Subscribe Us

"Ikhtiar Muslim Nggayuh Rahmat Al Falah" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 6 Oktober 2017

- khutbah pertama - 
إن الحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونعوذ بالله من شرور أنفسنا وسيئاتأعمالنا من يهده الله فلا مضل له ومن يضلل فلا هادي له أشهد أن لا إله إلاالله وأشهد أن محمدا عبده ورسوله

ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون

ياأيها الناس اتقوا ربكم الذي خلقكم من نفس واحدة وخلق منها زوجها وبثمنهما رجالا كثيرا ونساء واتقوا الله الذي تساءلون به والأرحام  إن الله كانعليكم رقيبا

ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله وقولوا قولا سديدا يصلح لكم أعمالكم ويغفرلكم ذنوبكم ومن يطع الله ورسولهفقد فاز فوزا عظيما، أما بعد ...

فأن أصدق الحديث كتاب الله، وخير الهدى هدى محمد صلى الله عليه وسلم، وشر الأمور محدثاتها، وكلمحدثة بدعة وكل بدعة ضلالة، وكل ضلالة في النار.




Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima

Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.


Mangga ingkang sepindah kita ngonjukaken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kita ugi kanikmatan ingkang boten wonten ingkang langkung sae kajaba nikmat Iman lan Islam dumateng sedaya kawula ingkang dipun paringi rahmat nggihrahmat ingkang kita sedaya sami nyadhong mugi dipun paringi tetep Iman lan Islam sahingga saged gesang kanthi istiqomah ingkang akhiripun pejah husnul khathimah, Amin. Mugiya rahmat saha salam tansah katetepna dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shalallahu ‘alaihi Wassalam ingkang sampun paring pitedah margi ingkang terang benderang inggih margi Islam ingkang sampurna.  - DOWNLOAD KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TERBARU <<< KLIK DISINI >>>

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Ikhtiyar Muslim Nggayuh Al Falah Minangka Rahmat"


tinulis dening : Abi Ahya | sumber : www.jengkar.com

Kita minangka kaum Muslim temtu nyuwun tansah dipun paringi wilujeng donya akhirat, mila mangga kita sami tansah berjuang ugi ngathah-ngathahi amal shaleh, nglampahi sedaya perintah-perintahipun kanthi sakuating tenaga kita. Kita kedah yakin boten pareng ragu-ragu ugi tansah kanthi ati seneng nglampahi syariat Islam ingkang sampun kadhawuhaken kados ingkang kasebat wonten satunggaling ayat Al Qur’an :
“Elinga, saktemene wong-wong kang dikasihi dening Allah iku ora ana rasa kuwatir tumrape wong-wong mau lan wong-wong mau ora duwe rasa sedih.” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Yunus : 62)

Manungsa inggih punika sejatosipun tebih saking kasampurnan anamung makhluk ingkang kathah kirang lan khilafipun amarga sak inggiling sedaya kekuatan makhluk wonten ing alam donya punika wonten dzat ingkang kuwaos nemtokaken sedaya perkawis, boten sanes anamung Allah Ta’ala. Allah Dzat ingkang kagungan sifat sampurna boten gadhahi cacat ugi kekirangan sekedhik punapa, Dzat ingkang namung wonten panguwaosipun Allah sedaya perkawis wonten alam donya punika badhe kedadosan. Awit saking punika manungsa dipunwajibaken dening ikhtiyar nebihi sedaya perkawis ingkang dipunlarang, sifat kejahatan lan kemungkaran, sampun ngantos manungsa nekat anglampahi bab-bab ingkang dipun awisaken, boten sae jalaran ingkang makaten punika boten cocok kaliyan fitrahipun makhluk ingkang asma manungsa.DOWNLOAD APLIKASI KHUTBAH VIA GOOGLEDRIVE <<< KLIK DISINI >>>

Manungsa kepengin pinter kedah berjuang ngupados ngelmu, kepingin sandhang tedha kedah ngetog kekiyatan ngupados kanthi margi ingkang halal boten kenging angen-angen namung ngajeng-ajeng dhawahing emas saking langit keranten saestunipun langit boten badhe jawah emas lan perak. Dipunsebataken wonten ing Al Qur’an ingkang artosipun “Samangsa wis rampung shalat mula banjur padha sumebara kowe kabeh ana ing bumi lan padha goleka anugerah rizkining Allah lan kowe kabeh akeh anggone eling marang Allah SWT, supaya kowe kabeh oleh kabegjan.” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Al Jumu’ah)

Wonten ing ayat sanes dipun sebataken  “Saktemene Allah ora bakal ngowahi apa kang disandhang dening sawijining kaum sahingga kaum mau ngreka daya ngrobah apa kang wis di alami mau.” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Ar Ra’du ayat 11)

Mila punika sedaya kaum Muslim dipunwajibaken ikhtiyar supados tansah enget bilih sedaya gumantung Allah, menawi usahaning manungsa punika saged kadumugen hakekatipun saking keparengipun Dzat ingkang Maha Welas Maha Asih, manawi Allah dereng maringaken kadumugen sedayanipun temtu boten saged kedadosan. Kita minangka umat Islam kedah gadhahi keyakinan bilih Boten wonten ingkang saged ngalang-ngalangi punapa ingkang paduka paringaken, lan boten wonten ingkang saged maringi punapa ingkang paduka alang-alangi”.

Saklebeting ikhtiyar kita minangka Muslim ugi boten pareng rumaos putus asa utawi nglokro saking rahmating Allah ingkang Maha Kuwaos, kita kedah tansah ikhiar umpami usaha kaping sepisan dereng kasil saged ugi usaha kita dereng leres mila sasaged-saged ngudiya usaha malih sebab sinten mangertos para sedherek manawi Allah sampun paring Rahmat dipuntakdiraken Insya Allah badhe Kabul jalaran Allah Maha Welas Saha Maha Asih. Kados pangandikanipun Nabi Ya’kub dateng putra-putranipun ingkang artosipun “He anak-anakku padha lungaa golekana Yusuf lan aja padha putus asa saka rahmating Allah SWT.” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Yusuf ayat 87)

Kabegjan ugi dipun istilahaken ”Al Falah”, minangka Muslim Al Falah punika saged dipun tengga tanpa usaha, kedah ikhtiyar kagem nggayuh kabegjan punika, kados ingkang dipun sebat wonten ing kitab “Durrotun Nashihiin” kaca: 256, dipun terangaken ingkang maksudipun kagem nggayuh Al Falah utawi kabegjan ingkang sejatos wonten ing donya lan akherat manungsa wonten ing gesangipun kedah nindakaken sewelas perkawis, inggih punika :
1.    ZUHUD
2.    MAOS AL-QUR’AN
5.    SHOLAT KHUSYU’
7.    ANDHAP ASOR
8.    LOMA BOTEN PELIT

Punapa ingkang kasebat wonten Durratun Nashihiin ngengingi usaha-usaha ingkang luhur ingkang kedah dipun tindakaken manungsa kagem nggayuh Al Falah Minangka rahmat ingkang sejatos, Insya Allah kanthi makaten manungsa enggal saged wangsul dateng margi ingkang leres supados gesang kita pikantuk ridha saha tansah wonten pangayoming Allah Ta’ala. Mangga kita sedaya tansah dedonga saged kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa kita nyuwun wonten ngarsanipun Allah Ta’ala mugi-mugi gesang kita dipun gampangaken dening Allah Ta’ala saged ngamalaken tuntunan agami kanthi sasae-saenipun mugi-mugi gesang kita manfaat maslahat wonten




بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ.

- khutbah kedua -

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


 DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017




Posting Komentar

0 Komentar