Subscribe Us

Bag.2 (Lanjutan...) 220601 : "Kautaman Amalan Ing Awal Wulan Dzulhijah" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 1 Juli 2022

Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah

Khotbah Jum’at Basa Jawa - Ibnu Rajab Al Hambali ngendika bilih hadits kala wau paring pitedah bilih amalan wonten ing 10 dinten, langkung dipun tresnani lan nedahhaken bilih amalan ing 10 dinten awal langkung dipun tresnani menawi kabandengan dinten lintunipun lan mboten wonten pengecualian menawi dipun sebateken bilih ing dinten kasebat langkung dicintai Allah, punika nedahaken, bilih nindakaken amal shaleh ing wekdal 10 hari awal Dzulhijjah langkung utami ing sisinipun Allah.” 


"Kautaman Amalan Ing Awal Wulan Dzulhijah"

"Kautaman Amalan Ing Awal Wulan Dzulhijah" - Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 1 Juli 2022

Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 1 Juli 2022


Amalan Punapa Ingkang Dianjurkan ing Sepuluh Hari Awal Dzulhijah?

Khotbah Jum’at Basa Jawa - Kautaman 10 dinten awal Dzulhijah berlaku kangge amalan punapa mawon miturut syar’i, boten kawates amalan khusus. Amalan ingkang dipun anjuraken ing awal dzulhijah inggih punika siyam. Saking Hunaidah bin Kholid, saking garwonipun, istrinipun Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendikak aken,

عَنْ بَعْضِ أَزْوَاجِ النَّبِىِّ -صلى الله عليه وسلم- قَالَتْ كَانَ رَسُولُ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- يَصُومُ تِسْعَ ذِى الْحِجَّةِ وَيَوْمَ عَاشُورَاءَ وَثَلاَثَةَ أَيَّامٍ مِنْ كُلِّ شَهْرٍ أَوَّلَ اثْنَيْنِ مِنَ الشَّهْرِ وَالْخَمِيسَ.

“Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam biasa siyam ing 9 dino awal Dzulhijjah,dina ‘Asyura (10 muharram) , pasa 3 dina saben-saben wulan.

Sahabat ingkang mraktekaken siyam 9 dinten saking awal dDzulhijjah inggih punika Ibnu ‘Umar, para Ulama kados Al Hasan Al Bashri, Ibnu Sirin lan Qotadah ugi nyebataken kautamaan siyam ing dinten-dinten puniko miturut pendapat mayoritas Ulama.

 

Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah

Khotbah Jum’at Basa Jawa - Sak lajengipun ugi amalan ingkang dipun anjuraken inggih puniko siyam ing dinten Arafah kagem tiyang ingkang mboten nindak aken haji. Ampun ngantos nilaraken siyam Arafah

puasa Arafah punika wonten ing tanggal 9 Dzulhijah kados  hadits Abu Qotadah, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,

صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ الَّتِى بَعْدَهُ وَصِيَامُ يَوْمِ عَاشُورَاءَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ

“Puasa Arafah ngapusake dosa setahun kapungkur lan setahun arep teko.” Kautaman puasa Arafah inggih puniko bade dipun hapus dosa setahun ingkang kapengker lan setahun ingkang bade dateng lan dosa ingkang dipun maksud inggih punika dosa-dosa alit utawi diringanaken dosa ageng utawi dipun inggilaken derajatipun.

Lajeng kagem tiyang ingkang haji boten dipunanjuraken nindakaken siyam Arafah, kados hadits Rasululloh saking Ibnu ‘Abbas,

Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah

Khotbah Jum’at Basa Jawa - Ing antaranipun bilih dinten Arafah ugi gadahi kautaman-kautaman kados wonten hadits:,

مَا مِنْ يَوْمٍ أَكْثَرَ مِنْ أَنْ يُعْتِقَ اللَّهُ فِيهِ عَبْدًا مِنَ النَّارِ مِنْ يَوْمِ عَرَفَةَ وَإِنَّهُ لَيَدْنُو ثُمَّ يُبَاهِى بِهِمُ الْمَلاَئِكَةَ فَيَقُولُ مَا أَرَادَ هَؤُلاَءِ

“Ing antaraning dina kang Allah akeh mbebasake salah sawijine manungsa saka neraka yaiku ing dina Arafah (kangge tiyang ingkang wonten Arafah). Allah bakal nyedakki tiyang punika lajeng dipun paring priksa kautamaanipun dumateng para malaikat. Banjur Allah berfirman: opo kang dikarep ake”

Punika para sederek kautamaanipun tiang ingkang haji, sederek kita ingkang wukuf ing Arafah lila ninggalaken sanak sederek, negri, ugi ngorbanaken bandha, ingkang dados kekarepanipun inggih punika ampunan, ridha lan manggihi Rabb ipun. Derajatipun tergantung niat saben tiyang ingkang nindakkaken wukuf ing Arafah. Kautaman lintunipun dinten Arafah inggih wekdal mustajabipun do’a. Kados hadits saking ‘Amr bin Syu’aib saking Bapak saking kakek, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,

خَيْرُ الدُّعَاءِ دُعَاءُ يَوْمِ عَرَفَةَ

“Seapik-apike do’a yaiku do’a ing dina Arafah.”

Akhiripun mugi Allah gampilaken anggen kita ibadah lan ingkang dereng saged haji mugi suatu saat saged nindakkaken ibadah haji.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ،

اَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ.

 فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

Lanjut (Khutbah Kedua … )


ATAU BACA ARTIKEL SERUPA LAINNYA :



Posting Komentar

0 Komentar