Subscribe Us

30 April 2021 "8 Kesalahan Wonten Wulan Ramadhan" - Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa

Wonten ing setunggal tahun wonten satunggaling wulan ingkang tansah kita tengga-tengga dumugunipun nggih punika Ramadhan, Alhamdulillah wulan ingkang sanget kita tengga-tengga punika sampun dugi, wulan ingkang Allah paring kabecikan dumateng sedaya hamba-hambanipun ingkang iman.

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"8 Kesalahan Wonten Wulan Ramadhan"

Para sahabat wonten zaman semanten sami berlomba-lomba numpuk kabecikan lan ibadah wonten saklebeting wulan Ramadhan, ananging benten kondisi umat Islam sakpunika sanget mrihatosaken boten namung ringkih menawi diajak fastabiqul khairat (berlomba-lomba wonten kabecikan) ing wulan ingkang mulya punika, ananging malah asring boten siap dateng amalan-amalan ingkang mestinipun dipuntindakaken kanthi leres. Mila punika wonten kesempatan punika keparenga kula ngaturaken perkawis-perkawis ingkang asring dados kesalahan-kesalahan wonten ing wulan Ramadhan, mugiya kita saged waspada lan ninggalaken kesalahan-kesalahan punika, kesalahan ingkang asring dipun lampahi wonten ing wulan Ramadhan nggih punika :
1. Nindakaken siyam, nanging boten mangertosi hukumipun siyam
Maka takonana marang wong kang duweni pengetahuan, yen sira ora ngerteni (Terjemah Qur’an Surat An Nahl ayat 43)
Sapa wonge kang dikersani apik dening Allah, mangka bakal dipahamke marang urusan agamane” (Muttafaq Alaih)
2. Kathah Dolanan lan Hura-hura ing saknglebeting wulan Ramadhan
Kathah tiyang Muslim ingkang boten migatosaken perkawis punika, tiyang-tiyang kathah ingkang milih santai-santai tinimbang nyukuri nikmat Allah, pantesipun tiyang Muslim ngraos syukur dumateng Allah kerana limpahan nikmat ingkang sampun kaanugerahaken sahingga saged diparingi kesempatan ngathah-ngathahi amal ing wulan Ramadhan punika. Boten namung mekaten wulan Ramadhan punika wulan ingkang kathah ampunan, Allah bakal paring ampunan dumateng sinten kemawon ingkang kanthi temen ngupaya nyuwun ampunan mawi ngathah-ngathahi amal kabecikan sarta nebihi sedaya awisan-awisanipun agama.
3. Taat namung wonten ing Wulan Ramadhan
Sebagian tiyang wonten ing wulan Ramadhan punika sami taubat, nglampahi shalat lan siyam, ananging saksampunipun Ramadhan wangsul malih nglampahi maksiyat, boten shalat, ugi rumaos boten salah dateng punapa ingkang dipuntindakaken. Cilaka tiyang ingkang keliru bilih nyembah Allah namung wonten ing wulan Ramadhan, keliru bilih maksiat namung dipunhindari nalika wulan Ramadhan kemawon, mangertosa bilih sedaya perintah Allah ugi awisanipun Allah punika boten namung wonten Ramadhan kemawon ananging sedaya wulan, sedaya tahun ngantos dumugi ajalipun sedaya manungsa boten ningali wekdal utawi panggenan.
4. Anggepan Tilem Ingkang Keliru
Perkawis ingkang taksih kathah dilampahi para Muslim ing wulan Ramadhan inggih ngathah-ngathi tilem ing wulan Ramadhan, nyebaripun pendapat bilih tilem ing wulan Ramadhan punika satunggaling ibadah sejatosipun pendapat ingkang keliru. Ugi wonten pendapat ingkang ngugemi bilih “tinimbang maksiat luwih becik turu”, temtu pendapat punika keliru kedahipun dipunwalik dados “tinimbang turu luwih becik ngakehi ibadah”
5. Sedih Nalika Ramadhan Dugi
Kathah ingkang nggadhahi anggepan bilih “duginipun Ramadhan bakal ngirangi kesempatan nindakaken aktivitas lan ngalangi anggenipun nglampahi maksiat, kejawi punika ugi sama seneng nalika Ramadhan badhe rampung. Tiyang-tiyang punika dherek puasa namung manut grubyuk, boten migatosaken punapa manfaat penting wulan Ramadhan ingkang namung dipunpanggihi sepindah sakjroning setahun.
6. Namung Jaga Perkawis Lahiriah
Kathah tiyang ingkang jagi perkawis-perkawis ingkang saged batalaken puasa kanthi lahiriah kados dhahar, ngunjuk namung boten migatosaken perkawis ingkang batalaken puasa kanthi maknawiyah kados ghibah ngrasani tiyang sanes, adu domba, dusta, laknat, cacki maki lan sanes-sanesipun. Kedahipun sedaya Muslim migatosaken puasanipun, nebihi saking perkawis ingkang dipunharamaken lan batalaken puasa, sebab kathah tiyang ingkang nglampahi siyam namung boten ngasilaken punapa-punapa kejaba ngelih lan ngelak. Kathah tiyang ingkang shalat ananging namung angsal begadang ugi kesel kemawon, sabda Rasulullah :
Sapa wonge ora ninggalake ucapan utawa tindakan dusta mangka Allah ora butuh puasane saka mangan lan ngombe” (HR. Bukhari)

7. Ninggalaken Shalat Tarawih
Sampun dipunjanjekaken dumateng tiyang ingkang nindakaken Shalat Tarawih kerana iman lan ngarep-arep ganjaran saking Allah ampunan dateng sedaya dosa ingkang kapengker, tiyang-tiyang ingkang ninggalaken Shalat Tarawih artosipun ngremehaken ganjaran ingkang agung lan walesan ingkang ageng punika. Ironis panci nalika tiyang Muslim ninggalaken Shalat Tarawih, wonten ingkang namung nindakaken Tarawih wonten awalipun Ramadhan nanging boten nglajengaken dugi rampungipun wulan Ramadhan, utawi wonten ugi ingkang rajin nglampahi nanging boten migatosaken syarat lan rukunipun ateges namung Shalat mawi waton kemawon, alesanipun bilih Shalat Tarawih namung sunnah kemawon. Bilih Shalat Tarawih punika sunnah panci leres nanging punika termasuk sunnah mu’akaddah artosipun sanget dipunanjuraken dening Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam, Khulafaur Rasyidin lan para Tabi’in ingkang dherek pitunjuk ingkang leres. Perkawis punika minangka taqarrub (nyaketaken diri) dumateng Allah Ta’ala, lan salah satunggal sebab angsalipun ampunin ugi wujud katresnan hamba dumateng Pangeranipun. Tiyang ingkang ninggalaken artosipun boten badhe angsal ganjaran, cilakanipun menawi ninggalaken pas wonten turumunipun Lailatul Qadar sahingga boten kanugrahan kabegjan mawi ampunan ugi ganjaran ingkang sanget agengipun.
8. Puasa namung boten nindakaken Shalat
Sebagian tiyang wonten ingkang nindakaken kewajiban puasa ing wulan ramadhan, ananging ninggalaken shalat utawi shalat nalika wulan Ramadhan kemawon, tiyang kados mekaten punika boten nggadahi manfaat dateng puasa lan sedekahipun amargi shalat minangka tiang utawi pilar agama Islam.

Mekaten kula aturaken 8 kesalahan ingkang asring kedadosan saklebeting wulan Ramadhan, mangga kita ngupaya ugi nyuwun dumateng Allah Ta’ala mugi tinebehna saking perkawis-perkawis ingkang saged nebihaken kita saking rahmatipun Allah kanthi nindakaken sedaya perintahipun kanthi sampurna ugi nebihi sedaya awisanipun langkung-langkung wonten wulan Ramadhan ingkang mulya punika, Amiin

Berikut ini adalah DAFTAR ISI LENGKAP KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2022

Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak.

 


    Demikian artikel yang berisi kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2022, semoga bermanfaat, Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak

Posting Komentar

0 Komentar