Khutbah Jumat Bahasa Jawa Akhir Bulan Sya’ban, Tema :Menyambut Bulan Ramadhan 1442 H. - Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya, Monggo tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah kanti berusaha supados ibadah kito soyo meningkat, sedoyo perintahipun Allah kanthi sekuat tenaga sageto kito lampahi serto ambudi daya amrih sedaya awisanipun saget kitho tilar, minongko dados tekad soho sarono kitho sedoyo angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ing pangangkah kitho sedoyo kalebet kawulo-kawulo nipun Allah ingkang tansah tumidak sahe soho pinaringan khusnul khatimah.
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Akhir Bulan Sya’ban,

Tema : Menyambut Bulan Ramadhan 1442 H.
Oleh Ustadz Ali Wafa
Kados dawuhipun Allah :
يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا
اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
“He wong wong kang pada iman, pada wediyo siro kabeh ing
Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan ojo mati temenan siro
kabeh kejobo siro kabeh dadi wong Islam” .(QS. Ali Imran 102).
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Akhir Bulan Sya’ban, Tema :Menyambut Bulan Ramadhan 1442 H. - Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya, Mboten dangu malih kitho sampun bade lumebet ing wulan suci Ramadhan, sak mestinipun kitho cawis cawis kangge ngadepi kewajiban kitho nindakaken shiyam wonten wulan ramadhan. Sikap mental lan manah kitho kedah dipun siapaken, jalaran mboten sekedik umat Islam ingkang nampi kewajiban siyam Ramadhan punika kanti kepekso. Pramila mangga kitho adepi wulan suci lan kewajiban punika kanti manah bingah saha ridla, remen nindakaken kewajiban saking ngarsanipun Allah. Sebab bingah kemawon sampun ageng faedahipun, Kanjeng Nabi sampun dawuh :
مَـنْ فـَرِحَ بــِدُخُوْلِ رمضانَ حَرَّمَ
اللهُ جَسَدَهُ عَلىَ النِّيْرانِ
“Sing sopo wonge bungah sebab tekane wulan Ramadlan, mangka Allah ngaramake jasade
wong kui sangka siksa neraka”
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Kanjeng Nabi Muhammad SAW, wonten akhir bulan sya’ban,
biasanipun ndawuh aken:
يـا أَيـُّهـَا الـنَّـاسُ قَــدْ أَظَـلَّــكُـمْ
شَــهْـرٌ عَـظِــيْـمٌ مُـبــارَكٌ ، شَــهْـرٌ فِــيْـهِ لـَـيْـلَـةُ الْــقَــدْرِ
خَـيْـرٌ مِـنْ ألــفِ شَــهْـرٍ ، جَـعَـلَ اللـهُ صِـيـَـامَـه فَـرِيـْـضَـةً ، وقـيــامَ لَـيْـلِـهِ
تـَطَـوُّعـًا . مَـنْ تَـقَــرَّبَ فـيـه بـِخَـصْـلَـةٍ مِـنْ خِـصـَـالِ الْـخـَيْر
كَانَ كَـمَـنْ أَدَّى فـَريــضَـةً فِـيـمـا
سِـوَاهُ . ومَـنْ أَدَّى فـَريــضَـةً كَان كَـمَـنْ أَدَّى سَـبْعِـيْـنَ فَـرِيـْـضَـةً
فـيـمـا سـواه ، هُـوَ شَــهْـرُ الـصَّــبْـرِ ، و الـصَّــبْـرُ ثـَواَبـُه الـجَـنّة
، وَشَـهْــرٌ الـمُـواسـاةِ وشـهــرٌ يـُــزَادُ
فـيـه الـرِّزْقُ
“He poro manungso, temenan bakal tumeko sawijining wulan
kang agung, kang dibarokahi, kang mayungi marang siro kabeh, yoiku wulan
Ramadhan, ing wulan Ramadhan kuwi ana sawijining wengi kan diarani Lailatul
Qadar, kang kautamane ngungkuli sewu wulan, Allah wis majibake poso ing sasi
kuwi, lan disunatake shalat wengi ing
sasi kuwi, sing sopo wonge taqarrub ngibadah amrih caket marang Allah, ana ing
sak sejerone wulan mau, kelawan ngamal ngamal ibadah sunnah mangko koyo nindakake
ibadah fardlu ing sak jerone sasi liyane, Lan sing sopo wongwe ngibadah fardlu
siji ing wulan Ramadhan, mangka koyo koyo ngibadah pitung puluh fardlu ing sasi
liyane . Lan sasi Ramadhan iku sasi sabar, dene sabar iku ganjarane swargo,
Ramadhan iku sasi kang kanggo asih asihan, Lan sasi Ramadhan iki mangsane
ditambahi peparinge rizki”
(HR.Ibnu Khuzaimah, lan Baihaqi).
Saget dipun simpulaken, saking welasipun dateng kitho,
wonten wulan Ramadhan Gusti Allah paring obral ganjaran. Ibadah Sunah dipun
tikel-tikelaken ganjaripun kados ibadah fardhu. Ngelakoni ibadah fardhu ganjare
ditikel-tikelaken ngantos ping pitungpuluh (70). Semanten agung kanugrahan
peparingipun Allah ingkang kaparingaken ing sak lebetipun wulan Ramadlan, tentu
eman sanget tumrap tiyang mukmin menawi ngantos mboten nampi lan nanggapi
kanugerahan ageng paringipun Allah menika.
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Akhir Bulan Sya’ban, Tema :Menyambut Bulan Ramadhan 1442 H. - Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya, Gegayutan kalihan persiapan kitho sedoyo kagem menyambut bulan ingkang mulyo meniko, Syaikh Abdul Qodir al-Jaelani wonten kitab al-Ghuniyah ndawuhaken, supados kitho ngatah-ngatahkan istighfar, taubat, nyuwun pangapunteng dateng Allah SWT. Imam al-Ghazali wonten kitab Minhajul Abidin, ndawuhaken, bilih diantara fungsi taubat meniko wonten kalih. Sepisan; Supoyo diparingi enteng/akas nindakaken ibadah. Langkung-langkung wonten ing wulan ramadhan, kitho sedoyo tansah kepengin saget enteng, akas, soho rikat anggen ibadah kranten agengipun fadhilah wulan ramadhan meniko. Kapindo, faedahe taubat, nyuwun pangapunten dateng Allah lan ugi nyuwun pangapuro karo sepodo-podo, supoyo ibadahe dewe ora muspro alias kersane ibadah kitho dipun tampi deneng Allah SWT. Imam al-Ghazali paring gambaran mekaten, wong ngibadah nanging ora gelem tauabat, podo karo nyuguh daharan/minuman dateng dayoh/tamu, terus daharan/minuman meniko ketetesan kringet utowo kotoran sanesipun. Menopo tamu meniko purun dahar utawi ngunjuk daharan/minuman ingkang ketetesan kringet utawi kotoran kalowau? Tamtu kemawon, mboten. Semanten ugi, menawi kitho ibadah langkung-langkung wonten saklebetipun wulan ramadhon, menawi mboten dipun rumiyini kalian taubat, tangeh lamun menawi dipun tampi deneng Allah SWT.
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Akhir Bulan Sya’ban, Tema :Menyambut Bulan Ramadhan 1442 H. - Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya, Mugi mugi Allah maringono pitulung lan pitedah dateng kitho sedaya, saget tumandang nindakaken jejibahan shiyam kanti enteng lan maqbul ing ngarsanipun Allah Ta’ala.
بارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ
الْكَرِيْمِ ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ ، إِنَّهُ
هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ ، قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ ، أَعُـوْذُ
بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ ،
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً
طَيِّبَةً ، وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ
Khuthbah
Kedua
اَلْحَمْدُ ِللهِ,،
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي خَلَقَ اْلأَشْيَآءَ ، أَحْمَـدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى
حَمْدَ مَنْ عُفِيَ مِنَ الْبَلاَءِ ، أَشْهَدُ أَنْ لآ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ
لآ شَـرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْ قَائِلَهَـا يَوْمَ الْجَـزَاءِ ، وَأَشْـهَدُ
أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَتْقَى اْلأَتْقِيآءِ ، أَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الرُّسُلِ وَاْلأَنْبِيآءِ
، وَعَلَى آلِهِ الْكَرَمآءِ ، وَأَصْحَابِهِ اْلأَصْفِيآءِ ، وَمَنْ تُبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ
إِلَى يَوْمِ اللِّقَاءِ ، أَمَّا بَعْدُ . فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ
بِتَقْوَى اللهِ وَأَشْـكُرُهُ عَلَى تَوَالِي النَّعَمآءِ
وَاعْلَمُوْا أَنَّ
اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا ، فَقَالَ جَلَّ جَلاَلُهُ : إِنَّ اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ ، يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا
عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ ،
وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ ، وَارْحَمْنَا
مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ ، اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
وَالْمُؤْمِنَاتِ ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ
مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ ، اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَتَنَا وَأُمَّتَنَا ، وَقُضَاتَنَا
وَعُلَمَاءَنَا وَفُقَهَاءَنَا ، وَمَشَايِخَنَا صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا ، وَاجْعَلْنَا
هُدَاةَ مُهْتَدِيْنَ.
اَللَّهُمَّ اْنصُرْ
مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ ، وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ ، أَللَّهُمَّ أَهْلِكْ
أَعْدَاءَ الدِّيْنَ ،وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ ، وَفُكَّ أَسْرَ
الْمَأْسُوْرِيْنَ ، وَفَرِّجْ عَنِ الْمَكْرُوْبِيْنَ ، وَاقْـضِ الدَّيْنَ عَلَى
الْمَدْيُوْنِيـْنَ ، وَاكْتُبِ اللَّهُمَّ السَّلاَمَةَ عَلَيْنَا ، وَعَلَى الْغُزَّاةِ
وَالْمُجَاهِدِيْنَ وَالْمُسَافِرِيْنَ ، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ.
اَللهُمَّ ادْفَعْ
عَنَّا الْغَلَاءَ ، وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ ، وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ
وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَة ، وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا
بَطَنَ ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً ، وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً
، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
رَبَّنَا اغْفِرْ
لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالإِيـْمَانِ ، وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ
قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْم
عِبَادَ اللهِ
، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى
عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ
، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ
وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Berikut ini adalah DAFTAR ISI LENGKAP KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2022.
Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak.
Demikian artikel yang berisi kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2022, semoga bermanfaat, Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak
Berikut ini adalah DAFTAR ISI LENGKAP KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2022.
Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak.
Demikian artikel yang berisi kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2022, semoga bermanfaat, Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak

0 Komentar