Subscribe Us

“Nikmat Kesehatan Ingkang Kedah Kita Syukuri” - Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 22 Desember 2017

Sepindah mangga kita mujudaken sedaya raos syukur kita dumateng ngarsa dalem Allah Ta’ala kanti ningkataken ketakwaan kita mawi berusaha nglampahi dhawuh-dhawuhipun Allah Ta’ala ugi nebihi punapa ingkang dados awisanipun Allah, shalawat ugi salam kaparingna dateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah Ta’ala supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang leres. Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah Ta’ala tansah nindakaken dhawuhing Allah Ta’ala sarta nebihi awisanipun. Alhamdulillah raos syukur kita dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kesehatan dumateng kita sedaya ingkang antaranipun nikmat punika inggih nikmat kesehatan, nikmat ingkang kedah kita syukuri ugi temtunipun kedah kita jagi nikmat kesehatan punika.
Caranipun jagi kesehatan kedah kita gatosaken amargi perkawis punika ugi bukti bilih kita mukmin ingkang tansah syukur, wonten pinten-pinten perkawis kagem jagi kesehatan badan kita antaranipun :
Jaga resiking tangan
Tangan inggih satunggaling anggota badan ingkang paling gampang mindahaken penyakit bilih boten dipunbasuh, sabda Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam :
Potong kuku-kuku nira, saktemene setan jagong (umpetan) ana ing kuku kang dawa”
Maksudipun inggih termasuk woten tangan ingkang reged punika dados sarang panggenan bibit penyakit kados bakteri lan kuman.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

“Nikmat Kesehatan Ingkang Kedah Kita Syukuri”

 

tinulis dening : Jengkar Abi Ahya | sumber : www.nagamover.com

Sisa-sisa panganan ingkang ketinggal wonten nglebeting tutuk badhe dados bosok ingkang saged nimbulaken infeksi lan nyebabaken waos/waja/untu rusak, para ahli kesehatan paring keterangan bilih rusakipun syaraf untu punika saged ngakibataken rusaking syaraf sanesipun. Mila Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam ngajari kita siwak, sabda Rasulullah :
Yen aku ora khawatir ngabot-aboti umatku, mangka aku perintahke siwak saben-saben wudhu” (HR. Ahmad)
Sedaya karunia Allah kados garwa ingkang ayu, kendaraan utawi griya ingkang sampun sami gadhah kados boten wonten artosipun nalika sakit, sinaosa sakit ingkang kita anggep remeh kados sakit untu, kita boten saged nindakaken kegiatan nalika sakit untu termasuk boten saged nikmati sekecanipun hidangan. Punika istimewanipun kesehatan ingkang sanget awis bilih diukur ngagem arta utawi bandha, ananging kadang kita boten sadar bilih saktemene kesehatan punika karunia Allah ingkang sanget agengipun sahingga kadang kita ngucapaken Alhamdulillah kemawon asring boten kemutan. Wonten 2 (kalih) perkawis ingkang asring dipunlalaiken tiyang-tiyang, nggih punika kesehatan ugi kesempatan. Nalika tiyang punika sehat asring nunda-nunda ibadah dumateng Allah Ta’ala, sahingga akhiripun sakit pedamelan boten rampung, ibadah ugi boten kalampahan. Kaping kalih inggih kesempatan wonten ing wekdal sela, asring kita ngraos seneng nalika santai-santai lajeng nunda-nunda pedamelan, akhiripun dateng wekdal awrat utawi sibuk sedaya pedamelan boten rampung lan akhiripun berantakan, pedamelan ingkang kedahipun saged rampung ananging amargi dipun tunda-tunda boten saged rampung kanthi sempurna, sabda Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam :

Loro kanikmatan gedhe kang sering dilalekna wong akeh yaiku kesehatan lan wektu luang” (HR. Bukhari)

Nalika sakit, kita kedah ngedalaken arta kathah supados sehat, sinaosa sakit punika kuwaosipun Allah Ta’ala ananging kita manungsa kedah ngupaya supados saged gesang kanthi sehat, bilih pikiran, awak lan jiwa kita sehat mangka pedamelan-pedamelan kita saged kalampahan kanthi sae lan Allah badhe paring anugerah gesang ingkang bahagia. Lan satunggal ingkang penting inggih punika kita kedah ngginakaken karunia kesehatan punika kagem ibadah dumateng Allah Ta’ala, ampun ngantos saksampunipun awak kita ringkih nembe kita susah utawi miskin kita eling dumateng Allah Ta’ala. Saktemene ajal punika saged kemawon dugi wonten pundi lan kapan kemawon, rugi sanget bilih kita pejah dereng sempat ibadah dumateng Allah Ta’ala. Pagesangan, kesehatan, wekdal, masa anem, ugi bandha inggih karunia Allah ingkang kapan kemawon saged dipun cabut dening Allah Ta’ala. Gesang punika kados swarga ingkang dipuntitipaken, sejatosing kita badhe wangsul wonten ngarsanipun dalam Allah Ta’ala, sabda Rasulullah :
Jaga limang perkara sakdurunge teka limang perkara : uripmu sakdurunge patimu, sehatmu sakdurunge sakitmu, wektu luangmu sakdurunge sibukmu enomu sakdurunge tuamu, sugihmu sakdurunge mlaratmu” (HR. Bukhari)

Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam inggih tiyang ingkang tansah jagi kesehatan, panjenenganipun sanget giyat nyebar agama Islam, sareng-sareng para sahabat panjenenganipun dakwah wonten bumi ingkang tandus, srengenge kang panas ugi wengi ingkang sanget adhem ing jazirah Arab. Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam ugi nglampahi perang ingkang dahsyat dening kaum kafir, pedamelan ingkang perlu fisik ingkang sehat. Miturut riwayat sakumur gesangipun Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam namung nate gerah kaping kalih, sanget agung cara gesangipun Nabi Agung punika, kita ugi mangertosi bilih tanpa kesehatan, pedamelan-pedamelan wonten griya, kantor utawi sanesipun, boten saged kalampahan kanthi sak sae-saenipun.
 “Mangka slirane mesem uga ngguyu amerga (krungu) omongane semut iku. Terus dedonga :”Ya Pangeranku, paringana kula ilham kagem tetep mensyukuri nikmat Panjenengan ingkang sampun kaanugerahaken dateng kula lan dumateng kekalih ibu rama kula lan kagem nindakaken amal shaleh ingkang Panjenengan ridhai, lebetaken kula wonten ing rahmat Panjenengan wonten golongan hamba-hamba Panjenengan ingkang shaleh” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat An Naml ayat 19)
Mila punika mangga kita tansah ngonjukaken raos syukur awit saking nikmat kesehatan punika mawi mujudaken badan, jiwa ugi pikiran kita kagem ibadah dumateng Allah Ta’ala nindakaken sedaya perintah-perintahipun ugi nebihi sedaya awisan-awisanipun. Mangga kita jaga diri kita, keluarga lan masyarakat tansah wonten ing keadaan sehat ugi sejahtera. Sejatosipun Allah Ta’ala boten nyia-nyiakaken amal kabecikan saben-saben hambanipun.

- khutbah kedua - 
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.


اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


DAFTAR ISI
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2017

NO
TANGGAL
JUDUL KHUTBAH
LINK
LINK
1
6 Januari 2017
2
13 Januari 2017
3
20 Januari 2017
4
27 Januari 2017
5
2 Februari 2017
6
10 Februari 2017
7
17 Februari 2017
8
24 Februari 2017
9
3 Maret 2017
10
10 Maret 2017
11
17 Maret 2017
12
24 Maret 2017
13
31 Maret 2017
14
7 April 2017
15
14 April 2017
16
21 April 2017
17
28 April 2017
18
5 Mei 2017
19
12 Mei 2017
20
19 Mei 2017
21
26 Mei 2017
22
2 Juni 2017
23
9 Juni 2017
24
16 Juni 2017
25
23 Juni 2017
26
30 Juni 2017
27
7 Juli 2017
28
14 Juli 2017
29
21 Juli 2017
30
28 Juli 2017
31
4 Agustus 2017
32
11 Agustus 2017
33
18 Agustus 2017
34
25 Agustus 2017
35
1 September 2017
36
8 September 2017
37
15 September 2017
38
22 September 2017
39
29 September 2017
40
6 Oktober 2017
41
13 Oktober 2017
42
20 Oktober 2017
43
27 Oktober 2017
44
3 November 2017
45
10 November 2017
46
17 November 2017
47
24 November 2017
48
1 Desember 2017
49
8 Desember 2017
50
15 Desember 2017
51
22 Desember 2017
52
29 Desember 2017



Posting Komentar

0 Komentar