






بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ.
- khutbah kedua -
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ



 DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017

Posting Komentar

0 Komentar