Subscribe Us

Bag.2 (Lanjutan...) "Asyura,Hikmah Saking Sejarah" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 22 Juli 2022

artikel ini adalah HALAMAN LANJUTAN silahkan KLIK DISINI untuk membaca artikel sebelumnya

Saking asbabul wurud dipun criosaken bilih satunggaling sahabat ingkang nindakaken hijrah saking Makkah tumuju Madinah kanthi niatan nikahi salah satunggaling wanita ingkang asma Ummu Qais, amargi niat punika sahabat punika boten angsal kautamaan hijrah, ugi sahabat punika angsal julukan Hijratu Ummu Qais. Perkawis punika paring keterangan bilih niat sanget penting, niat boten namung dados motivasi, kerana sakjroning niat punika Allah nitipaken ganjaran ingkang saged kagayuh bilih tindakan amal sampun dipuntindakaken. Punika ingkang saged bedakaken wulan Muharram tinimbang wulan sanesipun, Muharram dados beda amargi sakjroning wulan punika wonten kedadosan ingkang bersejarah kagem agama Islam inggih punika hijrahipun Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam.

Baca Judul Artikel Lainnya Tentang Khutbah Jumat Bahasa Jawa Dengan Tema "Tahun Baru Islam" : 


Bag.2 "Asyura, Hikmah Saking Sejarah"

220722 "Asyura, Hikmah Saking Sejarah", Materi Terbaru 21 Juli 2022 Khutbah Jumat Bahasa Jawa


Materi Terbaru Khutbah Jumat Bahasa Jawa 21 Juli 2022


Hadirin Jamaah Jumat rahimakumullah,

Muharram ugi ngadhahi keistimewaan ingkang ketingal saking wontenipun dinten angka sepuluh wonten wulan punika ingkang nggadhahi kathah sanget seratan sejarah Islam, dinten kadasa punika asring dipun sebat kanthi asma “Asyura” utawi “Sura”. Keranten wonten dinten Asyura punika  Allah Ta’ala milai nyiptakaken alam donya, lan wonten dinten ingkang sami ugi alam donya punika bakalan manggihi akhiripun (qiyamat). Wonten ing dinten Asyura punika ugi Allah Ta’ala nyiptakaken Lauhul Mahfudz lan Qalam, nurunaken udan ingkang pertama nurunaken rahmat ing bumi punika. Lan wonten dinten Asyura punika Allah ngangkat Nabiyullah Isa ‘Alaihis Salam minggah dumugi langit. Lan wonten dinten Asyura Nabi Nuh ‘Alaihis Salam mandhap saking kapal saksampunipun berlayar kerana banjir bandang, taksih wonten kathah sejarah ingkang kedadosanipun wonten ing wulan punika. Mila mangga wonten ing wulan ingkang kathah sejarahipun punika kita ugi saged mundhut hikmah ugi pelajaran sahingga saged dipun dadosaken motivasi kagem kita tansah ningkataken iman Islam kita kanthi nglampahi sedaya perintah-perintahipun ugi nebihi sedaya awisanipun, mugiya saged ningkataken taqwa kita, Amin.


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ،

اَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ.

 فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


ATAU BACA ARTIKEL LAINNYA :


    Kami Mengajak Anda Untuk Ikut Berpartisipasi Dalam Perjuangan Dakwah Melalui Media Internet, Silahkan Kirim Donasi Seikhlasnya ke : BANK BCA | No. Rek. 1221090794 | an. SOLICHIN | Bantuan Dari Anda Sangat Berguna Untuk Keberlangsungan Situs Dakwah Ini

Posting Komentar

0 Komentar