Subscribe Us

Bag.2 (Lanjutan) : Khutbah Jum’at Bahasa Jawa : "Wulan Safar Sanes Wulan Sial", Materi Terbaru 24 Juni 2022

SantriOne.com | Materi Terbaru 24 Juni 2022, Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Bulan Sapar - Berikut ini adalah materi Khutbah Jum’at Bahasa Jawa : "Wulan Safar Sanes Wulan Sial", Materi Terbaru 24 Juni 2022. Yuk kita simak selengkapnya, semoga bermanfaat.


"Wulan Safar Sanes Wulan Sial"

"Wulan Safar Sanes Wulan Sial", Materi Terbaru 24 Juni 2022 Khutbah Jum’at Bahasa Jawa

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

 

Khutbah I 

 

ﺇِﻥَّ ﺍﻟْﺤَﻤْﺪَ ﻟِﻠﻪِ ﻧَﺤْﻤَﺪُﻩُ ﻭَﻧَﺴْﺘَﻌِﻴْﻨُﻪُ ﻭَﻧَﺴْﺘَﻐْﻔِﺮُﻩْ ﻭَﻧَﻌُﻮﺫُ ﺑِﺎﻟﻠّﻪِ ﻣِﻦْ ﺷُﺮُﻭْﺭِ ﺃَﻧْﻔُﺴِﻨَﺎ ﻭَﻣِﻦْ ﺳَﻴِّﺌَﺎﺕِ ﺃَﻋْﻤَﺎﻟِﻨَﺎ، ﻣَﻦْ ﻳَﻬْﺪِﻩِ ﺍﻟﻠﻪُ ﻓَﻼَ ﻣُﻀِﻞّّ ﻟَﻪُ ﻭَﻣَﻦْ ﻳُﻀْﻠِﻞْ ﻓَﻼَ ﻫَﺎﺩِﻱَ ﻟَﻪُ.

 ﺃَﺷْﻬَﺪُ ﺃَﻥَّ ﻻَ ﺇِﻟَﻪَ ﺇِﻻَّ ﺍللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ, ﻭَﺃَﺷْﻬَﺪُ ﺃَﻥَّ ﻣُﺤَﻤَّﺪًﺍ ﻋَﺒْﺪُﻩُ ﻭَﺭَﺳُﻮْﻟُﻪُ

اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

قول الله تعلى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا

يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا أَمَّا بَعْدُ

 

Jamaah Jum’at Rahimakumullah,

Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saestu nggih punika nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing dunya punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi kita tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin.  

Wulan Safar inggih wulan kaping pindho saklajengipun Wulan Muharram wonten kalender Hijriyah midherek tahun Qomariyah, wulan safar punika nggih wulan ingkang dumuginipun kathah masyarakat ingkang wedos utawi langkung ati-ati kerana gadhahi ugeman utawi pedoman ingkan pitados bilih wulan safar inggih wulan sial utawi wulan ingkang kathah pantangan.  Mangga kita sedaya minangka kaum Muslimin kedah boten pareng pitados ugeman kasebat, amergi pendapat bilih wulan Safar punika wulan sial sampun dipun bantah dening panjenenganipun Rasulullah Muhammad Shalallahu’ alaihi wassalam. Dipun riwayataken dening Abu Hurairah Radhiyallahu’anhu bilih Rasulullah Shalallahu ‘alaihi Wassalam paring sabda : “Ora ono penyakit menular (kang teko tanpa izin Allah), ora ono prasangka elek marang sakwijining kedadean ora ono malang mawa gaok (burung hantu), ora ana aral (bencana) ing wulan Safar (kang dipercaya)”. Wonten riwayat sanes ugi Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam paring sabda : “Ora ono wabah lan ora ono eleking kewan kang mabur ora ono kesialan ing wulan Safar lan ngadoh saka penyakit kusta kaya sira mlayu saka singa” (HR. Bukhari).

Jamaah Jum’at Rahimakumullah,

Saklebeting wulan Safar punika wonten kathah kedadosan penting kagem perkembangan agama Islam, sahingga kedadosan-kedadosan punika ugi sejatosing sampun bantah pendapat ingkang nganggep kathah kesialan ing wulan Safar punika. Kedadosan pertama inggih punika Nikahipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihi Wassalam kaliyan Khadijah binti Khuwailid ingkang dipun laksanakaken wonten ing Wulan Safar, miturut Sirah Nabawiyah ingkang katulis dening Syeikh Shafiyurrahman Al Mubarakfuri Rasulullah nikah kaliyah Khadijah dipun prakarsai Nafisah binti Munabbih, maharipun 20 unta. Angka kalih nggih punika peristiwa perang Khaibar ingkang wonten perang punika umat Muslim dipun paringi kemenangan, miturut Ibnu Qayim Al Jauziyah ing Zaadul Maad bilih Rasulullah medal perang ing Khaibar wonten akhir wulan Muharram, Fath utawi kemenanganipun wonten ing wulan Safar. Perang Khaibar nggih punika perangipun Kaum Muslim ngelawan Yahudi ingkang bersekutu kaliyan Raja Hiraklius, kaum Muslimin saged ngrebut benteng kuat ingkang betahaken wekdal pinten-pinten dinten kagem nembus benteng kasebat.

Jamaah Jum’at Rahimakumullah,

Peristiwa saklajengipun ingkang angka tiga nggih punika peristiwa pengangkatan Usamah Bin Zaid salah satunggaling sahabat Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam ingkang taksih timur (muda), wonten ing wulan Safar ugi panjenenganipun Usamah bin Zaid dipun angkat dados panglima perang. Rikala semanten umur Usamah bin Zaid nembe 20 taun Rasulullah paring perintah mimpin pasukan Muslim ingkang jumlahipun 3000 perang ing tanah al Balqa ing Syam, dinten punika Syahid ayahandanipun Zaid bin Haritsah, enjingipun tanggal 29 Safar 11H utawi 24 Mei 632M Usamah bin Zaid dipun panggil Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam lan dipun angkat dados panglima perang.

Peristiwa nomer sekawan inggih punika peristiwa penaklukan Persia ingkang kedadosanipun wonten masa kekhalifahan Umar bin Khathab tepatipun tanggal 14 Safar 16H utawi 17 Maret 637M, kaum Muslimin ingkang dipun pimpin Saad bin Abi Waqash menang lawan Persia. Sakderengipun kaum Muslimin ngalami perang ingkang hebat wonten ing Qadisiyah (sakpunika mlebet negara Irak) ugi saged ngerebut istananipun. Saad bin Abi Waqash ngalami luka ingkang parah akibat pertempuran punika, anamung akhiripun saged menang.

Jamaah Jum’at Rahimakumullah,

Peristiwa-peristiwa ingkang kedadosan wonten wulan Safar kasebat sejatosipun sampun bantah pendapat bilih Wulan Safar nggih Wulan Sial, minangka Muslim kita boten pareng percaya utawi meyakini pendapat kasebat, kita kedah tansah sinau sejarah-sejarah kathah kedadosan agung ugi mulya ingkang kedadosanipun wonten ing Wulan Safar. Sedaya Wulan mesti wulan ingkang sae amargi Allah boten bakal paring kesialan dumateng hamba-hambanipun, mangga sepindah malih kita tansah nglaksanakaken sedaya perintahipun ugi nebihi sedaya awisan-awisanipun mugiyo Allah paring perlindungan pangayoman dumateng kita sedaya, Amiin. 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ،

اَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ.

 فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


ATAU BACA ARTIKEL SERUPA LAINNYA :


      Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa

      “Perumpamaan (nafkah yang dikeluarkan oleh) orang-orang yang menafkankan hartanya di jalan Allah adalah serupa dengan sebutir benih yang menumbuhkan tujuh bulir,

      pada tiap-tiap bulir seratus biji. Allah melipatgandakan (ganjaran) bagi siapa saja yang Dia kehendaki. Dan Allah Maha Luas (karunia-Nya) lagi Maha Mengetahui”

      [TQS. Al Baqarah 261]

       Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh,

      Terima kasih telah membuka website kami untuk mendownload isi khutbah jumat ini, SEMOGA BERMANFAAT DAN BERKAH, untuk mendownload judul khutbah lainnya silahkan buka :

       

      https://www.santrione.com/2022/01/kumpulan-khutbah-jumat-bahasa-jawa.html

      atau

      <<< KLIK DISINI >>>

       

      kami mengajak anda untuk ikut berpartisipasi dalam perjuangan dakwah melalui media internet dengan cara membantu menyisihkan harta anda untuk kebutuhan dalam menyebarkan Islam melalui media agar tetap eksis dalam mengelola web, blog, dan media sosial untuk syiar agama. Silahkan kirimkan infaq anda seikhlasnya melalui rekening kami di : 

      BANK BCA | No. Rek. 1221090794 | an. SOLICHIN

      kami juga akan memberikan EBOOK terbaru KUMPULAN KHUTBAH BAHASA LENGKAP SATU TAHUN (BAHASA INDONESIA/BAHASA JAWA) untuk anda yang berinfaq diatas Rp.100.000,- dengan cara mengirimkan bukti transfer dan alamat lengkap anda (untuk pengiriman buku tersebut) via email ke : solichin99@gmail.com

      atau via WA : 0811 7211 666 

      --- Ya Allah Kami Telah Sampaikan, Maka Saksikanlah --- 

       

      Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh,

       

      Redaksi SantriOne.com

       

Posting Komentar

1 Komentar