Subscribe Us

"Jaga Lisan : Ghibah, Al Humazah, Al Lumazah" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 14 Juli 2017

Mangga sesarengan kita ngonjukaken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kita inggih nikmat Iman lan Islam dumateng sedaya. Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam ingkang sampun paring pitedah margi ingkang terang benderang inggih margi Islam ingkang sampurna. Mangga sesarengan kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi saestu nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti taqwa punika saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing donya punika dumugi akhiratipun, Amin. 
Wonten kesempatan ingkang bahagia punika kaparenga kula ngaturaken Khutbah Jum’at babagan lisan, lisan minangkan salah satunggaling nikmat Allah ingkang ageng ugi istimewa, sinaosa bentukipun alit ananging pengaruhipun ageng wonten ing ketaatan utawi kemaksiatan. Kekufuran lan keimanan ugi saged dipuntingali saking saksinipun lisan, kita mangertosi bilih kekufuran lan keimanan nggih pucukipun ketaatan lan kemaksiatan.
Manungsa saged mlebet swarga saking lisanipun, umpami bener lisanipun mangka tiyang punika saged angsal ganjaran ananging sewalikipun bilih salah badhe angsal dosa. Lisan manungsa saged mujudaken dzikir, tasbih, tahlil utawi maos Al Qur’an, lisan nggih satunggaling nikmat Allah ingkang saged dipunginakaken kagem nindakaken amaleh shaleh, pitunjuk lan kabecikan. Lisan gadhah peran ingkang ageng, mangka sinten tiyang ingkang ngumbar lisan kanthi bebas lan boten saged ngontrol mangka setan bakal nggiring wonten perkawis ingkang dipunucapaken lajeng nyeret dumugi kehancuran lan kebinasaan, boten wonten setunggal tiyang ingkang saged selamet saking jerumusan lisan kajaba tiyang ingkang purun ngendalekaken mawi tali syariat, sahingga lisanipun boten bakal ngucap kajaba perkawis ingkang paring manfaat donya lan akhirat, Imam Nawawi ngendika “Ngertia yen saben mukallaf kudu jaga lisane saka kabeh omongan kajaba omongan kang maslahat ing jerone wis jelas. Lan nalika omongan iku mubah nanging yen ninggalake ana maslahat mangka disunnahke nahan saka ngucap perkara iku. Kerana kadang omongan kang mubah bakal nyeret tumuju keharaman utawa kemakruhan, perkara ini wis dadi perkara umum ing adat kebiasaan, nanging keselamatan ora ana sijining perkara kang isi madani”. Sabda Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam : “Sapa wonge kang iman dening Allah lan Dina Akhir, mangka kudune ngomong kang becik utawa meneng (HR. Bukhari lan Muslim)
Kita kedah mangertosi bilih ghibah inggih satunggaling tumindak ingkang paling ala lan paling umum ing antaranipun manungsa, sahingga kathah sanget ingkang nglampahi perkawis punika. Batesan ghibah nggih bilih tiyang matur babagan tiyang sanes ingkang umpami tiyang punika mireng mangka badhe ngraos boten seneng, perkawis punika saged babagan awak, nasab, perilaku, tindakan, ucapan utawi urusan agaminipun. Sabda Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam : ”Apa sira padha mangerteni, apa ghibah iku?” sahabat jawab “Allah lan Rasulipun langkung mangertosi?” panjenangipun Rasulullah paring sabda, “Sira nyebut perkara sedulurmu perkara kang ora disenengi”, sami tanglet “Menawi ingkang dipunucapaken panci leres kawontenanipun” Rasul paring sabda “Yen pancen bener kang sira omongake, mangka sira wis nglakoni ghibah marang wong iku, yen ora ana marang deweke apa kang sira ucapke mangka sira wis nglakoni tuduhan dusta marang wong iku” (HR. Muslim). Mila hukum ghibah inggih haram, perkawis punika miturut ijma’ kaum Muslim ingkang sampun jelas dalil-dalil shahihipun. Firman Allah :
Cilaka sapa wonge kang ngumpat lan nyela” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Al Humazah ayat 1)
Al Humazah artosipun tiyang ingkang ngumpang manungsa lan nyakiti tiyang punika nalika botenwontenipun, lan Al Lumazah artosipun tiyang ingkang nyela manungsa lan nyakiti tiyang ingkang hadir. Saged dipahami bilih Al Humazah nggih tiyang ingkang nyakiti manusia mawi ucapanipun lan Al Lumazah inggih tiyang ingkang nyakiti tiyang sanes mawi tumindakipun. Mila kita minangka Muslim kedahipun nebihi 3 perkawis ingkang dados penyakit lisan nggih punika Ghibah, Al Humazah lan Al Lumazah punika kanthi tansah atos-atos nalikanipun kedah ngucap satunggaling perkawis babagan tiyang sanes punapa malih sesami sedherek Muslim, inti saking dakwh Islam nggih nasihat menasihati lan ciri muslim ingkang utama inggih muslim ingkang muslim sanes ngraos slamet saking bahaya lisan ugi tanganipun, kados sabda Rasulullah : “Kula tanglet, “Ya Rasulullah sinten Muslim ingkang paling utama? Rasulullah paring sabda, “Sawijining Muslim yen muslim liyane rumangsa selamet saka (bahaya) lisan lan tangane Muslim iku” (HR Bukhari lan Muslim)
Mila punika mangga sami nenuwun mugi-mugi Allah paring pitunjuk dumateng kita supados saged nindakaken kabecikan kados ingkang sampun dipunatur wonten syariat, mugi-mugi kita tansah enteng nindakaken amal shaleh, saged jaga lisan kita ugi paring nasehat dumateng sesami wonten mergi ingkang lurus, inggih mergi ingkang Allah paring nikmat, mergi para nabi, tiyang-tiyang jujur lan para syuhada sanes mergi tiyang-tiyang ingkang dipunmurkai Allah ugi tiyang-tiyang sesat, Amin.



DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017


Posting Komentar

0 Komentar