Subscribe Us

23 April 2021 "Nuzulul Qur’an, Tadarus Lan Tadabur" – Materi Khutbah Jum’at Bahasa Jawa Bulan Ramadhan 1442 H

"Nuzulul Qur’an, Tadarus Lan Tadabur"

- khutbah pertama -

إن الحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونعوذ بالله من شرور أنفسنا وسيئاتأعمالنا من يهده الله فلا مضل له ومن يضلل فلا هادي له أشهد أن لا إله إلاالله وأشهد أن محمدا عبده ورسوله

ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون

ياأيها الناس اتقوا ربكم الذي خلقكم من نفس واحدة وخلق منها زوجها وبثمنهما رجالا كثيرا ونساء واتقوا الله الذي تساءلون به والأرحام  إن الله كانعليكم رقيبا

ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله وقولوا قولا سديدا يصلح لكم أعمالكم ويغفرلكم ذنوبكم ومن يطع الله ورسولهفقد فاز فوزا عظيما، أما بعد ...

 

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa 23 April Tahun 2021 - Jamaah Jumat Rahimakumullah, Mangga kita tansah ningkataken taqwa kita dumateng Allah Ta’ala, kanthi tansah ngupaya nindakaken sedaya perintahipun saha nebihi awisanipun, kerana kanthi mekaten kita saged ngraosaken ketenangan, bahagia, kamulyan, kaberkahan ugi kaselamatan wonten ing donya lan akherat. Shalawat saha salam mugi tansah Allah Limpahaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam saha keluarga, para sahabat sarta sedaya umatipun ingkang tansah setia ngugemi sunahipun dumugi akhir zaman. Amin

Alhamdulillah wonten pertengahan wulan suci Ramadhan punika kita taksih dipunanugerahi kesempatan ugi kekiatan kagem nindakaken ibadah siyam lan shalat tarawih ing dalunipun wulan Ramadhan, sedaya kerana “imanan wah tisaban” inggih kanthi keyakinan anamung kerana Allah Ta’ala, kanthi pangarep-arep nyuwun ridhanipun Allah Ta’ala. Boten wonten ingkang sia-sia ugi boten wonten wekdal ingkang kabuang percuma, sedaya dipun isi amal shaleh, pedamelan ingkang sae saha prestasi wonten babagan kabecikan.


BACA INI JUGA YA...

Materi Khutbah Jum’at Bahasa Jawa 23 April Tahun 2021

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa 23 April Tahun 2021 - Jamaah Jumat Rahimakumullah, Perkawis punika minangka wujud anggen kita mahami Al Qur’an dados pedoman pagesangan kita, Al Qur’an boten namung waosan tekstual ananging langkung saking punika nggih pengalaman kontekstual ingkang dipun amalaken wonten gesang saben dintenipun. Langkung langkung wonten wulan suci Ramadhan punika, Al Qur’an dados sumber motivasi saha pengawal anggenipun kita nglampahi pagesangan wonten alam donya ingkang fana punika. Firman Allah :

“Wulan Ramadhan, wulan kang ana jerone diturunake (awale) Al Qur’an kanggo petunjuk manungsa lan penjelasan-penjelasan kang isine pitunjuk iku lan pambeda (antarane kang haq lan kang bathil)“ (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Al Baqarah ayat 185)

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa 23 April Tahun 2021 - Jamaah Jumat Rahimakumullah, Makna Nuzulul Qur’an wonten wulan Ramadhan ingkang kathah berkahipun punika nggih dadosaken Al Qur’an pedoman pagesangan, sumber informasi lan motivasi, panguat jiwa, panyebar welas asih saha waosan saben dinten. Makna sanesipun nggih Ramadhan wulan kagem tadarus Al Qur’an ingkang artosipun paring pendidikan dumateng kita lan keluarga supados tansah maos Al Qur’an wonten griya saben dintenipun, ampun ngantos griya kita sepi saking ayat-ayat suci Al Qur’an, sabda Rasulullah Shalallahu ‘Alaihi Wassalam : “Aja dadekna omah ira kaya kuburan” (HR. Abu Dawud). Maksudipun nggih sepi saking tadarus, dzikrullah, do’a lan shalat kados panggenan ngumpulipun tiyang ingkang sampun pejah nggih punika kuburan. Nuzulul Qur’an sejatosipun kesempatan kagem dadosaken Al Qur’an pedoman nglampahi pagesangan ingkang saged ngangkat manungsa saking kebodohan, keterbelakangan lan kemunduran, firman Allah :

“Pangeran kang nurunake marang hamba-hambane ayat-ayat kang terang (Al Qur’an) supaya Pangeran ngetokna sira saka kegelapan marang cahaya. Lan saktemene Allah temen Maha Penyantun lan Maha Asih marang ira” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat Al hadid ayat 9)

Imam Ibnu Katsir wonten tafsir Al Qur’anul ‘Adzim paring penjelasan bilih ayat “supaya Pangeran ngetokna ira saka kegelapan marang cahaya” artosipun ngetokake saking kejahiliyahan (kebodohan), kekafiran lan ugeman-ugeman kang nentang marang kabecikan, tumuju cahaya pitedah, keyakinan lan iman. Imam Qurthubi ugi paring penjelasan bilih dzulumuat punika syirik lan kekafiran saking iman dumateng Allah Ta’ala, kebodohan punika kados kahanan rusakipun alam, bencana, bobroking moral, kriminalitas, pergaulan bebas punika akibat tebih saking Al Qur’an.

Mila punika kanthi tansah sesarengan Al Qur’an ingkang dipunwigatosaken wonten wulan Ramadhan punika dados pesen Nuzulul Qur’an, mangga kita tadarus lan tadabur sahingga tansah sinambung dumateng Allah Ta’ala, lan kanthi nglampahi perkawis punika saged paring semangat, inspirasi lan motivasi  wonten pagesangan kita ing alam donya kang nyata dados bukti bilih Al Qur’an nggih mukjizat lan rahmat kagem sedaya manungsa ing alam jagat punika. Amiin. 

    

Berikut ini adalah DAFTAR ISI LENGKAP KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2022

Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak.

 


    Demikian artikel yang berisi kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2022, semoga bermanfaat, Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak

Posting Komentar

0 Komentar