Subscribe Us

220225 - "Isra’ Mikraj, Ngraosaken Nikmatipun Shalat", Khutbah Jumat Bahasa Jawa 25 Februari 2022

Mangga sesarengan kita ngonjukaken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kita inggih nikmat Iman lan Islam dumateng sedaya. Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam ingkang sampun paring pitedah margi ingkang terang benderang inggih margi Islam ingkang sampurna. Mangga sesarengan kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SUBHANAHU WA TA’ALA, kanthi saestu nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti taqwa punika saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing donya punika dumugi akhiratipun, Amin


"Isra’ Mikraj, Ngraosaken Nikmatipun Shalat", Khutbah Jumat Bahasa Jawa 25 Februari 2022


"Isra’ Mikraj, Ngraosaken Nikmatipun Shalat"

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 25 Februari 2022

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Wonten kitab al-barzanji ingkang asring kita waos dipun ngendikaaken bilih gangsal tahun sakderengipun hijriyyah sekitar tanggal 27 Rajab Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam dipun Isra’aken dening Allah SUBHANAHU WA TA’ALA kanthi ruh lan jasadipun wonten keadaan sadar, netep milai Masjidil Haram (Makkah) dumugi Masjidil Aqsha, saklajengipun Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam dipun mikrajaken dening Allah Ta’ala minggah wonten ing langit pitu. Wonten ing langit sepisan (langit donya), Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam kepanggih Nabi Adam ‘Alaihis Salam, nomer kaleh kepanggeh dumateng Nabi Isa ‘Alaihis Salam, ugi kepanggih Nabi Yahya ‘Alaihis Salam. Saklajengipun wonten ing langit nomer tiga, Rasulullah kepanggih Nabi Yusuf ‘Alaihis Salam. Wonten ing langit nomer sekawan Nabi kepanggih dumateng Nabi Idris ‘Alaihis Salam. Wonten ing langit kaping gangsal, Nabi Muhamad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam kepanggeh Nabi Harun ‘Alaihis Salam. Saklajengipun wonten langit nomor enem kepanggih Nabi Musa ‘Alaihis Salam, wonten ing langit nomor pitu, Nabi kepanggih Nabi Ibrahim ‘Alaihis Salam. Saklajengipun Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam minggah dateng sidrotil muntaha utawi sajarotil muntaha ingkang lajeng minggah maleh dugi mustawa (panggenanipun seratan sedaya perkawis ingkang bade dipun tetepaken Allah SUBHANAHU WA TA’ALA) lajeng minggah dumugi Arsy (Nabi Muhamad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam kepanggih, munajat lan mukasyafah dumateng Allah SUBHANAHU WA TA’ALA) ingkang dipunterangaken bilih Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam nampi perintah Shalat gangsal wekdal ingkang fadhilahipun sami kalean Shalatipun umat lentunipun ingkang nglampahaken Shalat 50 wekdal setiap dintenipun. Punikalah keutamaan ingkang dipun paringaken Allah SUBHANAHU WA TA’ALA dumateng kita minangka umatipun Nabi Muhamad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam. Lajeng saksampunipun punika dipun ngendikaaken:

Setuhune Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam mersani para malaikat ingkang sami nglampahi ibadah kanthi macem-macem , wonten ingkang sami jumeneng sak lawase, wonten ingkang ruku’ sak lawase, wonten ingkang sujud sak lawase, wonten ingkang maos tasbih sak lawase, lan wonten ingkang maos takbir sak lawase. Warni-warni ibadahipun para malaikat punika dadosaken Rasulullah nyuwun dumateng Allah supados kerso maringaken amalan punika ugi kagem umatipun. Lajeng Allah SUBHANAHU WA TA’ALA mucal Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam caranipun nindakaken shalat ingkang  kautamaanipun tiyang ingkang shalat ngluwihi keutamaanipun para malaikat kala wau. Kanthi punika mangga kita jagi amalan ingkang sampun dipun syariataken dening Allah Ta’ala dumateng kita sedaya ampun dipun lerwaaken. Mangertoso bilih Shalat punika kados dene walimah (Pesta) ingkang dipun damel dening raja. Ingkang dipun cawisaken kanthi macem-macemipun dedhaharan lan unjukan ingkang sedayao lezat lan kathah manfaatipun ugi ndadosaken kemeceripun manungso supados saged ngeraosaken panganan kala wau. Semanten ugi shalat punika minangka pesta ingkang dipun cawisaken macem-macemipun lampahan lan dzikir ingkang benten-benten supados kita saged ngeraosaken lezatipun shalat punika. Sebab dipun ngendikakaken Nabi Muhamad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam bilih menawi wonten setunggalipun kawula ingkang Shalat kalih roka’at kanthi madep dumateng Allah kelawan atine, mangka tiyang punika badhe medal saking sedaya dosa kados dene bayi ingkang lahir saking rahim Ibunipun.

 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Mangga kita tansah dedonga mugi kita saged ngginaaken kesempatan wulan rajab punika kanthi tansah bagusaken Shalat kita lan akhiripun mugi Shalat kita dipun tampi wonten ngarsanipun Allah SUBHANAHU WA TA’ALA dingapunten sedoyo kekirang saenipun Shalat punika ugi diridloni sedaya amal–amal kita sanesipun. Amin


Berikut ini adalah DAFTAR ISI LENGKAP KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2022

Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak.

 


    Demikian artikel yang berisi kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2022, semoga bermanfaat, Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak

Posting Komentar

0 Komentar