4. Ikhlas Kerana Murih
Ridlane Allah
Innal hamdalillah, nahmaduhu
wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina
wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah
hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula
syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala
alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha
waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum
wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha
waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa
ta’maluun
Yaa ayyunnaas
innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm su’ubawwaqabaila lita’arafu
inna akramakum ‘indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha
haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.
Jamaah Jumat Rahimakumullah, Mangga kita sesarengan tansah netepi ajrih lan
taqwa dateng Allah, kanti tansah netepi
taat dateng sedaya perintahipun, saha nebihi sedaya awisanipun. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken
sami ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing
titiwanci punika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng
panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat
arupi iman lan Islam. Ampun ngantos kita nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh
dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang awisanipun Allah, wonten ing
kawontenan kados punapa kemawon, tansah netepana taqwa lan taat dateng Allah,
supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta'ala, wiwit ing
dunya ngantos dumugining akherat, Amiin.
Khutbah Jum’at Bahasa Jawa - Saklajengipun mangga ikhtiyar ngikhlasaken
sedaya amal ibadah kita, bilih sedaya amal ibadah ingkang kita tindakaken
wageda bersih saking sedaya seja lan pamrih sanes, kejawi murih ridlanipun Allah. Jalaran ikhlas punika
minangka jiwanipun amal, artosipun amal
ingkang katindakaken tanpa ikhlas punika bebasan jasad ingkang mboten wonten
ruh ipun tentu mboten wonten ginanipun. Dados amal ingkang bade katampi dateng
ngarsa dalem Allah inggih namung amal ingkang linandesan ikhlas. Kados dawuh
dalem kanjeng Nabi Muhammad SAW. :
"Gusti Allah ora bakal kersa
nampa amal kang ora disertani ikhlas kerana murih ridlane Allah"
(HR.Ibnu Majah).
Ingkang dados kasunyatan, sabar dalah ikhlas punika pilihan, punapa malih
saat kita kedah ngalami satunggaling perjalanan ingkang dadosaken ati sedih,
kita saged milih badhe terus ngratapi kesedihan utawi purun enggal-enggal
bangkit nguataken ati tambah semangat. Saestu sedaya ingkang gesang wonten bumi
punika ngalami ingkang naminipun sedih, susah, masalah, anamung sedaya dipun
paringi pilihan lan saged milih piyambah badhe terus-terusan sedih, frustasi
utawi badhe bangkit muhasabah mundhut hikmahipun lan ndadosaken pribadi ingkang
langkung sae. Wondene titik tolakipun amal punika wonten ing niyat, niyat
ingkang ikhlas bade ndadosaken amal ingkang alit dados ageng, kosok wangsul,
niyat ingkang mboten ikhlas waged ndadosaken amal ingkang ageng dados alit
utawi kepara malah ndadosaken amal lebur tanpa gina. ٍSawenehing Ulama paring
pengendika :
"Pirang pirang amal kang katone
mung cilik, nanging ganjarane nuli dadi gede jalaran sangka becike niyat, lan
pirang pirang amal kang katone gede, nanging wusanane dadi cilik ganjarane
amerga luput olehe niyat". Ningali semanten perananipun niyat sak
lebetipun amal, pramila punapa kemawon amal ingkang waged kita tindakaken eman
sanget menawi mboten kaniyatan kanti ikhlas, jalaran wujudipun amal sami
kemawon ikhlas utawi mboten, nanging
labet saha ganjaran lan tinampinipun amal wonten ngarsanipun Allah inggih
namung menawi waged katindakaken kanti niyat ingkang ikhlas murih ridlanipun
Allah Ta'ala.
Jamaah Jumat Rahimakumullah, Langkung langkung amal ibadah ingkang
anggadahi dimensi sosial, punika langkung rentan dateng lumebetipun seja ingkang
ngirangi, utawi kepara ngrisak dateng amal kita. Kados dene sedekah, tetulung
dateng sesami lan sanesipun punika langkung gampil kecampuran niyat lan seja
seja kamanungsan. Ing mangka miderek dawuh hadits ingkang sanget kawentar
kanjeng Nabi ngengetaken kanti dawuhipun :
Bilih, "tumrapipun satunggaling tiyang, punika bade pikantuk ganjaran
miturut niyatipun" .
Ing ngajeng ugi sampun dipun aturaken dawuhipun Allah ing Al Qur"an :
"Lan manungsa ora pada
diperintah kejaba supaya ibadah marang Allah kelawan ikhlas murnekake ta'at
marang Allah kerana nindakake dawuh
agama kelawan lurus , lan pada
njumenengake shalat lan pada zakat, ya mengkono iku agama kang jejeg"
(QS.Al Bayyinah: 5).
Khutbah Jum’at Bahasa Jawa – Wusananipun atur mangga kita sami ikhtiyar
ngikhlasaken sedaya amal ibadah kita ingkang kita tindakaken wageda bersih
saking sedaya seja lan pamrih sanes, kejawi
murih ridlanipun Allah. Wosing atur mboten sanes sumangga patrap anggen
kita ngrungkebi agami Islam sarta anggen kita taqwa dhateng Allah punika
ingkang saestu, sawetahipun, lan saleres-leresipun sahengga kapribaden kita
dados kapribaden Islam ingkang badhe mujudaken bebrayaning masyarakat umat
Islam sayektosipun. Masyarakat ingkang pratapipun saget mangayu hayuning
bawana, tata titi tentrem karta raharja, bekja fi dunya wal akhirah, amin ya
rabbal alamin. Mugi mugi kita tansah kaparingan pitedahipun Allah tansah waged
nindakaken amal ibadah kanti ikhlas namung kerana nggayuh karidlan saking ngarsa
dalem Allah Ta'ala. Amin.
0 Komentar