Subscribe Us

220708 "Ibrah 3 Rahasia Sukses Nabi Ibrahim" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 8 Juli 2022

SantriOne.com | Alinea Kedua Telah terbit buku Kumpulan Khutbah Jum’at Bahasa Jawa Lengkap 1 Tahun 2023, kini bisa anda dapatkan dengan aktif mengikuti update dari situs ini. Kami akan secara rutin mengupload materi khutbah jumat setiap pekan. Bagi anda yang menginginkan softcopy / ebook dalam format pdf atau word silahkan hubungi kami di halaman kontak, bisa melalui email atau wa yang tercantum di website ini.


"Ibrah 3 Rahasia Sukses Nabi Ibrahim"

Khutbah Jumat Bahasa Jawa "Ibrah 3 Rahasia Sukses Nabi Ibrahim"

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

tinulis dening : Abi Solihin | www.santriOne.com


Pada kesempatan ini kami akan menyampaikan sebuah judul Khutbah “Ibrah 3 Rahasia Sukses Nabi Ibrahim”, silahkan disimak semoga bermanfaat.

 

Khutbah I 

 

ﺇِﻥَّ ﺍﻟْﺤَﻤْﺪَ ﻟِﻠﻪِ ﻧَﺤْﻤَﺪُﻩُ ﻭَﻧَﺴْﺘَﻌِﻴْﻨُﻪُ ﻭَﻧَﺴْﺘَﻐْﻔِﺮُﻩْ ﻭَﻧَﻌُﻮﺫُ ﺑِﺎﻟﻠّﻪِ ﻣِﻦْ ﺷُﺮُﻭْﺭِ ﺃَﻧْﻔُﺴِﻨَﺎ ﻭَﻣِﻦْ ﺳَﻴِّﺌَﺎﺕِ ﺃَﻋْﻤَﺎﻟِﻨَﺎ، ﻣَﻦْ ﻳَﻬْﺪِﻩِ ﺍﻟﻠﻪُ ﻓَﻼَ ﻣُﻀِﻞّّ ﻟَﻪُ ﻭَﻣَﻦْ ﻳُﻀْﻠِﻞْ ﻓَﻼَ ﻫَﺎﺩِﻱَ ﻟَﻪُ.

 ﺃَﺷْﻬَﺪُ ﺃَﻥَّ ﻻَ ﺇِﻟَﻪَ ﺇِﻻَّ ﺍللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ, ﻭَﺃَﺷْﻬَﺪُ ﺃَﻥَّ ﻣُﺤَﻤَّﺪًﺍ ﻋَﺒْﺪُﻩُ ﻭَﺭَﺳُﻮْﻟُﻪُ

اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

قول الله تعلى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا

يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا أَمَّا بَعْدُ

 Hadirin Jamaah Jumat rahimakumullah,

 

Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqull
aha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm suubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqull
aha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.

Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngonjukaken raos syukur kita dumateng ngarsanipun Allah Ta’ala, awit saking kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical, rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya, langkung langkung nikmat Iman Islam sahingga enjang punika kita taksih saged ngraosaken nikmatipun pagesangan ingkang miturut Syariat islam, punapa malih saged menangi dinten riyaya Idul Adha sami hangempal ing Masjid ingkang mulya punika tanpa manggihi rubeda satunggal punapa.

 

Hadirin Jamaah Jumat rahimakumullah,

Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah Ta’ala ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah susah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman,  kanthi tansah  nindakaken sedaya perintah lan nebihi sedaya awisanipun Allah Ta’ala, supados kita tansah pinaringan kabegjan  donya ngantos dumugi ing akhirat, kados dawuhipun Allah :

إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ

"Saktemene Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik”. (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat An Nahl ayat 128).


Hadirin Jamaah Jumat rahimakumullah,

Wonten ing suasana riyaya Idul Adha punika mangga kita sami saged mundhut ibrah saking kisahipun keluarga Nabi Ibrahim 'Alaihissalam, pangorbanan ageng saking Nabiyullah Ibrahim ‘Alaihis Salam punika boten namung minangka carios kemawon, ananging dados tuladha kagem kita sedaya. Nalika panjenenganipun pinaringan pacoban saking Allah Ta’ala supados nyembelih putranipun inggih Nabi Ismail Alaihis salam, dhawuh kasebat katampi kanti sabar  lan ridla, saha katindakaken kanthi ikhlas murih karidlaan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.

 

Mangga kita gatosaken menggah manah ingkang putra, Nabi Ismail Alaihis salam paring patuladan ingkang kedah dipun damel kiblat dening para putra remaja lan pemuda zaman sakniki, bilih panjenenganipun satunggaling putra ingkang shaleh lan bektos dateng tiyang sepah. Kanti sabar lan ridla nampi qadla ipun Allah Ta’ala, sahingga ikhlas lila legawa qurban nyembadani dawuhipun ingkang rama, sinaosa kedah nyawa ingkang namung setunggal setunggalipun ingkang kedah dipun qurbanaken. Nabi Ismail tanpa suwala, kanti tawakkal lan tatag manahipun matur dateng ingkang rama:

 قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللهُ مِنْ الصَّابِرِينَ

 “Duh Kanjeng Rama, sumangga kawula aturi enggal nindakaken punapa ingkang kadawuhaken dumateng Rama, Insya Allah Rama bade manggihaken kawula kalebet golonganipun tiyang tiyang ingkang sami sabar”  (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Ash Shaffat ayat 102)

 

Inggih wujudipun putra ingkang setya tuhu mbangun miturut dateng tiyang sepuh, ikhlas lan ridla labuh labet dateng agami, nadyan kedah ngorbanaken jiwa. Ngaten punika, ingkang kawastanan putra ingkang shaleh, ingkang dados kekudanganipun saben saben tiyang sepah. Punapa ketaatanipun Nabi Ismail Alaihissalam netepi perintah Agami lan tiyang sepuh sampun kapraktekkaken tumrap para pemuda ing zaman punika?? Inggih Allah lan diri pribadi kita ingkang langkung mangertosi.

 

Mbok bilih inggih namung  kanti pangorbanan ingkang ageng, raos suka bingahing manah nampi kamulyan nglampahi gesang punika bade saged dipun gayuh, kasebat ing setunggaling pangandikan ingkang mengku hikmah:

لَنْ تنُاَلَ الْعِزَّةُ إِلاَّ بِمُرُوْرِ الْبَلِيَّةِ

“Ora bakal kagayuh kamulyan, kejaba kanti ngliwati sengsaraning pangurbanan”

 

Anamung pangorbanan punika kedah kanthi linandesan keyakinan iman lan i’tikad ingkang kiyat, jalaran pangorbanan ingkang tanpa kadasaraken dateng keimanan temtu boten wonten artosipun bakal muspra tanpa tanja. Allah sampun paring dawuh :

وَمَا أَمْوَالُكُمْ وَلا أَوْلادُكُمْ بِالَّتِي تُقَرِّبُكُمْ عِنْدَنَا زُلْفَى إِلاَّ مَنْ آمَنَ وَعَمِلَ صَالِحاً فَأُوْلَئِكَ لَهُمْ جَزَاءُ الضِّعْفِ بِمَا عَمِلُوا وَهُمْ فِي الْغُرُفَاتِ آمِنُونَ

“Dudu banda banda lan anak anak ira kabeh kang bisa nyaketake sira marang Ingsun senajan sithik wae, kejaba wong kang iman lan ngamal shaleh,  iya  wong wong kang kaya mengkono iku kang bakal merkoleh piwales kang tikel-matikel, sebab olehe pada ngamal wong wong mahu, lan wong-wong mahu bakal sentosa ing panggonan kang luhur”   (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat As Saba’ 37).

 

Panjenenganipun Nabi Ibrahim minangka jejering tiyang sepah, ingkang wicaksana lan wibawa, ugi ta’at lan patuh, kanti ikhlas lan ridla mundi dawuhipun Allah, sinaosa kedah ngorbanaken putra. Nabi Ibrahim setya dateng garwa, lan tresna dateng putra, tabah lan tawakkal nampi kasunyatan pacobanipun Allah Ta’ala. Ismail minangka putra ingkang shaleh, taat ngestokaken dhawuhipun Allah Ta’ala Pangeranipun, bektos lan bangun miturut dateng tiyang sepah.

 

Wulan Dzulhijjah … (Bersambung ke HALAMAN BERIKUTNYA)


ATAU BACA ARTIKEL SERUPA LAINNYA :



Posting Komentar

0 Komentar