Subscribe Us

220722 "Asyura, Hikmah Saking Sejarah", Materi Terbaru 21 Juli 2022 Khutbah Jumat Bahasa Jawa

SantriOne.com | Alinea Pertama Alhamdulillah, pada hari ini kami kembali update dengan sebuah materi Khutbah Jum’at  Bahasa Jawa terbaru, dengan tema Tahun Baru Islam. Dukung kami untuk selalu mengembangkan website ini dengan cara kirim donasi seikhlasnya, mulai 10ribu rupiah anda sudah bisa ikut berpartisipasi dalam kegiatan dakwah dan penyebaran materi-materi kajian keIslaman melalui situs ini. Semoga menjadi ladang jariyah yang takkan terputus pahalanya buat anda semua, Amin.

Baca Judul Artikel Lainnya Tentang Khutbah Jumat Bahasa Jawa Dengan Tema "Tahun Baru Islam" : 


"Asyura, Hikmah Saking Sejarah"

220722 "Asyura, Hikmah Saking Sejarah", Materi Terbaru 21 Juli 2022 Khutbah Jumat Bahasa Jawa


Materi Terbaru Khutbah Jumat Bahasa Jawa 21 Juli 2022


Khutbah I

 

ﺇِﻥَّ ﺍﻟْﺤَﻤْﺪَ ﻟِﻠﻪِ ﻧَﺤْﻤَﺪُﻩُ ﻭَﻧَﺴْﺘَﻌِﻴْﻨُﻪُ ﻭَﻧَﺴْﺘَﻐْﻔِﺮُﻩْ ﻭَﻧَﻌُﻮﺫُ ﺑِﺎﻟﻠّﻪِ ﻣِﻦْ ﺷُﺮُﻭْﺭِ ﺃَﻧْﻔُﺴِﻨَﺎ ﻭَﻣِﻦْ ﺳَﻴِّﺌَﺎﺕِ ﺃَﻋْﻤَﺎﻟِﻨَﺎ، ﻣَﻦْ ﻳَﻬْﺪِﻩِ ﺍﻟﻠﻪُ ﻓَﻼَ ﻣُﻀِﻞّّ ﻟَﻪُ ﻭَﻣَﻦْ ﻳُﻀْﻠِﻞْ ﻓَﻼَ ﻫَﺎﺩِﻱَ ﻟَﻪُ.

 ﺃَﺷْﻬَﺪُ ﺃَﻥَّ ﻻَ ﺇِﻟَﻪَ ﺇِﻻَّ ﺍللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ, ﻭَﺃَﺷْﻬَﺪُ ﺃَﻥَّ ﻣُﺤَﻤَّﺪًﺍ ﻋَﺒْﺪُﻩُ ﻭَﺭَﺳُﻮْﻟُﻪُ

اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

قـال الله تعلى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا

يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا أَمَّا بَعْدُ

 

 

Hadirin Jamaah Jumat rahimakumullah,

Wulan Muharram dados wulan ingkang istimewa kagem sebagian masyarakat Islam ing wilayah Nusantara, minangka wulan pertama ing tahun Hijriyah, Muharram dados kesempatan muhasabah (introspeksi) saking sedaya amal ingkang sampun kalampahan kagem pedoman langkah ing masa depan. Muharram dados teras griya ingkang isinipun wulan-wulan sanes, mila Muharram dipun pitadosi saged mantulaken suasana ibadah sakjroning satunggal tahun, ibaratipun serambi ingkang sae biasanipun nggadhahi griya ingkang mewah. Mekaten ugi wulan Muharram, amal shaleh wonten ing wulan punika saged paring gambaran sewelas wulan lajengipun. Mila punika Muharram nggadhahi kedudukan ingkang istimewa menawi dibandingaken wulan sanesipun, wajar bilih umat Muslim sami semangat nglampahi kabecikan ugi sedekah wonten ing wulan punika. 



Hadirin Jamaah Jumat rahimakumullah, Wulan Muharram ugi nggadhahi keistimewaan dipuntingali saking sejarah bilih wonten wulan Muharram punika Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam nindakaken hijrah saking Makkah dumateng Madinah kagem tujuan kemajengan dakwah Islam. Wulan punika inggih wulan nalika Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam manggihi kunci kesuksesan dakwah Islam nun inggih hijrah, ingkang artosipun boten sakderma pados panggenan ingkang sae kagem dakwah utawi ngirangi resiko marabaya ugi madosi ruang ingkang aman, boten mekaten amargi Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam boten nate ajrih dumateng ancaman tiyang-tiyang kafir Makkah, nanging hijrah nggadhahi artos sanes nggih punika pindah, ngrubah ugi nginggilaken semangat wonten panggenan ingkang langkung inggil. Dipuntingali saking sisi psikologis, suasana ingkang enggal, rencang-rencang enggal ugi tantangan enggal badhe dadosaken semangat langkung dinamis. Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam paring sabda :


عَنْ أَمِيْرِ الْمُؤْمِنِيْنَ أَبِيْ حَفْصٍ عُمَرَ بْنِ الْخَطَّابِ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ : سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صلى الله عليه وسلم يَقُوْلُ : إِنَّمَا اْلأَعْمَالُ بِالنِّيَّاتِ وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى . فَمَنْ كان هِجْرَتُهُ إِلَى اللهِ وَرَسُوْلِهِ فَهِجْرَتُهُ إِلَى اللهِ وَرَسُوْلِهِ، وَمَن كان هِجْرَتُهُ لِدُنْيَا يُصِيْبُهَا أَوْ امْرَأَةٍ يَنْكِحُهَا فَهِجْرَتُهُ إِلَى مَا هَاجَرَ إِلَيْهِ .


“Saking Amirul Mukminin, Abi Hafs Umar bin Khathab radhiyallahu’anhu, ngendika, “Aku krungu Rasulullah paring sabda :”Saktemene tiap-tiap tumindak (amal) tergantung niate, lan saktemene saben-saben wong (bakal dibales) kaya kang diniatake. Sapa wonge hijrah kerana (karep oleh ridha) Allah lan Rasul, mangka hijrahe marang (ridha) Allah lan Rasul. Lan sapa wonge hijrah kerana donya kang dijaluk utawa kerana wanita kang arep dinikahi mangka hijrahe (bakal pada karo) apa kang diniatake.”

Saking asbabul wurud dipun criosaken bilih satunggaling sahabat ingkang nindakaken hijrah saking Makkah tumuju Madinah kanthi niatan nikahi salah satunggaling wanita ingkang asma Ummu Qais, amargi niat punika sahabat punika boten angsal kautamaan hijrah, ugi sahabat punika angsal julukan Hijratu Ummu Qais. Perkawis punika paring keterangan bilih niat sanget penting, niat boten namung dados motivasi, kerana sakjroning niat punika Allah nitipaken ganjaran ingkang saged kagayuh bilih tindakan amal sampun dipuntindakaken. Punika ingkang saged bedakaken wulan Muharram tinimbang wulan sanesipun, Muharram dados beda amargi sakjroning wulan punika wonten kedadosan ingkang bersejarah kagem agama Islam inggih punika hijrahipun Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam.



ATAU BACA ARTIKEL LAINNYA :


    Kami Mengajak Anda Untuk Ikut Berpartisipasi Dalam Perjuangan Dakwah Melalui Media Internet, Silahkan Kirim Donasi Seikhlasnya ke : BANK BCA | No. Rek. 1221090794 | an. SOLICHIN | Bantuan Dari Anda Sangat Berguna Untuk Keberlangsungan Situs Dakwah Ini

Posting Komentar

0 Komentar