Subscribe Us

Atur Wangsulan Pamitan Acara / Panampi Pasrah Lamaran

 

Atur Wangsulan Pamitan Acara Pasrah Lamaran

Contoh Sambutan Bahasa Jawa


 

Atur Wangsulan Pamitan Acara / Panampi Pasrah Lamaran - Yuk langsung saja kita simak contoh sebuah sambutan dalam Bahasa Jawa Atur Wangsulan Pamitan Acara / Panampi Pasrah Lamaran yang disampaikan sebagai bentuk jawaban dari sambutan pasrah lamaran, semoga bermanfaat.


Atur Wangsulan Pamitan Acara / Panampi Pasrah Lamaran

Assalamu'alaikum Warrahmatulllahi Wabarakatuh

Atur Wangsulan Pamitan Acara / Panampi Pasrah Lamaran - Kula nuwun, kanthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparengipun Bp. Aji Santoso sarimbit garwo, kula piniji minangka talanging basa, saperlu caos wangsulan pamundhut palilah pamitipun kadang kula wakil saking badhe kadang besan sutresna.

Dhumateng panjenenganipun Bp. Sukarwan ingkang minangka sulih sarira saking panjenenganipun badhe kadang besan sutresna ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. Kanthi suka bingahing manah panjenenganipun Bp. Zaenal sekaliyan, nampi kerawuhan panjenengan serombongan ingkang sampun kepareng angestreni lampahing adicara pasrah sarana miwah upakarti minangka jangkeping tatacara salaki rabi. Ingkang punika sepindhah malih ngaturaken sewu agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Dene panjenengan kepareng mundhut pamit, kula boten kadugi amambengi namung saged ndherekaken sugeng kondur saha ngaturaken puji donga konjuk dhumateng gusti, mugi-mugi jengkar panjenengan saking pawiwahan mriki dumugi ing dalem, tansah manggih rahayu wilujeng sepen sambekalaning margi.
Minangka pungkasaning atur hambokbilih menawi wonten kuciwaning boja krami anggen kula hangacarani menggah ing rawuh panjenengan sarombongan, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi kula minangka talanging atur hambok bilih anggen kula matur wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami.
kupat duduhe santen sedaya lepat nyuwun pangapunten, `Akhiru kalam
Wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh

 

Demikian artikel dengan judul Atur Pambagya Harja Supitan/Sunatan/Khitan -UNTUK MEMBACA JUDUL LAINNYA SILAHKAN LIHAT DAFTAR ISI <<<KLIK DISINI>>> semoga bermanfaat JIKA ANDA MERASA MENDAPATKAN MANFAAT DARI ARTIKEL INI MOHON DIBANTU LIKE AND SHARE YA... 



Berikut ini adalah DAFTAR ISI LENGKAP KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2022

Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak.

 


    Demikian artikel yang berisi kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2022, semoga bermanfaat, Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak

Posting Komentar

0 Komentar