Subscribe Us

"Munafik, Ninggal Jamaah Shubuh Lan Isya" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 24 Maret 2017

Keparenga kula caos pangemut-emut khususipun dhumateng kula piyambak sumrambah dumateng sedaya jamaah, sumangga sampun ngantos kendel utawi kendhat anggen kita terus usaha lan ikhtiyar murih saya ningkatipun taqwa kita dhumateng Allah SWT. Awit selaku tiyang mukmin kita kedah saget anggadhai aqidah ingkat kiyat, keimanan ingkang teguh, sahingga kanthi iman saha taqwa ingkang kiyat lan tegun, kita sedaya saged pikantuk predikat tiyang ingkang paling mulya ing ngarsanipun Allah. Makaten ingkang dipun dhawuhaken Allah wanten ing Kitab Sucinipun, Al-Qur’an Surat Al-Hujarat ayat 13 : “Saktemene wong kang paling mulya ing ngarsane Allah, ing antarane sira kabeh, yaiku wong kang paling taqwa marang Panjenengane”.
Mugi-mugi ayat dhawuhipun Allah punika saged saya nambahi gumregah lan gumregut ing semangat kita anggenipun badhe terus ningkataken ketaqwaan kita dhumateng Allah sarana nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisan-awisanipun. Ing saklajengipun Allah ngendika wonten ing Surat Al Imran ayat 102 : “He wong-wong kang iman,  Sira kabeh padha taqwa-a marang Allah kanthi taqwa kang sabener-benere! Lan sira kabeh aja pisa-pisan mati kejaba tetep dadi wong Islam”. 


Khutbah Jumat Bahasa JawaNinggal Jamaah Shubuh Lan Isya Kebiasaan Tiyang Munafik


oleh : Ust. Jengkar Abi Ahya | www.NagaMover.com


Saklajengipun keparenga kula paring pangemut-emut khususipun dumateng diri kula piyambak sumrambah dumateng jamaah Jumat sedaya mangga kita tansah ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, amargi boten wonten sangu ingkang langkung sae ingkang saged paring keselametan dumateng kita wonten pagesangan fid diini wal akhirat kajaba namung taqwa. Inna akramakum indallahi atqakum, kanthi taqwa dumateng Allah SWT punika kita nglampahi pagesangan rina wengi ing donya punika. Sesarengan kita seja bilih badhe nglampahi pagesangan kanthi miturut dumateng sunah-sunahipun Rasulullah, kados pundi Rasulullah sanget anggepin jagi shalat gangsal wekdal tansah berjamaah wonten ing Masjid, sahingga wonten hadits ingkang nyebat mekaten:
وَالَّذِي نَفْسِي بِيَدِهِ لَقَدْ هَمَمْتُ أَنْ آمُرَ بِحَطَبٍ فَيُحْطَبَ ثُمَّ آمُرَ بِالصَّلَاةِ فَيُؤَذَّنَ لَهَا ثُمَّ آمُرَ رَجُلًا فَيَؤُمَّ النَّاسَ ثُمَّ أُخَالِفَ إِلَى رِجَالٍ فَأُحَرِّقَ عَلَيْهِمْ بُيُوتَهُم
Demi jiwa ingsun kang ana ing tangan Allah Ta’ala, saktemene aku pengin banget merintahke sakwijining wong ngumpulake kayu bakar, terus aku perintahna sakwijining wong adzan uga wong liyane kanggo dadi imam kaum muslimin. Terus aku bakal lunga marang omahe wong lanang kang ora teka shalat jamaah lan tak obong omah-omah wong-wong mau”. (dipun riwayataken dening Bukhari wonten kitabipun angka 608).
Kados punika tegasipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam dumateng tiyang kakung ingkang boten purun tindak sholat jamaah ing masjid, sahingga Rasulullah kados badhe ngobong omah-omahipun tiyang-tiyang punika. Awit saking punika bilih kita saestu tresna dumateng baginda  Maulid Nabi Muhammad SAW, kedahipun kita usaha ingkang saestu kagem tindak ing Masjid nindakaken sholat jamaah. Ampun ngantos masjid-masjid kosong menawi boten saged rawuh jamaah siang ugi sonten saged jamaah wedal shubuh, ampun ngantos tukul wenih-wenih munafik wonten jiwa kita kerana boten biasa shalat shubuh berjamaah. Kasebat wonten satunggaling hadits:
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا أَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْم
اَلْحَمْدُ لله رَبّ الْعَالَمِيْنَ، وَأَشْهًدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلِيِّ الصَّالِحِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا خَاتَمُ الأَنْبِيًاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، اَلّلهُمّ صَلِّي عَلَى مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمّد كَمَا صَلَيْتَ عَلَى آلِ ِإْبرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمّدِ وَعَلَى آلِ مُحَمّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلى آلِ إِبْرَاهِيْمَ فَِي الْعَالَمِيْنَ إِنّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، أَمّا بَعْدُ:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَقَالَ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ لَيْسَ صَلَاةٌ أَثْقَلَ عَلَى الْمُنَافِقِينَ مِنْ الْفَجْرِ وَالْعِشَاءِ وَلَوْ يَعْلَمُونَ مَا فِيهِمَا لَأَتَوْهُمَا وَلَوْ حَبْوًا
Saka Abu Hurairah radliyallahu ‘anhu panjenenganipun ngendika : “Rasulullah paring sabda: “ora ana shalat kang luwih abot kanggo wong-wong munafik kejaba sholat Shubuh lan sholat isya’. Yen wong-wong mangerteni (kautaman) loro perkara sholat iku, mesti bakal mangkat ing Masjid sinaosa kanthi mlaku brangkang”. (dipun riwayataken dening Imam Bukhari wonten kitabipun angka 617).
Kados punika ingkang dipun sebat panjenenganipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihiwassalam bilih sanget hina sinten tiyang ingkang ninggalaken shalat langkung-langkung dipun sebataken bilih ingkang boten purun tindak wonten ing Masjid nglampahi sholat Shubuh lan Isya berjamaah punika saktemene nggih tiyang ingkang munafik, mila punika para sedherek mangga kita minangka Muslimin kedah nglampahi sholat gangsal wekdal ampun ngantos dipun tinggal lan sedaya sami saged jagi jamaah wonten ing masjid, mugiya Allah paring kekiatan dumateng kita sedaya saged nglampahi sedaya perintah-perintahipun ugi nebihi sedaya awisanipun, Amiin.


Posting Komentar

0 Komentar