Subscribe Us

16 April 2021 "Ramadhan, Wulanipun Tiyang Mukmin Ngajeng-ajeng Kamulyan", Khutbah Jumat Bahasa Jawa

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 16 April 2021 - Jamaah Jum’at Rahimakumullah, Manungsa saged ashor utawi mulya punika sejatosipun saking tumindakipun manungsa piyambak, jalaran Gusti Allah sampun paring derajat dumateng sedaya manungsa punika dipunciptakaken dening Allah kanthi wujud ingkang sak bagus-bagusipun sak sae-saenipun wujud, ananging amargi manungsa punika dipun paringi hawa nafsu sahingga qalbu ingkang dasaripun suci saged dados kotor sinaoso Gusti Allah punika caket ananging raosipun tebih, manungsa donga nanging donganipun kados boten dipun mirengaken dening Allah. Mila punika sedaya manungsa ngajeng-ajeng kamulyan utaminipun tiyang-tiyang Mukmin, punapa malih wonten kesempatan ingkang sae sanget kagem ngglembleng hawa nafsu supados pinaringan kamulyan fidiini wal akhirat nggih punika moment agung Wulan Ramadhan, ugi wonten kesempatan ingkang sanget bahagia punika keparenga kula ngaturaken satunggaling khutbah kanthi judul : ”Ramadhan, Wulanipun Tiyang Mukmin Ngajeng-ajeng Kamulyan” mugi paring manfaat dumateng kita sedaya.

"Ramadhan, Wulanipun Tiyang Mukmin Ngajeng-ajeng Kamulyan"

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 16 April 2021

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 16 April 2021 - Jamaah Jum’at RahimakumullahMangga kita tansah ngupaya ningkataken Iman ugi Taqwa kita dumateng Allah Ta’ala kanthi nglampahi sedaya perintah-perintahipun ugi nebihi sedaya awisan-awisanipun, supados pikantuk kabegjan wiwit donya dumugi ing akhirat benjang. Wulan Ramadhan inggih wulan kagem nguji para Mukmin anggenipun mujudaken kesabaran, kejujuran ugi keikhlasan kanthi nindakaken shiyam wonten ing wulan Ramadhan ingkang kathah rahmat ugi maghfirahipun Gusti Allah. Mukmin ingkang sukses inggih ingkang kasil anggenipun nindakaken shiyam, punika tiyang-tiyang ingkang pikantuk derajat taqwa “la’allakum muttaqun”. Sahingga wonten ing tanggal satunggal Syawal kawastanan “Idul Fitri” inggih dinten ingkang fitrah amargi ing dinten Idul Fitri Allah sampun paring pangapunten sedaya dosa-dosanipun para kawula ingkang nglampahi shiyam, sahingga kaetang milai satunggal Syawal tiyang-tiyang punika saged nglampahi ibadah kanthi langkung sae. Sedaya amal ibadah kedahipun saged dipun tingkataken, shalat fardhu dipun sempurnakaken, shalat sunnah dipun tindakaken shalat jamaah dipun giyataken, majlis-majlis taklim dipun jumbuhaken, masjid lan musholla dipun makmuraken, al Qur’an dipun kaji dipun udari makna lan kandunganipun kagem pedoman pagesangan. Wulan Ramadhan dipun akhiri kalajengaken Wulan Syawal ingkang ugi dipun wastani wulan peningkatan sedaya amal ibadah, infaq lan shadaqah dipun giyataken, silaturahim dipun lestantunaken, sahinga tansa rumaos andhap ashor lan prasoja, gedhe ati lan cilik ing pamrih. Mekaten punika wujud saking pikantuk kasil utawi la’alakumtattaqun, amargi taqwa boten anamung lelamisan ing lathi lan boten anamung pengangen-angen kemawon kedah wonten itiqad ingkang smapun manggen ing ati dipun ucapaken wonten lisan ugi dipun tindakaken kanthi amal ibadah.

 BACA JUGA  : 3 RAHASIA KESUKSESAN NABI IBRAHIM

Mangga kita muhasabah dipun etang diri kita piyambak-piyambak saksampunipun kita tingkas nindakaken shiyam ing wulan Ramadhan kados pundi anggenipun kita ngabekti dumateng Gusti Allah nindakaken amal ibadah, menawi akhir saking wulan Ramadhan boten ningkat amal ibadahipun utawi malah mandhap kualitasipun pramila tiyang-tiyang punika sejatosipun tiyang ingkang rugi. Kados sampun kasebat wonten salah satunggaling ayat :

Lan saktemene Ingsun dadekake kanggo isi neraka Jahanam akeh-akehing saka jin lan manungsa, dheweke padha duweni ati ananging ora digunakake kanggo mahami (ayat-ayate Allah), lan dheweke duweni mata ananging ora digunakake kanggo ningal lan dheweke padha duweni kuping ananging ora digunakake kanggo ngurongake (marang ayat-ayate Allah). Dheweke iku kaya dene kewan ingon-ingon malah dheweke luwih asor, dheweke iku wong-wong kang padha lali”. (Terjemah Qur’an Basa Jawa Surat Al A’raf ayat 179).

 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 16 April 2021 - Jamaah Jum’at RahimakumullahAkhiripun kula aturaken kagem pangemut-emut khususipun dumateng diri kula piyambak sumrambah dumateng jamaah sedaya mangga sami-sami kita pundhut sedaya keberkahan wulan Ramadhan punika kagem ngajeng-ajeng kamulyan kanthi tansah ningkataken ibadah dumateng Allah Ta’ala ningkataken kualitas angenipun nglampahi sedaya syariat-syariatipun ugi tansah nebihi sedaya awisan-awisanipun amargi anamung kanthi mergi punika kita saged pikantuk kamulyan ingkang kita sedaya tansah ajeng-ajeng.

Mekaten artikel Khutbah Jum’at Tema Ramadhan punika kanthi judul : ”Ramadhan, Wulanipun Tiyang Mukmin Ngajeng-ajeng Kamulyan” mugi paring manfaat dumateng kita sedaya, kanthi hurmat nyuwun bantuanipun saged klik SHARE utawi LIKE supados saged sareng-sareng kita sebar manfaat, nuwun.

 

BACA SELENGKAPNYA ... 

Berikut ini adalah DAFTAR ISI LENGKAP KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2022

Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak.

 


    Demikian artikel yang berisi kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2022, semoga bermanfaat, Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak

Posting Komentar

0 Komentar