Subscribe Us

220218 - "Nedya Gegancangan Wonten Ing Babagan Nindakaken Kesaenan", Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 18 Februari 2022

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 28 Mei 2021

 Khutbah Jumat Bahasa Jawa

SantriONE.com – Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 18 Februari 2022 - Nedya Gegancangan Wonten Ing Babagan Nindakaken Kesaenan

KHUTBAH PERTAMA

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِي اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.

يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛

Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.

Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.

Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in

Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima

Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun

Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum

Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun. 

"Nedya Gegancangan Wonten Ing Babagan Nindakaken Kesaenan" 

SantriONE.com – Minangka pambukaning khutbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos  ing kesempatan Jum’ah siang punika kita saget nindakaken pangibadahan dumateng Allah SWT nggih punika Sholat Jamaah Jum’at. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siang punika saget katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat, amin ya rabbal ‘alamin. Sholawat saha salam mugi katetepna dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW.

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 18 Februari 2022 - Jamaah Jumah Rahimakumullah, Keparenga kula caos pangemut-emut khususipun dhumateng kula piyambak sumrambah dumateng sedaya jamaah, sumangga sampun ngantos kendel utawi kendhat anggen kita terus usaha lan ikhtiyar murih saya ningkatipun taqwa kita dhumateng Allah SWT. Awit selaku tiyang mukmin kita kedah saget anggadhai aqidah ingkat kiyat, keimanan ingkang teguh, sahingga kanthi iman saha taqwa ingkang kiyat lan tegun, kita sedaya saged pikantuk predikat tiyang ingkang paling mulya ing ngarsanipun Allah. Makaten ingkang dipun dhawuhaken Allah wanten ing Kitab Sucinipun, Al-Qur’an Surat Al-Hujarat ayat 13 : “Satemene wong kang paling mulya ing ngarsane Allah, ing antarane sira kabeh, yaiku wong kang paling taqwa marang Panjenengane”.

Mugi-mugi ayat dhawuhipun Allah punika saged saya nambahi gumregah lan gumregut ing semangat kita anggenipun badhe terus ningkataken ketaqwaan kita dhumateng Allah sarana nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisan-awisanipun. Ing saklajengipun Allah ngendika wonten ing Surat Al Imran ayat 102 : “E wong-wong kang iman,  Sira kabeh padha taqwa-a marang Allah kanthi taqwa kang sabener-benere ! Lan sira kabeh aja pisa-pisan mati kejaba tetep dadi wong Islam”.

 

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 18 Februari 2022 - Jamaah Jumah Rahimakumullah, Ayat punika mengku tigang warni tuntunan ingkang wajib kita tingkataken terus menerus. Inggih punika iman, taqwa lan Islam. Lang minangka pengejawantah utawi panjelmaning iman, taqwa lan Islam punika kedah dipun buktekaken kanthi pengamalan. Awit, iman, tqwa lan Islam ingkang tanpa pengamalan sanes iman, sanes taqwa lan sanes Islam naminipun. Punika naminipun pengakenan tanpa bukti, utawi pengakenan palsu. Wonten satunggaling hadist ngendikanipun Rasulullah saw ingkang nyebadaken : “Saktemene Allah ora mirsani marang awak-awakmu lan rupamu, ananging mirsani marang ati-atimu lan amal-amal tumindakmu”. Boten namung hadits kemawon, nanging ayat Al-Qur’an , ugi boten sekedik ingkang nerangaken bab peranan lan pentingipun amal. Malah wonten satunggaling ayat Al-Qur’an ingkang negasaken bilih bandha donya lan anak akhiripun boten wonten ginanipun. Namung amal shalih ingkang manfaati tumrap manungsanipun ingkang nindakaken amal kalawau. Allah SWT ngendika makaten : “Bandha donya lan anak iku pepaesing urip kadonyan. Lan amal-amal shaleh iku mujudake ganjaran lan pengarep-arep kang paling utama menggahe Pengeranira”.

 

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 18 Februari 2022 - Jamaah Jumah Rahimakumullah, Kanthi ayat punika sampun jelas sanget tumrapipun kita sedaya. Mila kanthi ayat dhawuh pangandikanipun Allah punika, sumangga kita tingkataken terus amal kesaenan kita kanthi dipun landesi niat ingkang ikhlas lillahi ta’ala. Lan ing babagan ningkataken amal kesaenan punika Rasulullah SAW sampun paring tuntunan lan piwucal makaten : “Sing sapa wonge amal tumindake ing dina iki luwih becik tinimbang amal tumindake ing dina wingi, wong mau saktemene wong kang untung (bathi). Lan sing sapa wonge amal tumindake ing dina iki padha karo amal tumindake ing dina wingi, mangka wong mau wong kang rugi. Lan sing sapa wonge amal tumindake ing dina iki luwih ala tinimbang tumindake ing dina wingi, wong kang mangkono iku wong kang dilaknati dening Allah” (Al-Hadits).

Bilih kita pahami, Rasulullah merang-merang manungsa dados tigang perangan. Inggih punika : 1. Tiyang ingkang untung. 2. Tiyang ingkang rugi. 3 tiyang ingkang badhe manggih bendunipun Allah. Wondene tiyang ingkang bathi inggih punika tiyang ingkang amal tumindakipun ing dinten punika langkung sae tinimbang amal tumindakipun ing dinten wingi. Mila saking punika, kita sedaya wajib tansah mbudidaya lan ihtiyar ingkang supadas amal tumindak kita punika saya dangu saya tambah meningkat sae, inggih punika amal tumindak ingkang dipun ridlani dening Allah swt.

Sumangga kita tingkataken kewaspadan tuwin pangatos-atos kita, murih gesang kita wonten ing donya ingkang namung sepisan punika sageda sukses, klebet gesang ingkang dipun ridlani dening Allah SWT, amargi saking perbuatan kita ingkang sae, ingkang yen manut istilah agami dipun sebat amal shalih. Inggih punika amal ingkang namung saget dipun tindakaken dening tiyang-tiyang ingkang iman kemawon. Kados kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Bayyinah ayat 7 “Saktemene wong-wong kang iman kang padha nindakake amal shalih, yaiku sabecik-becike makhluke Allah”.

Wondene tiyang-tiyang ingkang kufur dhateng ayat-ayat utawi tandha-tandha keluhuranipun Allah, ingkang kesasar amal usahanipun wonten ing ndonya, lan ingkang nerak awisanipun Allah, nasibipun tiyang-tiyang makaten punika ugi sampun dipunjelasaken wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Bayyinah ayat 6 :“Saktemene wong-wong kafir saka ahli kitab lan wong-wong musyrik iku padha kelebokake ana ing sajrone neraka jahanam kanthi langgeng abadi salawas-lawase. Wong-wong mau yaiku sa ala-alane makhluke Allah”.

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 18 Februari 2022 - Jamaah Jumah Rahimakumullah, Makaten sekedik atur keterangan ingkang wonten hubunganipun kaliyan bab amal, mugi-mugi saget nambahi kesadaran kita sedaya, tuwin kabikaipun manah kita, satemah saget mahanani lan ndorong kita sedaya dados tiyang ingkang tansah nedya gegancangan wonten ing babagan nindakaken kesaenan. Sahingga kita kagolong tiyang ingkang begjo ing ndonya ngantos dumugi ing akhirat mbenjang, amin ya rabbal ‘alamin.

Berikut ini adalah DAFTAR ISI LENGKAP KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2022

Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak.

 


    Demikian artikel yang berisi kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2022, semoga bermanfaat, Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak

Posting Komentar

0 Komentar