Subscribe Us

Atur Pambagya Harja Supitan/Sunatan/Khitan

SantriOne.com | Atur Pambagya Harja adalah sebuah sambutan resmi dalam acara/hajatan tradisional dalam adat Jawa, biasanya disampaikan oleh seseorang yang menjadi perwakilan dari keluarga atau tokoh adat setempat, berikut ini kami sampaikan salah satu contoh sambutan bahasa Jawa untuk acara khitanan/sunatan/supitan, semoga bermanfaat. 


Atur Pambagya Harja Supitan/Sunatan/Khitan

Contoh Sambutan Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum warrahmatulllahi wabarakatuh 

Atur Pambagya Harja Supitan/Sunatan/Khitan - Kawula nuwun dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten. Menapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri, ingkang dahat kalingga murdaning akrami. 

Katentreman, kabagyan saha karahayon kagunganipun Gusti Ingkang Maha Mirah,  mugi tansah lumintu dhumateng panjenengan sadaya, hangluberana dhumateng kawula. Kanthi linambaran pepayung budi rahayu sinartan hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi mugi pinarengna kawula cumanthaka mangrurah pradataning pasamuan, labet kawula badhe minangkani panyuwunipun kadang kula anem adhimas Masruri sarimbit garwa, kinen hangaturaken menggah wudharing gantha, babaring sedya wigatosing gati pahargyan prasaja ing ratri kalenggahan punika.


Atur Pambagya Harja Supitan/Sunatan/Khitan - Minangka purwakaning atur sinawung raos bombong saha mongkoking manah, adhimas Masruri ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit karawuhan panjenengan sami. Ing saklajengipun mugi sakecakna pinarak ing palenggahan, kanthi mardu-mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan. Wondene menggah wosing gati, gatining sedya wontenipun pahargyan prasaja ing dalu kalenggahan punika, sanadyan sampun kawuningan ing serat sedhahan miwah ing warta ingkang binandhung ing karna, namung dereng lega raosing manah menawi dereng kaaturaken wonten ngarsanipun para tamu ngiras pantes nyuwunaken tambahing puji donga lan pangestu.

 

Atur Pambagya Harja Supitan/Sunatan/Khitan - Inggih awit saking rahmating Gusti, saha sinurung puji donga saking para sepuh, kadang kula anem adhimas Masruri sampun kalampahan nindakaken kuwajibanipun tiyang sepuh, ingkang ginandhuhan atmaja kakung sampun ndungkap wahyaning dewasa, mila hanggadhahi kuwajiban netepi dhawuhing agami, ngislamaken/nyupitaken putra kakung ingkang pambayun naminipun Ahmad Abdul Ghany. Wondene tumapaking pugut rejang hernowo supit, sampun kelampahan kalawau sonten wanci tabuh gangsal, kanthi rahayu wilujeng kalis ing sambekala, awit saking pangayomaning Gusti. Ingkang punika adhimas Masruri kekalih nyuwun tambahing donga pamuji, mugi-mugi anak kula Ahmad Abdul Ghany enggal saras saking panandhang, miwah ical sukerta papa cintrakanipun, kantuna manggih bagya mulya, dados lare ingkang susila, utama, miwah piguna dhumateng bangsa, murakabi dhumateng sesami.

 

Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha panjenenganipun para tamu ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman ingkang punika kadang kula anem adhimas Masruri kekalih, ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.

 

Atur Pambagya Harja Supitan/Sunatan/Khitan - Minangka puputing atur, sanadyan pahargyan punika ing tebih saderengipun sampun rinantam, ewa semanten taksih wonten kekiranganipun inggih awit saking rupeg lan cupeting kawontenan ingkang sarwa prasaja, lugas datanpa pepaes, miwah boja krama ingkang boten saged anuju prana, anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, suguh ingkang kirang lawuh, anggen kawula hanampi menggah kerawuhan panjenengan sami, mawantu-wantu panjenenganipun adhimas Masruri nyenyadhang lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kawula ingkang piniji mangarsa ngabyantara para tamu, hambok bilih wonten kirang subasita, anggen kawula magut wicara, hangrakit basa kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura.

Akhiru kalam billahi taufik wal hidayah,

Wassalamu 'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh. 


Contoh Sambutan Atur Pambagya Harja Acara Supitan/Sunatan/Khitan



ATAU BACA ARTIKEL SERUPA LAINNYA :


    SantriOne.com | Contoh Sambutan Bahasa Jawa Demikian artikel dengan judul contoh Atur Pambagya Harja Acara Supitan/Sunatan/Khitanan,baca juga artikel selanjutnya, jangan lupa klik share untuk berbagi artikel ini agar lebih banyak sahabat kita yang mendapatkan manfaatnya.  

Posting Komentar

0 Komentar