Subscribe Us

"Kiamat, Dinten Kebangkitan" - Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 29 Desember 2017

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 29 Desember 2017 - Kedahipun kita tiyang Muslim tansah ngraos syukur dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kathah kanikmatan kados nikmat kesehatan ugi kesempatan kados ingkang sampun kaanugrahaken dinten punika saged nindakaken kewajiban Shalat Jum’at, kedahipun kita atos-atos supados boten dados tiyang ingkang kufur dumateng nikmatipun Allah Ta’ala, firman Allah :
“Yen sira kabeh padha syukur mangka Aku bakal nambah (nikmat) marang sira ananging yen padha ingkar mangka saktemene siksaKu pedih banget” (Terjemah Qur’an Surat Ibrahim ayat 7)
Mekaten ugi ingkang dipun wasiataken supados tansah taqwa dumateng Allah Ta’ala wonten sedaya wekdal lan keadaan, sejatosipun taqwa punika enteng dipunucap nanging awrat dipun lampahi. Mangertosa para sedherek nalika Umar bin Khathab Radhiyallahu ‘Anhu tanglet dateng sahabat Ubay bin Ka’ab Radhiyallahu ‘Anhu babagan taqwa, mangka Ubay jawab :”Punapa panjenengan nate tindak wonten panggenan ingkang kathah ri nipun?” Umar jawab “Mestine” mangka Ubay tangket “Punapa ingkang panjenengan tindakaken?” Umar jawab “Aku waspada lan ati-ati supaya selamet saka ri iku” lajeng Ubay ngendik “Kados mekaten ugi Taqwa punika” (Tafsir Ibnu Katsir, juz 1 hal 55) 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Kiamat, Dinten Kebangkitan"




tinulis dening : Abi Ahya | sumber : www.nagamover.com

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 29 Desember 2017 - Kados punika taqwa ingkang dipunperintahaken dening Allah wonten kitabipun ingkang paring pitedah bilih kita kedah waspada lan tansah atos-atos dateng sedaya tumindak kita ugi sedaya ucapan-ucapan kita, mila ampun ngantos kita ngucap utawi nindakaken amal tanpa didasari ilmu. Kedahipun kita cepet-cepet pados sangu sakderengipun ajal supaya benjing nalika kepanggih wonten ngarsanipun Allah kita sampun gadhah sangu kados firmanipun Allah Ta’ala :
Mangka sakbagus-baguse sangu yaiku taqwa lan taqwa sira marang Aku he wong-wong kang duweni akal” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Al Baqarah ayat 197)
Sejatosipun manungsa setapak setapak nglampahi tahapan pagesanganipun awit saking kandungan, alam donya, alam kubur dumugi alam akhirat. Tahapan punika kedah dipunlampahi ngantos akhiripun sakmangke kita badhe manggihi alam akhirat, panggenan kita bakal dipunetang sedaya amalan-amalan ingkang sampun katindakaken wonten ing alam donya punika. Mangka nalika kita mireng ayat-ayat Al Qur’an ugi hadits-hadits Nabi ingkang nyriosaken babagan dinten Akhir, kedahipun ati kita ngraos ajrih, nangis sahingga rumaos caket manah kita dumateng Allah Ta’ala. Ananging bilih tiyang boten ajrih nalika dipun sebat Neraka, azab, ash shirat lan sanesipun malah kados rumaos enteng ngucapaken dening lisan tanpa makna,  naudzubillahi mindzalik. Mangga kita gatosaken firman Allah wonten surat Al Haqqah ayat 25-26 ingkang dening Al Hafiz Ibnu Katsir dipun jelasaken wonten tafsiripun juz IV hal 501 bilih ayat kasebat paring gambaran keadaan tiyang-tiyang ingkang sengsara nggih tiyang ingkang nalika dipun paringi catetan amalipun wonten ing padang pengadilan Allah saking sisih kiwanipun, nalika punika tiyang kasebat nyesel lan ngucap kanthi nyesel :”Umpama aku ora diwenehi catatan amal iki lan ora perlu ngerti apa hisab (pretungan) kanggo aku (mesti iku luwih apik kanggo aku) lan umpama aku mati terus lan usah urip maneh”. Kagem tiyang mukmin temtu badhe getar atinipun sahingga netes eluh, tangisipun nggelegar, medal keringit saking badanipun, kados nembe ngarosaken kedadosan ingkang sanget dahsyat. Mangka mijil raos ajrih ingkang sanget dumateng Allah Ta’ala lajeng nyuwun dumateng Allah supados boten dadosaken tiyang ingkang cilaka kados ayat kasebat. Sejatosipun manungsa bakal dipunbangkitaken wonten dinten kiamat lan bakal dikumpulaken dados satunggal kagem paring tanggungjawab diri piyambak-piyambak. Allah paring firman :
“Lan rungokna ing dina penyeru (malaikat) nyeru saka panggonan kang cedhak, yaiku ana ing dina wong-wong krungu jeritan ingkang temenan, iku dina metu (saka kubur)” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Qaf 41 – 42)
“Apa wong iku ora yakin yen saktemene bakal dibangkitake ana ing dina kang gedhe, (yaiku) dina nalika manungsa jumeneng ngadhep marang ngersane Pangeran jagad raya” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Al Muthafifin ayat 4-7)
Lan manungsa bakal dipunbangkitaken wonten keadaan tanpa alas samparan, tanpa busana lan boten khitan, kados kasebat wonten firman Allah :
Kaya kang wis diwiwiti panciptan kang pertama, kaya mengkono bakal dibaleni” (terjemah Qu’an Bahasa Jawa Surat Al Anbiya ayat 104)
Manungsa badhe dipunwangsulaken kanthi sampurna tanpa dipun kirangi setunggal punapa, dipunwangsulaken wonten keadaan kados makten dipuncampur lan dikumpulaken antaranipun pria lan wanita, nalika perkawis punika dipuncriosaken dumateng ‘Aisyah Radhiyallahu ‘Anha mangka tanglet :”Wahai Rasulullah punapa antaranipun pria lan wanita punika badhe sami ningali satunggal satunggalipun?”, lajeng Rasulullah paring sabda :”Perkara ana ing dina iku luwih keras tinimbang sekedar sebagian wong-wong mau meruhi sebagian liyane” (HR. Bukhari No.6027 lan Muslim No. 2859) 

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 29 Desember 2017 - Dina sakmangke para pria boten badhe tertarik dumaten para wanita ugi sakwalikipun dumugi tiyang punika badhe mlajeng saking rama, ibu lan anak-anakipun kerana sami ajrih dateng keputusan Allah wonten ing dinten punika. Kados firman Allah :”Dina nalika manungsa mlayu saka sanak sedulur, saka ibu lan ramane, saka bojo lan anak-anake. Saben wong ana ing dina iku duweni urusan kang gawe sibuk” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa surat Abasa ayat 34-37). Dinten akhir sakmangke srengenge badhe caket sanget wonten sirahipun para manungsa sahingga keringet badhe nyucur sahingga sami nyilem saking keringet-keringet tiyang-tiyang punika piyambak, ananging perkawis punika sanget gumantung wonten ing punapa ingkang sampun katindakaken nalika gesang wonten donya.  Kados punika peristiwa wonten ing dinten Akhir lan taksih kathah ingkang badhe dipun alami wonten dinten ingkang ageng punika, ingkang temtunipun kagem tiyang Mukmin badhe dadosaken manah dados ajrih lan ningkataken taqwa dumateng Allah Ta’ala. Mugi-mugi kita ugi dados tiyang ingkang tansah netepi Iman lan Islam dumugi dinten Kiamat sakmangke, Amin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ.

- khutbah kedua -

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.


اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017



Posting Komentar

0 Komentar