Subscribe Us

Bag.2 (Lanjutan...) Atur Pambagya Harja Sepekenan / Selapanan Bayi

SantriOne.com | Lanjutan : Atur Pambagya Harja Sepekenan / Selapanan Bayi - Artikel ini adalah lanjutan dari artikel sebelumnya, bagi yang belum membaca artikel Pertama, silahkan klik link berikut : https://www.santrione.com/2022/07/Atur%20Pambagya%20Harja%20SepekenanSelapanan%20Bayi%20%20Contoh%20Sambutan%20Bahasa%20Jawa.html



Atur Pambagya Harja Sepekenan / Selapanan Bayi

Atur Pambagya Harja Sepekenan / Selapanan Bayi

Atur Pambagya Harja Sepekenan / Selapanan Bayi


SantriONE.com – Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi saha kinabekten. Punapadene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri, ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

 

Katentreman kabagyan saha karahayon kagunganipun Gusti Ingkang Maha Mirah, mugi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sedaya, hangluberana dhumateng kawula.

Atur Pambagya Harja Sepekenan / Selapanan Bayi – Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, mugi pinarengna kawula cumanthaka marak wawan pangandikan, inggih awit mradapa keparengipun minangka talanging basa, kinen hangaturaken menggah wigatosing gati pahargyan prasaja ing dalu kalenggahan punika.

 

Minangka purwakaning atur ngaturaken pambagya sugeng rawuh sinartan agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene panjenenganipun para tamu sampun jurung wungon tirakat wonten ing dalu punika, mracihnani bilih semanten agenging raos sih katresnan panjenengan dhumateng adhimas Masruri sakkulawarga. Ing saklajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, saperlu nglajengaken wungon tirakat sakeparengipun. 




SantriONE.com – Wondene menggah wigatosing gati wontenipun pahargyan prasaja ing dalu kalenggahan punika, keparenga ngaturi wuninga bilih rikala dinten Rabu surya kaping wolu wanci tabuh nenem wonten ing Desa Babakan kadang anem kula adhimas Gunawan Muhamad pinaringan momongan mijil jalu, ingkang ing dalu kalenggahan punika kaleres jangkep sepekanipun. Ibu dalah ponang jabang bayi, kaparingan rahayu wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa. Wondene pun jabang bayi kaparingan tetenger Muhammad Nurdin Ilham, ingkang punika dhumateng panjenenganipun para tamu keparenga paring tambahing donga pamuji, mugi-mugi kadang kula anem adhimas Masruri sakukuban, tansah pinaringan rahmating Pangeran saha pun jabang bayi ing akhir dewasanipun dadosa lare ingkang utami bekti dhumateng Gusti punapa dene tiyang sepah, miwah piguna dhumateng nusa lan bangsa murakabi dhumateng sesami.

Atur Pambagya Harja Sepekenan / Selapanan Bayi – Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning boja krami, anggen kawula hanampi menggah karawuhan panjenengan sami inggih ingkang nata palenggahan atur pasugatan punapadene para putra anggenipun atur leladi kirang mranani ing penggalih, mawantu-wantu kadang kula anem adhimas Masruri nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

 

Semanten ugi kawula minangka talanging basa hambok bilih wonten keladuking patrap lan pangucap, tuna dungkaping paramasastra ingkang boten anuju prana, kupat duduhe santen menawi lepat nyuwun pangapunten.

 

Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh.

Atur Pambagya Harja Sepekenan / Selapanan Bayi – Demikian artikel dengan judul contoh Atur Pambagya Harja Sepekenan / Selapanan Bayi yang kami ambil dari Buku Ugeman Basa Jawa terbitan SantriOne yang berisi lengkap kumpulan contoh-contoh Pidato Bahasa Jawa, Sambutan-sambutan, Pembawa Acara/MC, Surat Undangan, Khutbah, Kultum, dan lain-lain lengkap untuk berbagai acara dalam adat Jawa seperti : pernikahan, kelahiran, pengajian, sunatan/khitanan, aqiqah, kematian, dan acara-acara lainnya. Buku Ugeman Basa Jawa ini diterbitkan dalam format EBook dan Buku Softcover, bagi anda yang berminat memilikinya silahkan pesan melalui email : info.jengkar@gmail.com


ATAU BACA ARTIKEL SERUPA LAINNYA :



Posting Komentar

0 Komentar