Subscribe Us

"Silaturahmi, Lapang Rezeki Panjang Umur" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 7 Juli 2017

Khutbah Jumat Lengkap Bahasa Jawa Terbaru Tahun 2021

"Silaturahmi, Lapang Rezeki, Panjang Umur"

SantriONE.com – Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saestu nggih punika nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing dunya punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi kita tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin. Mangga kita tansah ningkataken taqwa kita dumateng Allah Ta’ala amargi taqwa ingkang badhe nganter kita dumateng saenipun hubungan dumateng Allah ugi dateng sesami, khususipun nyambung tali silaturahmi dumateng sanak sedulur ingkang taksih wonten hubungan nasab, maksudipun keluarga piyambak kados ibu, rama, putra putri utawi ingkang taksih wonten hubungan kerabat saking rama utawi ibu.  

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa Tema Silaturahmi di Hari Raya Idul Fitri 1442 H. 

SantriONE.com – Kathah cara kagem nyambung silaturahmi contonipun sowan wonten dalemipun, paring hadiah, nuweni rikala gerah, ngulemi nalika kagungan hajat, lan sanes-sanesipun. Nyambung silaturahmi badhe angsal ganjaran ingkang ageng saking Allah Ta’ala, silaturahmi ugi nyebabaken hubungan hamba dumateng Pangeranipun bakalan langkung caket donya akhirat. Sabda Rasulullah Shalallhu ‘Alaihi Wassalam :

Ar Rahim iku gumantung ana ing Arsy, lan ngucap “Sapa wonge nyambung aku, mangka Allah bakal nyambung deweke, lan sapa wonge mutus aku mangka Allah bakal mutus hubungan karo wong iku” (Muttafaq ‘Alaih)

Kanthi jalaran nyambung silaturahmi ugi saged nglapangaken rezeki lan manjangaken umur, sabda Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam : “Sapa wonge kang seneng dilapangke rezekine lan diakhirake ajale, maka sambunga tali silaturahmi” (Muttafaqun ‘Alaih)

Sayangipun taksih kathah sebagian tiyang ingkang boten purun nyambung tali silaturahmi kaliyan kerabatipun, kajaba kerabat kala wau ingkang nyambung silaturahmi. Perkawis punika sejatosing boten silaturahmi ananging namung walesan, amergi tiyang ingkang ingkang gadhah akal bakal bales saben kabecikan ingkang dipunparingaken sinaosa tiyang punika tebih. “Wong kang nyambung silaturahmi iku ora wong kang nyambung hubungan kang wis sinambung, ananging wong nyambung silaturahmi yaiku wong kang jalin maneh hubungan kekerabatan kang wis putus” (Muttafaq ‘Alaih)

Mila mekaten mangga sami nyambung silaturahmi dumateng kerabat-kerabat kita, sinaosa kerabat kita ingkang mutusaken, saktemene kita badhe angsal balesan ingkang langkung sae tinimbang tiyang kasebat. Sabda Rasulullah : “Ora bakal mlebu swarga wong kang seneng mutus silaturahmi” (Muttafaq ‘Alaih)

Mutus tali silaturahmi ingkang paling ageng nggih mutus hubungan dumateng tiyang sepah kekalih, lajeng kerabat ingkang caket, lajeng kerabat caket saklajengipun. Mila punika Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam paring sabda : “Apa kowe gelem dingerteni dosa gedhe kang paling gedhe?” Panjenenganipun tanglet dumugi kaping tiga, lajeng dipun jawab, “Purun ya Rasulullah”, mangka Rasulullah paring sabda :”Nyekutukake Allah lan durhaka marang wong tuo” (HR. Bukhari lan Muslim). Kados mekaten dosanipun durhaka dumateng tiyang sepah, dosa punika dipun sebat saksampunipun syirik dumateng Allah. Parahipun nggih umpami dipuntambah kaliyan nyakiti utawi mungsuhi tiyang sepah langsung punapa boten langsung, maksudipun kados nyela tiyang sepahipun.

Wonten sebagian tiyang ingkang boten remen manggihi tiyang sepahipun ingkang rumiyin sampun ngrawat malah sakpunika ngina tiyang sepahipun, kadang mulyakaken garwa nanging boten mulyakaken tiyang sepahipun. Rumaos isin menawi lenggah utawi mlampah sareng tiyang sepahipun, matur kanthi kasar boten sopan dumateng tiyang sepah, tindakan-tindakan kados mekaten temen-temen sampun ngaramaken dirinipun saking bektos dumateng tiyang sepah ingkang walesanipun sanget mulya. Wonten ugi ingkang boten purun nganggep sanak kerabatipun kados keluarga, tiyang punika boten purun nggauli karib kerabat kanthi sikap ingkang pantes, kadang boten purun tegur sapa utawi nindakaken tumindak ingkang saged nyaketaken tali silaturahmi. Semanten ugi boten purun ngginaken bandhanipun kagem bantu sanak sedherek, sahingga wonten keadaan serba kecukupan sinaosa sedherekipun wonten keadaan kekirangan. Tiyang punika boten purun nggauli sedherek ingkang miskin. Para ulama paring pitunjuk bilih saben tiyang ingkang nggadhahi hubungan waris kaliyan tiyang sanes, mangka tiyang punika wajib paring nafkah kagem keluarga punika bilih betahaken utawi lemah penghasilanipun, nggih kados nafkahipun Rama dumateng putra putrinipun, sinten tiyang ingkang bakhil mangka tiyang punika dosa lan badhe dipun hisab wonten ing dinten kiamat. 

Mila mekaten mangga tansah tetep nyambung tali silaturahmi, atos-atos ampun ngantos mutusaken. Saben-saben kita badhe sowan wonten ngarsanipun Allah mawi ganjaran kagem tiyang ingkang nyambung silaturahmi utawi badhe ngadhep mawi nyengkuyung dosa kagem tiyang ingkang remen mutus tali silaturahmi. Mangga kita nenuwun dumateng Allah Ta’ala nyuwun pangapunten kerana Allah Maha Paring Ampunan saha Maha Welas Asih. 

 

BACA SELANJUTNYA... 

BACA JUGA JUDUL LAINNYA, 
Khutbah Jumat Lengkap Bahasa Jawa Terbaru Tahun 2021

Posting Komentar

0 Komentar